1Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh iku, banjur minggah ing gunung lan sawise lenggah, para sakabate padha ngadhep ing ngarsane. 2Tumuli Gusti Yesus medhar pangandika, paring piwulang, pangandikane:
3“Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit iku kang padha nduweni Kraton ing Swarga.
4 Rahayu wong kang prihatin, awit iku bakal padha kalipur.
5 Rahayu wong kang alus ing budi, awit iku bakal padha tampa warisan bumi.
6 Rahayu wong kang kaluwen lan ngelak marang kasampurnan, awit iku kang bakal padha kawaregan.
7Rahayu wong kang ambek welasan, awit iku bakal padha oleh piwelas.
8 Rahayu wong kang resik atine, awit iku bakal padha sumurup marang Allah.
9Rahayu wong kang dhemen ngrukunake, awit iku bakal padha kasebut para putraning Allah.
10 Rahayu wong kang dikaniaya marga saka kayekten, awit iku kang padha nduweni Kratoning Swarga.
11 Rahayu kowe, manawa marga saka Aku kowe diwewada lan dikaniaya sarta dipitenah.
12 Padha bungaha lan sukarenaa, sabab gedhe ganjaranmu ana ing swarga, awit iya kaya mangkono anggone wong-wong padha nganiaya para nabi sadurunge kowe.”
Bab uyahing bumi lan pepadhanging jagad
5:13-16
13 “Kowe iku padha dadi uyahing bumi. Lah yen uyah iku ilang asine, apa kang kanggo mulihake asine? Wis ora ana gunane maneh kajaba mung dibuwang lan diidak-idak ing wong.
14 Kowe iku padha dadi pepadhanging jagad. Kutha kang ana ing dhuwur gunung iku ora bisa kaling-kalingan. 15Lan maneh wong nyumed diyan iku ora banjur dikurebi tompo, nanging ditumpangake ing jodhog, supaya bisa madhangi wong saomah kabeh. 16Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu kang ana ing swarga.”
BAB NETEPI ANGGER-ANGGER
5:17-48
Bab kabeneran kang sampurna
5:17-20
17“Kowe aja padha duwe pangira, yen tekaKu iku arep nyuwak Toret utawa kitabe para nabi. TekaKu ora nyuwak, nanging malah nindakake. 18Awit satemene pituturKu marang kowe: Nganti sirnane langit lan bumi iki, angger-angger ora bakal sirna saiyot utawa sacorek, sadurunge iku kabeh kalakon. 19Mulane sing sapa ngorakake salah sawijining pepakon iki, sanadyan kang cilik dhewe, sarta memulang mangkono marang wong, iku bakal oleh papan kang asor dhewe ana ing Kratoning Swarga. Nanging sing sapa nindakake lan mulangake kabeh pepakoning Toret, iku bakal oleh papan kang dhuwur ana ing Kratoning Swarga. 20Mulane pituturKu marang kowe: Manawa kasampurnanmu ora ngungkuli kabeneraning para ngulama lan para wong Farisi, kowe mesthi ora bakal lumebu Kratoning Swarga.”
Bab memateni
5:21-26
21 “Kowe wus padha krungu, yen para leluhur padha kaparingan pangandika mangkene: Sira aja memateni, sing sapa memateni kudu diukum. 22Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa nepsu marang sadulure, kudu diukum; sing sapa ngunekake sadulure: kapir, kudu diukum dening pangadilan agama, lan sing sapa ngunekake: gemblung, mesthi kacemplungake ing naraka murub.
23Mulane manawa kowe nggawa pisungsung menyang misbyah, mangka banjur kelingan yen sadulurmu lagi sengit karo kowe, 24pisungsungmu tinggalen ana ing ngarepe misbyah kono, nuli maranana sadulurmu mau, rukuna dhisik, sawuse banjur balia, nyaosna pisungsungmu.
25Endang rukuna karo lelawananmu nalika lagi lumaku bebarengan menyang pangadilan, supaya kowe aja nganti diladekake dening lelawananmu mau marang jaksa, jaksa banjur masrahake kowe marang pambantune, temahan kowe dilebokake ing pakunjaran. 26Satemene pituturKu marang kowe: kowe ora bakal metu saka ing kono, sadurunge kowe nyaur utangmu nganti sah.”
Bab laku jina
5:27-32
27 “Kowe wus padha krungu pangandika mangkene: Sira aja laku jina! 28Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa mandeng wong wadon kalawan nduweni krenteg marang dheweke, iku wus laku jina sajroning atine. 29Mulane manawa mripatmu tengen dadi jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka. 30Lan maneh manawa tanganmu tengen dadi jalaraning piala, kethoken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka.
31 Uga ana pangandika mangkene: Sing sapa megat bojone, kudu menehi layang pegat. 32Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat bojone ora jalaran saka laku jina, iku ndadekake bojone laku jina lan sing sapa ngrabeni wong wadon mau, dadi laku jina.”
Bab supata
5:33-37
33 “Kowe wus padha krungu, yen para leluhur padha tampa pangandika mangkene: Aja nglairake sumpah palsu, nanging tetepana sumpahira ana ing ngarsaning Pangeran. 34Nanging Aku malah pitutur marang kowe: Aja supata babar pisan, dadia demi swarga, awit iku dhamparing Allah, 35dadia demi bumi, awit iku ancik-anciking sampeyane, dadia demi Yerusalem, awit iku kuthane Sang Nata Agung. 36Iya aja supata demi sirahmu, awit kowe ora bisa mutihake utawa ngirengake rambutmu saeler bae. 37Yen iya, kandhaa: iya, yen ora, kandhaa: ora. Saluwihe saka iku, asale saka pangawak dursila.”
Bab wewales
5:38-42
38 “Kowe wus padha krungu pangandika mangkene: Mripat winales mripat, untu winales untu. 39Nanging Aku pitutur marang kowe: Kowe aja nglawan marang wong kang gawe piala marang kowe, malah sapa kang nangani pipimu tengen, pipimu kiwa uga ulungna pisan. 40Lan manawa ana wong kang arep prakaran karo kowe, sedyane ngepek klambimu, jubahmu pasrahna pisan. 41Apadene manawa kowe dipeksa dikon ngiringake lakune wong samil, iringna nganti rong mil. 42Yen ana wong njejaluk marang kowe, wenehana lan aja nulak wong kang arep utang marang kowe.”
Bab tresna ing sapadha-padha
5:43-48
43 “Kowe iya wus padha krungu pangandika: Sira tresnaa marang sapepadhanira lan sengita marang mungsuhira! 44Nanging Aku malah pitutur marang kowe: Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowe padha dongakna slamet, 45supaya kowe padha katitika, yen dadi putrane Ramamu kang ana ing swarga, kang mlethekake srengenge marang wong ala lan wong becik, sarta nurunake udan marang wong kang ambek adil lan kang ora. 46Dene manawa kowe tresna marang wong kang nresnani kowe, iku kowe oleh pituwas apa? Para juru-mupu-beya rak ya tumindak mangkono, ta? 47Lan manawa kowe aweh salam mung marang sadulur-sadulurmu bae, kaluwihanmu apa? Wong kapir rak ya tumindak mangkono, ta? 48Mulane kowe padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna.”
“Padha dieling, aja padha nglakoni kawajibaning agamamu ana ing sangareping wong, supaya katona ing wong iku, awit yen mangkono, kowe ora bakal oleh peparing apa-apa saka Ramamu kang ana ing swarga. 2Mulane yen kowe dedana, aja kokjuwarakake kaya adate para wong lamis ana ing papan-papan pangibadah lan ing lurung-lurung, pamrihe supaya dialem ing wong. Satemene Aku pitutur marang kowe, iku wus padha tampa pituwase. 3Nanging manawa kowe dedana, tanganmu kiwa aja nganti sumurup apa kang ditindakake tanganmu tengen. 4Dadi anggonmu dedana iku aja nganti katon; Ramamu kang nguningani tindakmu kang ora katon iku, bakal paring piwales marang kowe.”
Bab ndedonga
6:5-15
5 “Dene manawa kowe padha ndedonga, aja kaya para wong lamis, amarga iku padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ing papan-apan pangibadah lan ing pojok-pojoking lurung, pamurihe supaya katona ing wong. Satemene pituturKu marang kowe: Iku wus padha tampa pituwase. 6Nanging manawa kowe ndedonga, lumebua ing kamarmu, lawange inebna, banjur ndedongaa marang Ramamu kang ora katon. Dene Ramamu kang mirsa tindakmu kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.
7Apamaneh, sajrone ndedonga, aja nganggo tembung akeh-akeh kaya adate wong kapir, awit iku padha nduweni pangira, yen marga saka akehing tembunge, pandongane bakal kabul. 8Dadi aja tiru-tiru wong iku, awit Ramamu mirsa apa sing kokbutuhake, sadurunge kowe matur. 9Marga saka iku ndedongaa mangkene:
Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga,
Asma Paduka mugi kasucekaken.
10Kraton Paduka mugi rawuh.
Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi
kadosdene wonten ing swarga.
11Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika.
12Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.
13Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. [Awitdene Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun. Amin.]
14 Sabab, manawa kowe padha ngapura kaluputaning wong, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura marang kowe. 15Nanging manawa kowe ora ngapura marang wong, Ramamu iya bakal ora ngapura kaluputanmu.”
Bab pasa
6:16-18
16“Anadene manawa kowe padha pasa, ulatmu aja kokgawe aclum kaya para wong lamis, awit iku padha nyengungusake ulate, supaya wong-wong padha weruh yen lagi pasa. Satemene pituturKu marang kowe: iku wus padha tampa pituwase. 17Nanging kowe manawa pasa, sirahmu lenganana lan raupa, 18supaya anggonmu pasa aja katara marang wong, ngemungna kauningan ing Ramamu kang ana ing papan kang ora katon. Ing mengko Ramamu kang mirsa kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.”
Bab nglumpukake bandha lan bab diyaning badan
6:19-23
19 “Aja padha nglumpukake bandha ana ing donya; ana ing donya bakal kena ing renget lan taiyeng kang ngrusak, sarta bisa katekan maling kang mbabah lan nyolong. 20Nanging padha nglumpukna bandha ing swarga, kang ora bakal kena ing renget lan taiyeng kang ngrusak lan ora bakal katekan maling kang mbabah lan nyolong. 21Amarga ing ngendi dununge bandhamu, iya ana ing kono dununge atimu.
22 Diyaning badan iku mripat; manawa mripatmu waras, badanmu sakojur kapadhangan. 23Nanging manawa mripatmu cacad, badanmu dadi peteng kabeh. Dadi manawa pepadhang kang ana ing kowe dadi peteng, saiba ta petenge iku.”
Bab ngrangkep pangawulan lan bab sumelang
6:24-34
24“Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarane kang siji bakal disengiti; sijine ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Kowe ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.
25Mulane Aku pitutur marang kowe: Aja padha sumelang ing bab uripmu, bab apa kang bakal kokpangan utawa kokombe, lan bab badanmu, apa kang bakal kokanggo. Ajine urip iku apa ora ngungkuli pangan, lan ajine badan ngungkuli sandhangan? 26Padha delengen manuk-manuk ing awang-awang, padha ora nyenyebar lan ora derep, sarta ora tetandho ana ing lumbung, ewadene padha kaparingan pakan dening Ramamu kang ana ing swarga. Apa kowe ora kinacek luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku? 27Sapa ta panunggalanmu kang bisa nyambungi umure saasta bae marga saka sumelang? 28Mangkono maneh yagene kowe padha sumelang bab sandhang-panganggo? Padha nyawanga kembang bakung ing ara-ara anggone tumuwuh, ora nganggo nyambut-gawe lan ngantih. 29Ewadene Aku pitutur marang kowe: Sanadyan Raja Suleman sajrone sagunging kaluhurane, pangagemane ora madhani salah sawijining kembang iku. 30Mulane yen suket ing ara-ara kang dina iki isih ana, sesuk diobong, iku dipanganggoni nganti kaya mangkono dening Allah, saya maneh kowe, heh, wong kang cupet ing pangandel! 31Awit saka iku aja padha sumelang lan calathu: Kang padha dakpangan apa? Utawa: Kang padha dakombe apa? Lan maneh: Kang padha daksandhang apa? 32Awit iku kabeh diupaya dening para wong kapir; kowe aja mangkono, awit Ramamu ing swarga wus mirsa, yen iku mau kabeh dadi kabutuhanmu. 33Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe. 34Mulane aja padha sumelang ing bab dina sesuk, amarga dina sesuk iku kadunungan kasusahan dhewe. Kasusahan sadina, wus cukup kanggo sadina.”
1“Aja padha netepake alaning wong, supaya kowe iku aja katetepake alamu. 2Amarga wewaton kang kokanggo ngukumi ala-beciking wong, yaiku kang bakal dianggo ngukumi ala-becikmu. Sarta takeran kang kokanggo nenaker, yaiku kang bakal dianggo naker kowe. 3Kapriye dene kowe weruh tatal kang ana ing mripate sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu dhewe, kowe kok ora weruh? 4Kapriye dene kowe kok bisa kandha karo sadulurmu: Coba, tatal sing ana ing mripatmu iku dakilangane, mangka mripatmu dhewe ana glondhonge? 5Heh, wong lamis, ilangana dhisik glondhong sing ana ing mripatmu, mengko kowe bakal kanthi pramana anggonmu ngilangi tatal sing ana ing mripate sadulurmu.”
Bab barang kang suci lan pangaji
7:6
6“Bareng kang suci aja kokwenehake marang asu, lan mutyaramu aja kokuncalake marang ngarepe babi, supaya ora diidak-idak sarta banjur minger nyempal-nyempal kowe.”
Bab ngantepi ing pandonga
7:7-11
7“Padha nyenyuwuna, temah bakal kaparingan. Padha golek-goleka, temah bakal oleh. Padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan. 8Sabab saben wong kang nyuwun, bakal tampa, sing golek bakal oleh lan sing thothok-thothok iku bakal kawenganan lawang. 9Apa ana panunggalanmu kang dijaluki roti anake, kok menehi watu, 10utawa yen dijaluki iwak, kok menehi ula? 11Dadine yen kowe kang ala padha mangreti ing bab paweweh kang becik marang anak-anakmu, saya maneh Ramamu kang ana ing swarga, mesthi peparing kang becik marang wong sing padha nyenyuwun marang Panjenengane.”
Dalan kang bener
12 “Mulane apa sing kokkarepake ing bab tumindake wong marang kowe, iku iya etrapna marang wong, amarga iya mangkono iku surasane Toret lan kitabe para nabi.
13 Padha lumebua metu ing lawang kang ciyut, awit amba lawange lan jembar dalane kang anjog ing karusakan, mangka akeh wong kang padha metu ing kono. 14Kosok baline ciyut lawange lan rupit dalane kang anjog ing urip, mangka mung sathithik wong kang nemu iku.”
Piwulang kang nasar
15“Sing waspada marang para kang mindha-mindha nabi, kang padha nekani kowe kanthi nyamur dadi wedhus gembel, mangka sajatine iku asu ajag kang galak. 16Iku bakale padha katitik marang kowe saka wohe. Apa ana thethukulan eri kok awoh anggur, utawa rerungkudan kok metokake woh anjir? 17Dadine wit kang becik metokake woh becik, wit kang geringen wohe iya ora apik. 18Wit kang becik ora bisa metokake woh kang ala, lan wit kang geringen ora bisa metokake woh kang becik. 19Sarupane wit kang ora metokake woh kang becik, mesthi kategor lan banjur kacemplungake ing geni. 20Dadine wong-wong mau bakal katitik saka wohe.
21Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang Aku: Gusti, Gusti, nanging mung wong kang nglakoni sakarsane RamaKu kang ana ing swarga. 22Ing dina wekasan bakal akeh wong kang padha matur marang Aku: Gusti, Gusti, punapa kawula boten sampun medhar wangsit atas asma Paduka, sarta sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, punapa malih sampun ngawontenaken mukjijat kathah atas asma Paduka? 23Ing wektu iku bakal padha dakblakani mangkene: Aku durung tau wanuh karo kowe. Padha sumingkira saka ing ngarepKu, heh, wong kang padha gawe duraka.”
Bab ngrungokake lan nglakoni
7:24-29
24“Mulane saben wong kang ngrungokake pituturKu lan banjur dilakoni, iku kayadene wong pinter, kang ngadegake omahe ana ing padhasan. 25Bareng udan deres, banjur banjir sarta ana angin gedhe, kang nempuh omah mau, nanging ora ambruk, amarga katalesan ing padhasan. 26Nanging saben wong kang ngrungokake pituturKu mangka ora dilakoni, iku upamane kaya wong kang gemblung, kang ngadegake omahe ana ing pawedhen. 27Bareng udan deres, terus banjir, sarta ana angin gedhe, kang nempuh omah mau banjur ambruk lan banget rusake.”
28 Kacarita, bareng Gusti Yesus wus mungkasi pangandikane iku mau, wong kabeh padha gumun banget marang piwulange, 29jalaran anggone mulang kaya kang kagungan panguwasa, ora kaya para ahli Toret.
1Anadene Rama Yakub iku pamanggene ana ing tanah tilas pamanggone kang rama neneka, iya iku ing tanah Kanaan. 2Iki critane tedhak-turune Rama Yakub. Yusuf nalika umur pitulas taun, dadi isih enom, kulina angon raja-kaya bebarengan karo sadulur-sadulure, anake Bilha lan Zilpa garwane kang rama, sarta Yusuf iku ngaturake marang kang ramane bab pialane para sadulure. 3Rama Israel anggone ngasihi Yusuf ngluwihi para sadulure liyane kabeh, marga Yusuf iku laire nalika Rama Yakub wus sepuh; sarta Yusuf digawekake jubah kang becik banget. 4Bareng sadulure padha ngreti yen kang rama anggone ngasihi Yusuf kinacek karo liyane, temah Yusuf disengiti lan ora gelem ngaruh-aruhi klawan ulat sumeh.
5Ing sawijining dina Yusuf ngimpi, impene mau banjur dicaritakake marang para sadulure, temah sadulure saya mundhak maneh sengite. 6Marga celathune marang para sadulure: “Coba rungokna impen kang dakimpekake iki: 7Aku lan kowe lagi padha mbenteli gandum ana ing pategalan; bentelanku nuli ngadeg jejeg, dene bentelanmu banjur padha teka ngubengi lan sujud nyembah marang bentelanku.” 8Ing kono para sadulure padha ngucap: “Apa kowe kepengin ngratoni aku iki kabeh?” Temahan saya mundhak maneh sengite jalaran saka impene lan tembunge iku.
9Yusuf banjur ngimpi maneh, iku iya dicaritakake marang para sadulure, pangucape: “Lah aku ngimpi maneh: Srengenge, rembulan sarta lintang sawelas padha katon sujud lan nyembah ana ngarepku.” 10Bareng bab iki dicaritakake marang kang rama lan para sadulure, temah didukani dening kang rama: “Impen apa ta impenmu iku? Mangsa ta yen aku, ibumu lan para sadulurmu bakal padha sumungkem ing bumi ana ing ngarepmu?” 11Sadulur-sadulure dadi padha ewa marang Yusuf, nanging kang rama nyathet iku ing sajroning panggalihe.
Yusuf didol menyang tanah Mesir
37:12-36
12Ing sawijining dina para sadulure padha angon raja-kayane kang rama ana ing jajahan Sikhem. 13Rama Israel tumuli ngandika marang Yusuf: “Kamas-kamasmu rak lagi padha angon raja-kaya ana jajahane Sikhem. Mulane kowe dakkongkon niliki mrana!” Ature Yusuf: “Sandika.” 14Banjur pangandikane maneh: “Kowe mranaa, tilika kaslametane sadulur-sadulurmu lan kaslametane raja-kaya, mengko aku kandhanana!” Mangkono Rama Yakub anggone utusan Yusuf saka ing lebake Hebron lan banjur wis tekan ing Sikhem. 15Bareng Yusuf lagi mlaku mrana-mrene ana ing ara-ara, banjur kapethuk sawijining wong lanang kang ngaruh-aruhi: “Sampeyan madosi punapa?” 16Wangsulane Yusuf: “Kula madosi sadherek-sadherek kula, kula mugi sampeyan tedahaken wonten ing pundi anggenipun sami angen?” 17Celathune wong mau: “Sampun sami kesah saking ngriki, awit kula mireng anggenipun sami reraosan: Payo padha menyang Dhotan.” Dadine Yusuf banjur nusul para sadulure, sarta padha ketemu ana ing Dhotan.
18Saka kadohan Yusuf wus diawasake tekane, sadurunge nyedhak para sadulure mau padha sarujukan golek akal supaya bisaa mateni Yusuf. 19Anggone guneman mangkene: “Lah kae delengen, si juru ngimpi kita teka! 20Kang iku payo padha dipateni lan dicemplungake ing salah sijining sumur iku, nuli mengko dikandhakake yen dimangsa kewan galak; mengko kita bakal weruh kapriye kadadeane impene iku.” 21Bareng Ruben krungu kang kaya mangkono, sedyane arep nguwalake Yusuf saka tangane para sadulure, pangucape: “Aja nganti kita pateni ta!” 22Pituture Ruben: “Aja nganti ngwutahake getih, cemplungna sumur kang ana ing pasamuwan kono bae! Mung aja kokkapak-kapakake!” Iku pamurihe supaya bisa ngluwari Yusuf saka tangane para sadulure lan diulihake marang kang rama.
23Kacarita bareng Yusuf lagi bae tekan ing ngarepe para sadulure, tumuli diuculi jubahe, iya jubah kang endah banget kang lagi dianggo iku. 24Banjur dilarak lan dicemplungake ing sumur. Sumur mau asat, ora ana banyune. 25Sawuse mangkono banjur padha mangan kembulan. Bareng padha ndengengek, weruh ing kadohan ana kapilah bangsa Ismael kang teka saka Gilead, untane padha momot damar, balsem lan blendok lod, arep digawa menyang tanah Mesir. 26Celathune Yehuda marang para sadulure: “Untunge apa yen kita mateni adhi kita lan ndhelikake getihe? 27Payo padha didol bae marang wong Ismael kae, nanging aja nganti kita kapak-kapakake, marga iku sadulur kita, kulit daging kita.” Sadulure padha manut kabeh. 28Kacarita nalika ana sudagar-sudagar Midian liwat, Yusuf dientasake saka ing jero sumur, lan didol marang wong Ismael, payu rong puluh sekel salaka; Yusuf banjur digawa menyang ing tanah Mesir. 29Bareng Ruben mbaleni sumur mau, tetela Yusuf wus ora ana ing jero sumur, tumuli nyuwek-nyuwek panganggone. 30Banjur mbaleni para sadulure, pangucape: “Bocahe wus ora ana, lah aku menyang ngendi paranku?”
31Sawuse mangkono banjur padha njupuk jubahe Yusuf lan nyembeleh wedhus, lan jubahe dicelupake ing getihe. 32Jubah kang endah banget mau dikirimake katur kang rama, kanthi diweling mangkene: “Punika anggen kula sami manggih. Sumangga, bapak kula aturi nitik, punika jubahipun ingkang putra punapa sanes?” 33Bareng Rama Yakub niti-priksa jubah mau, nuli ngandika: “Iki jubahe anakku, mesthi anakku wus dimangsa ing sato galak lan wus disempal-sempal.” 34Rama Yakub banjur nyuwek-nyuwek jubahe, sarta ngagem bagor diubedake ing bangkekane apadene gawe patangisan nganti pirang-pirang dina, marga saka putrane mau. 35Para putrane kakung lan putri padha sumedya nglipur, nanging ora kersa dilipur, pangandikane: “Ora! Aku tetep sedhih, nganti aku wus mudhun nusul anakku menyang ing teleng palimengan.” Mangkono Rama Yakub anggone muwuni Yusuf putrane. 36Anadene Yusuf didol dening wong Midian mau menyang ing tanah Mesir, marang Sang Potifar, punggawane Sang Prabu Pringon, panggedhening prajurit tamtama.
1Anadene Yusuf wus digawa menyang tanah Mesir, banjur dipundhut dening Sang Potifar, abdi daleme Sang Prabu Pringon, panggedhening prajurit tamtama, wong Mesir. Anggone mundhut saka wong-wong Ismael kang nggawa mrono. 2Nanging Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf, temah dadi wong kang tansah binarkahan ing sadhengah pagaweane, sarta kelilan manggon ing daleme bendarane, wong Mesir mau. 3Bareng bendarane ngreti yen Pangeran Yehuwah nunggil karo Yusuf, sarta sabarang kang digarap tumindak becik, 4temahan Yusuf oleh sihe bendarane kepareng dadi paladene. Malah nganti dipasrahi mengku dalem lan dipracaya nguwasani sabarang kagungane kabeh. 5Mangka wiwit nalika maringi pangwasa marang Yusuf mengku dalem lan sakabehe barang kagungane mau, Sang Yehuwah mberkahi daleme wong Mesir iku, sabab saka Yusuf, satemah berkahe Sang Yehuwah iku nyrambahi ing sabarang kagungane kabeh, dadia kang ana ing dalem, dadia kang ana ing pategalan. 6Sabarang kagungane kabeh dipasrahake marang pangwasane Yusuf, lan marga saka kabiyantu dening Yusuf Sang Potifar wus ora prelu ngatur apa-apa maneh kajaba mung kang didhahar piyambak.
Anadene Yusuf iku tindak-tanduke ngresepake lan bagus rupane. 7Bareng wis sawatara mangsa, garwane bendarane mirsani Yusuf kalawan kagungan sir, sarta ngandika: “Ayo, turua karo aku!” 8Nanging Yusuf ora gelem lan matur marang bendarane putri: “Sapunika bendara kawula boten prelu ngatur punapa ingkang wonten ing salebeting dalem punika malih, sarta sadaya kagunganipun sampun dipun pasrahaken ing tangan kawula, 9malah ing salebeting dalem punika boten wonten ingkang boten dipun pasrahaken dhateng kawula, kajawi namung panjenengan dalem; margi panjenengan dalem punika garwanipun. Ingkang punika kados pundi anggen kawula badhe nglampahi piawon ageng makaten saha damel dosa dhateng Gusti Allah?” 10Lan sanadyan saben dina Yusuf tansah dibujuk, ewasamono Yusuf ora nuruti kang dadi karsane ndherek sare lan tumindak nistha karo panjenengane.
11Wasana ing sawijining dina kelakon Yusuf lumebu ing dalem arep nindakake pagawean, mangka ing jero dalem kono pinuju ora ana wong siji-sijia. 12Bendarane putri tumuli nggondheli klambine Yusuf kalawan ngandika: “Ayo turu karo aku!” Nanging Yusuf ninggal klambine ana ing astane bendarane putri mau sarta lumayu metu. 13Bareng bendarane putri mirsa yen klambine Yusuf ditinggal ana ing astane sarta wonge wus lumayu metu, 14tumuli bengok-bengok nimbali abdi-abdine kabeh, sarta dipangandikani: “Delengen! Wong Ibrani iku dilebokake ing panggonanku kene supaya aku padha dianggo dolanan. Iki mau nyedhaki aku, arep awor turu karo aku, nanging aku banjur bengok-bengok sarosaku. 15Bareng krungu aku mbengok seru banget, klambine ditinggal ana ing kene banjur enggal-enggal lumayu metu.” 16Klambine Yusuf iku diselehake ana ing sandhinge nganti sakondure bendarane. 17Sang Potifar iya diaturi uninga mangkono, ature: “Abdi tiyang Ibrani ingkang panjenengan lebetaken mriki punika murugi kula badhe dipun sembranani. 18Nanging sareng kula bengok-bengok, rasukanipun lajeng dipun tilar wonten sandhing kula, sarta tumunten mlajeng medal.” 19Bareng bendarane midhanget ature kang garwa: “Makaten lan makaten pandamelanipun abdi panjenengan dhateng kula,” temah bendarane muntab dukane. 20Yusuf tumuli dicekel dening bendarane lan dilebokake ing pakunjaran, papan kanggo nahan wong-wong kang kaluputan marang Sang Prabu. Kaya mangkono anggone Yusuf kinunjara.
21Nanging Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf, kaparingan sih lan diolehake ati saka panggedhene pakunjaran. 22Panggedhe pakunjaran mau nganti mracayakake sakehe tahanan marang pangreksane Yusuf, lan sakehe pagawean kang kudu ditindakake ana ing kono, iya Yusuf kang ngurus. 23Panggedhe pakunjaran wus ora ngawruhi apa-apa tumrap samubarang kang wus dipasrahake marang Yusuf, marga Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf lan apa kang ditindakake iku dilestarekake dening Sang Yehuwah.
1Kacarita sawuse lelakon mau, lurah pangunjukan lan lurah dhaharane Sang Raja ing Mesir padha keluputan marang gustine, yaiku raja ing Mesir mau. 2Temah banget dukane Sang Prabu Pringon marang punggawane kadhaton mau, marang lurah pangunjukan lan lurah dhaharan iku. 3Sakarone padha ditahan ana ing daleme panggedhe prajurit tamtama ana ing pakunjaran panggonane Yusuf katahan. 4Panggedhe prajurit mau banjur matah Yusuf ngladeni priyayi tahanan loro mau. Kaya mangkono priyayi loro mau anggone katahan nganti sawatara suwene.
5Ing sawijining bengi lurah sakarone padha ngimpi, impene dhewe-dhewe, iya iku lurah pangunjukan lan lurah dhaharane raja Mesir kang padha ditahan ana ing pakunjaran mau, anggone ngimpi tunggal sawengi, lan tegese impen iya beda-beda. 6Nalika esuke Yusuf teka mrono, banjur sumurup yen sakarone lagi padha sedhih atine. 7Yusuf banjur takon marang punggawane Sang Prabu Pringon kang padha ditahan tunggal sapakunjaran karo dheweke ana ing daleme bendarane iku, ature: “Kenging punapa dinten punika panjenengan kok sami katingal sedhih makaten?” 8Wangsulane lurah sakarone: “Aku padha ngimpi, nanging ora ana wong kang bisa nerangake tegese.” Ature Yusuf marang wong-wong mau: “Ingkang nerangaken impen punika rak namung Gusti Allah? Sumangga, impen wau kula aturi nyariyosaken dhateng kula!” 9Lurah pangunjukan banjur nyaritakake impene marang Yusuf, celathune: “Ing sajroning impen mau aku werung wit anggur ana ngarepku. 10Wit anggur iku ana pange telu, lagi bae anggone semi, nuli iya metu kembange lan dhompolane padha metokake woh kang mateng-mateng. 11Dene gelas pangunjukane Sang Prabu Pringon ana ing tanganku, woh anggur mau banjur dakjupuk dakperes ana ing gelas pangunjukane Sang Prabu Pringon lan gelase nuli dakaturake ing astane Sang Prabu Pringon.” 12Ature Yusuf: “Tegesipun impen wau makaten: Pang tiga punika tigang dinten, 13salebetipun tigang dinten punika Sang Prabu Pringon badhe nginggahaken panjenengan, saha mangsulaken panjenengan dhateng kalenggahan panjenengan ingkang lami, temah panjenengan badhe nyaosaken gelas pangunjukan dhateng Sang Pringon kados kala rumiyin nalika panjenengan ngasta lurah pangunjukan. 14Nanging, kula aturi enget dhateng kula samangsa panjenengan sampun manggih sakeca, mugi karsaa nandukaken kasaenan dhateng kula, nglantaraken prakawis kula punika dhateng Sang Prabu Pringon, saha nyuwun tulung supados kawedalna saking griya punika. 15Awitdene kula punika dipun colong dipun culik makaten kemawon saking tanahipun tiyang Ibrani, saha wonten ing ngriki kula inggih boten nate nglampahi punapa-punapa, ingkang njalari kula pantes dipun lebetaken ing luweng tutupan punika.”
16Lurah juru among dhaharan bareng krungu yen anggone negesi becik, banjur celathu marang Yusuf: “Aku iya uga ngimpi, lah katone aku nyunggi tenong sungsun telu isi dhaharan. 17Dene tenong kang dhuwur isi dhaharan warna-warna kagem Sang Prabu Pringon, olah-olahane juru masak; nanging tenong kang daksunggi mau isine banjur dipangani manuk.” 18Yusuf banjut mangsuli: “Makaten tegesipun impen wau! Tenong sungsun tiga inggih tigang dinten. 19Salebetipun tigang dinten punika Sang Prabu Pringon badhe nginggahaken panjenengan dhateng papan ingkang inggil, panjenengan badhe dipun gantung ing cagak, saha peksi-peksi badhe nedha daginging salira panjenengan.”
20Kacarita bareng telung dinane, mbeneri dina wiyosane Sang Prabu Pringon, panjenengane nganakake pista kanggo para punggawane, kabeh lurah pangunjukan lan lurah dahaharan padha disengkake sirahe ana ing satengahe para abdi. 21Lurah pangunjukan dibalekake pangkate lawas, dadi kelakon nyaosake gelas pangunjukan marang astane Sang Prabu Pringon maneh. 22Nanging lurah dhaharan digantung, cocog kaya anggone negesake Yusuf marang para lurah mau. 23Ewadene lurah pangunjukan iku ora kelingan marang Yusuf, nanging lali.
1Kacarita sawuse let rong taun, Sang Prabu Pringon supena, katone panjenengane kaya jumeneng ana ing sapinggire bengawan Nil. 2Banjur ana sapi pitu padha mentas saka bengawan, sawangane becik lan awake lemu-lemu; tumuli padha nyenggut ana ing sapinggire bengawan kono. 3Sawuse mangkono banjur ana sapi liyane pitu, padha mentas saka ing bengawan Nil iku, sawangane ala lan awake kuru-kuru, tumuli padha mapan ana ing sandhinge sapi-sapi sing dhisik mau ana ing pinggir bengawan. 4Sapi-sapi kang ala rupane lan kuru-kuru awake mau banjur padha mangan sapi-sapi kang becik lan lemu-lemu mau. Ing kono Sang Prabu Pringon banjur wungu.
5Sawuse iku nuli sare maneh, banjur supena kang kaping pindhone. Lah ana wulen gandum pitu thukul saka dami siji, padha aos-aos lan becik-becik rupane. 6Nanging ora let suwe ana wulen gandum pitu thukul, kuru-kuru lan alum marga saka angin wetan. 7Wulen kang kuru mau banjur padha nguntal wulen kang aos lan becik. Sang Prabu Pringon tumuli wungu, mirsa yen kabeh mau mung supenan.
8Bareng wayah esuk panggalihe judheg, banjur utusan nimbali para sarjana lan para wasis satanah Mesir, iku tumuli padha dipangandikani bab supenane, nanging siji bae ora ana kang bisa nerangake tegese. 9Ing kono lurah pangunjukan banjur munjuk marag Sang Prabu Pringon, unjuke: “Ing dinten punika kawula kengetan kalepatan kawula. 10Nalika samanten Sang Prabu Pringon duka dhateng para abdi, ngantos kawula katahan wonten ing griyanipun pangageng prajurit tamtama sesarengan kaliyan lurah among dhaharan. 11Ing satunggaling dalu kawula kekalih ngimpi, inggih kawula dalah lurah among dhaharan; impen lan tegesipun piyambak-piyambak.
12Wonten ing ngriku kawula sesarengan kaliyan tiyang nem-neman bangsa Ibrani, rencangipun pangageng prajurit tamtama wau; punika kawula cariyosi impen kawula, lajeng sampi dipun terangaken tegesipun impen kawula piyambak-piyambak. 13Dene kalampahanipun inggih ceples kados anggenipun nyukani katrangan, kawula kawangsulaken dhateng padamelan lami, dene lurah among dhahar kagantung.”
14Sang Prabu tumuli utusan nimbali Yusuf, kang banjur enggal-enggal kawetokake saka ing pakunjaran, nuli cukur lan salin sandhangan, banjur sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon. 15Sang Prabu Pringon tumuli ngandika marang Yusuf: “Ingsun supena, nanging ora ana wong siji-sijia kang bisa nyaosi katrangan bab tegese, nanging ingsun midhanget bab sira, anggonira mung krungu impene bae sira tumuli bisa njarwakake.” 16Yusuf banjur munjuk: “Dhuh, Sang Prabu Pringon, punika sanes kawula, Gusti Allah ingkang badhe paring pawartos bab karaharjan dhateng Sang Prabu Pringon.” 17Pangandikane Sang Prabu Pringon marang Yusuf: “Sajroning supena ingsun jumeneng ana ing pinggire bengawan Nil; 18lah nuli ana sapi pitu mentas saka ing bengawan mau, awake lemu-lemu lan becik-becik rupane, banjur padha nyenggut ana ing pinggir bengawan kono. 19Sawuse mangkono tumuli ana sapi pitu liyane mentas, padha gering-gering lan ala rupane, ana ing satanah Mesir ingsun durung tau tumon sapi kang alane kaya mangkono iku. 20Nanging sapi kang kuru lan ala iku banjur padha mangsa sapi lemu kang dhisik mau. 21Sawuse sapi-sapi mau kalebu ing wetenge, iya ora katara yen wus klebon, sawangane isih padha bae kaya maune, ing kono ingsun banjur nglilir. 22Sabanjure ing sajrone supena ingsun mirsani, ana wulen pitu thukul saka dami siji, padha mentes-mentes lan becik rupane. 23Banjur ana wulen pitu kang gering, kuru lan geseng dening angin wetan. 24Nanging wulen kang garing mau banjur padha nguntal wulen kang mentes-mentes mau. Prakara iki wus suncaritakake marang para sarjana, nanging siji bae ora ana kang bisa ngaturi katrangan marang ingsun.”
25Yusuf tumuli munjuk marang Sang Prabu Pringon: “Supenan dalem kekalih punika tegesipun sami. Gusti Allah paring uninga dhateng panjenengan dalem Sang Prabu Pringon, punapa ingkang badhe dipun tindakaken. 26Menggah lembu pitu ingkang sae punika ibaratipun pitung taun, saha wulen gandum pitu ingkang sae punika inggih ugi pitung taun; supenan kekalih punika sami. 27Dene lembu pitu ingkang kera lan awon ingkang sami mentas kantun, ibaratipun inggih pitung taun, sarta wulen gandum pitu ingkang gabug saha geseng dening angin wetan punika, ngibarati badhe wontenipun pailan pitung taun. 28Inggih kados unjuk kawula dhateng Sang Prabu Pringon wau, Gusti Allah sampun ngatingalaken dhateng Sang Prabu Pringon punapa ingkang badhe enggal dipun tindakaken. 29Kauningana, gusti, pitung taun ingkang badhe kalampahan punika badhe mirah tedha ingkang kelangkung-langkung ing sawradinipun tanah Mesir. 30Nanging sasampunipun punika badhe wonten pailan pitung taun laminipun, ing ngriku tiyang-tiyang Mesir sampun sami kesupen bab kaluberan ingkang sampun, margi pailan wau badhe damel risakipun nagari punika. 31Kaluberan ingkang kapengker sampun boten katawis tilasipun wonten ing tanah punika, awit saking pailan ingkang nusul wau langkung dening awratipun. 32Wondene supenan wau dipun wangsuli ngantos rambah kaping kalih punika kagem Sang Prabu Pringon ateges: bilih prakawis punika sampun dados keputusanipun Gusti Allah, saha Gusti Allah temtu tumunten enggal badhe nindakaken. 33Ingkang punika, dhuh Sang Prabu Pringon, mugi karsaa matah salah satunggaling tiyang ingkang lantip saha wicaksana, kadhawuhana mengku satanah Mesir. 34Kajawi punika Sang Prabu Pringon ugi nindakna makaten: inggih punika ngangkat para juru niti-priksa wonteng ing nagari ngriki, saha karsaa mundhut sapragangsalipun pamedaling tanah ing salaminipun mangsa mirah tedha pitung taun punika. 35Sami kadhawuhana nglempakaken sawarnining bahan tedha ing salebetipun taun-taun sae ingkang badhe kalampahan punika, saha nandhoa gandum ingkang dados kagunganipun Sang Prabu Pringon, kasimpena ing kitha-kangge tandhon tedha. 36Kalayan makaten sadaya bahan tedha wau lajeng dados tandhon kangge kaperluaning nagari punika salaminipun pailan pitung taun ingkang badhe kalampahan wonten ing tanah Mesir, supados nagari punika sampun ngantos risak margi wontenipun pailan punika.”
1Kacarita sawuse let rong taun, Sang Prabu Pringon supena, katone panjenengane kaya jumeneng ana ing sapinggire bengawan Nil. 2Banjur ana sapi pitu padha mentas saka bengawan, sawangane becik lan awake lemu-lemu; tumuli padha nyenggut ana ing sapinggire bengawan kono. 3Sawuse mangkono banjur ana sapi liyane pitu, padha mentas saka ing bengawan Nil iku, sawangane ala lan awake kuru-kuru, tumuli padha mapan ana ing sandhinge sapi-sapi sing dhisik mau ana ing pinggir bengawan. 4Sapi-sapi kang ala rupane lan kuru-kuru awake mau banjur padha mangan sapi-sapi kang becik lan lemu-lemu mau. Ing kono Sang Prabu Pringon banjur wungu.
5Sawuse iku nuli sare maneh, banjur supena kang kaping pindhone. Lah ana wulen gandum pitu thukul saka dami siji, padha aos-aos lan becik-becik rupane. 6Nanging ora let suwe ana wulen gandum pitu thukul, kuru-kuru lan alum marga saka angin wetan. 7Wulen kang kuru mau banjur padha nguntal wulen kang aos lan becik. Sang Prabu Pringon tumuli wungu, mirsa yen kabeh mau mung supenan.
8Bareng wayah esuk panggalihe judheg, banjur utusan nimbali para sarjana lan para wasis satanah Mesir, iku tumuli padha dipangandikani bab supenane, nanging siji bae ora ana kang bisa nerangake tegese. 9Ing kono lurah pangunjukan banjur munjuk marag Sang Prabu Pringon, unjuke: “Ing dinten punika kawula kengetan kalepatan kawula. 10Nalika samanten Sang Prabu Pringon duka dhateng para abdi, ngantos kawula katahan wonten ing griyanipun pangageng prajurit tamtama sesarengan kaliyan lurah among dhaharan. 11Ing satunggaling dalu kawula kekalih ngimpi, inggih kawula dalah lurah among dhaharan; impen lan tegesipun piyambak-piyambak.
12Wonten ing ngriku kawula sesarengan kaliyan tiyang nem-neman bangsa Ibrani, rencangipun pangageng prajurit tamtama wau; punika kawula cariyosi impen kawula, lajeng sampi dipun terangaken tegesipun impen kawula piyambak-piyambak. 13Dene kalampahanipun inggih ceples kados anggenipun nyukani katrangan, kawula kawangsulaken dhateng padamelan lami, dene lurah among dhahar kagantung.”
14Sang Prabu tumuli utusan nimbali Yusuf, kang banjur enggal-enggal kawetokake saka ing pakunjaran, nuli cukur lan salin sandhangan, banjur sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon. 15Sang Prabu Pringon tumuli ngandika marang Yusuf: “Ingsun supena, nanging ora ana wong siji-sijia kang bisa nyaosi katrangan bab tegese, nanging ingsun midhanget bab sira, anggonira mung krungu impene bae sira tumuli bisa njarwakake.” 16Yusuf banjur munjuk: “Dhuh, Sang Prabu Pringon, punika sanes kawula, Gusti Allah ingkang badhe paring pawartos bab karaharjan dhateng Sang Prabu Pringon.” 17Pangandikane Sang Prabu Pringon marang Yusuf: “Sajroning supena ingsun jumeneng ana ing pinggire bengawan Nil; 18lah nuli ana sapi pitu mentas saka ing bengawan mau, awake lemu-lemu lan becik-becik rupane, banjur padha nyenggut ana ing pinggir bengawan kono. 19Sawuse mangkono tumuli ana sapi pitu liyane mentas, padha gering-gering lan ala rupane, ana ing satanah Mesir ingsun durung tau tumon sapi kang alane kaya mangkono iku. 20Nanging sapi kang kuru lan ala iku banjur padha mangsa sapi lemu kang dhisik mau. 21Sawuse sapi-sapi mau kalebu ing wetenge, iya ora katara yen wus klebon, sawangane isih padha bae kaya maune, ing kono ingsun banjur nglilir. 22Sabanjure ing sajrone supena ingsun mirsani, ana wulen pitu thukul saka dami siji, padha mentes-mentes lan becik rupane. 23Banjur ana wulen pitu kang gering, kuru lan geseng dening angin wetan. 24Nanging wulen kang garing mau banjur padha nguntal wulen kang mentes-mentes mau. Prakara iki wus suncaritakake marang para sarjana, nanging siji bae ora ana kang bisa ngaturi katrangan marang ingsun.”
25Yusuf tumuli munjuk marang Sang Prabu Pringon: “Supenan dalem kekalih punika tegesipun sami. Gusti Allah paring uninga dhateng panjenengan dalem Sang Prabu Pringon, punapa ingkang badhe dipun tindakaken. 26Menggah lembu pitu ingkang sae punika ibaratipun pitung taun, saha wulen gandum pitu ingkang sae punika inggih ugi pitung taun; supenan kekalih punika sami. 27Dene lembu pitu ingkang kera lan awon ingkang sami mentas kantun, ibaratipun inggih pitung taun, sarta wulen gandum pitu ingkang gabug saha geseng dening angin wetan punika, ngibarati badhe wontenipun pailan pitung taun. 28Inggih kados unjuk kawula dhateng Sang Prabu Pringon wau, Gusti Allah sampun ngatingalaken dhateng Sang Prabu Pringon punapa ingkang badhe enggal dipun tindakaken. 29Kauningana, gusti, pitung taun ingkang badhe kalampahan punika badhe mirah tedha ingkang kelangkung-langkung ing sawradinipun tanah Mesir. 30Nanging sasampunipun punika badhe wonten pailan pitung taun laminipun, ing ngriku tiyang-tiyang Mesir sampun sami kesupen bab kaluberan ingkang sampun, margi pailan wau badhe damel risakipun nagari punika. 31Kaluberan ingkang kapengker sampun boten katawis tilasipun wonten ing tanah punika, awit saking pailan ingkang nusul wau langkung dening awratipun. 32Wondene supenan wau dipun wangsuli ngantos rambah kaping kalih punika kagem Sang Prabu Pringon ateges: bilih prakawis punika sampun dados keputusanipun Gusti Allah, saha Gusti Allah temtu tumunten enggal badhe nindakaken. 33Ingkang punika, dhuh Sang Prabu Pringon, mugi karsaa matah salah satunggaling tiyang ingkang lantip saha wicaksana, kadhawuhana mengku satanah Mesir. 34Kajawi punika Sang Prabu Pringon ugi nindakna makaten: inggih punika ngangkat para juru niti-priksa wonteng ing nagari ngriki, saha karsaa mundhut sapragangsalipun pamedaling tanah ing salaminipun mangsa mirah tedha pitung taun punika. 35Sami kadhawuhana nglempakaken sawarnining bahan tedha ing salebetipun taun-taun sae ingkang badhe kalampahan punika, saha nandhoa gandum ingkang dados kagunganipun Sang Prabu Pringon, kasimpena ing kitha-kangge tandhon tedha. 36Kalayan makaten sadaya bahan tedha wau lajeng dados tandhon kangge kaperluaning nagari punika salaminipun pailan pitung taun ingkang badhe kalampahan wonten ing tanah Mesir, supados nagari punika sampun ngantos risak margi wontenipun pailan punika.”
Sang Yusuf ngasta pangwaos ing tanah Mesir
41:37-57
37Atur pirembag kang mangkono iku didhahar dening Sang Prabu Pringon dalah sakehe para punggawane. 38Sang Prabu Pringon banjur ngandika marang para punggawane: “Apa iya kita bisa nemu wong kang kadunungan Rohing Allah kaya iki?” 39Sang Prabu Pringon tumuli ngandika marang Yusuf: “Sarehne Gusti Alalh wus paring sumurup marang sira, dadi ora ana wong kang lantip lan wicaksana kaya sira. 40Mulane sira kang nguwasanana kadhatoningsun, sarta sakehe para kawulaningsun kabeh ngestokna prentahira, mung marga saka dhampar iki bae anggoningsun ngungkuli sira.” 41Karomaneh pangandikane Sang Prabu Pringon marang Yusuf: “Lah sira sunangkat dadi kang mengku satanah Mesir kabeh.” 42Sang Prabu Pringon tumuli nglolos sesupune cap saka astane banjur dianggokake ing drijine Yusuf, sarta dianggoni sandhangan mori alus lan gulune dikalungi kalung mas. 43Karodene ditunggangake ing kreta titihane piyambak kang nomer loro, sarta ing ngarepe ana kang alok-alok: “Hurmat!” Mangkono anggone Yusuf diangkat dening Sang Prabu Pringon dadi kang mengku satanah Mesir kabeh. 44Sang Prabu Pringon tumuli ngandika marang Yusuf: “Ingsun iki Sang Prabu Pringon, nanging ing satanah Mesir kene ora kena ana wong kang tumindak apa-apa, kajaba saka palilahira.” 45Yusuf tumuli diparingi jeneng: Zafnat-Paaneakh sarta diparingi Sang Putri Asnat putrane putri Sang Potifera, imam ing On, dadi garwane. Kaya mangkono Sang Yusuf banjur wiwit nguwaosi satanah Mesir kabeh.
46Sang Yusuf mbeneri yuswa telung puluh taun nalika ngadhep ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon raja ing Mesir mau. Sang Yusuf tumuli mundur saka ngarsane Sang Prabu Pringon tindak ndlajahi satanah Mesir kabeh. 47Anadene sasuwene pitung taun mangsane murah pangan iku pametune bumi nganti tumpuk undhung, 48Sang Yusuf banjur nglempakake sarupane pangan sajrone pitung taun kang luber iku, sarta pangan iku disimpen ana ing kutha-kutha; saben kutha dianggo nyimpen pangan pametune wewengkone dhewe-dhewe. 49Kaya mangkono Sang Yusuf anggone tandho pangan kehe nganti kaya wedhine sagara saka akehe, olehe ngetung nganti mandheg, marga wus ora kena dietung maneh.
50Sadurunge tekan ing mangsa pailan, Sang Yusuf wus kaparingan putra loro patutan saka Sang Putri Asnat putrane Sang Potifera, imam ing On. 51Sang Yusuf maringi asma marang putrane kang pembajeng: Manasye, awit pangandikane: “Gusti Allah wus ndadekake aku lali marang sakabehe kasusahanku lan kulawargane bapakku.” 52Dene kang nomer loro iku diparingi asma: Efraim, awit pangandikane: “Gusti Allah wus maringi anak marang aku ana ing nagaraning kasangsaranku.”
53Bareng wus kelakon pitung taun mangsane murah pangan ana ing tanah Mesir, 54nuli wiwit mangsa pailan pitung taun lawase, kaya kang wus kapangandikakake dening Sang Yusuf; satemah kabeh padha kambah paceklik, mung sawratane tanah Mesir ana pangan. 55Dene bareng wong satanah Mesir padha kekurangan pangan, lan rakyat padha sambat nyuwun pangan marang Sang Prabu Pringon, Sang Prabu Pringon banjur ndawuhi marang wong Mesir kabeh: “Padha maranana Yusuf, nglakonana apa saprentahe marang sira!” 56Pailan iku nyrambahi ing sajagad kabeh; Sang Yusuf tumuli mbikak sakehe gudhang patandhon lan nempurake gandum marang wong Mesir, marga tanah Mesir iku sangsaya banget anggone kambah pailan. 57Karomaneh wong saka ing ngendi-endi iya padha seba marang ing ngarsane Sang Yusuf ing tanah Mesir prelu nempur gandum, marga sajagad kabeh kambah ing pailan nganti banget.
1Bareng Rama Yakub midhanget kabar yen ing tanah Mesir ana gandum, banjur ngandika marang para putrane: “Yagene kowe kok padha pandeng-pandengan bae?” 2Karomaneh pangandikane: “Aku krungu kabar yen ing Mesir ana gandum, bok kowe padha mrana, nempura gandum kanggo kita, supaya kita padha bisa lestaria urip, aja nganti mati.” 3Sadhereke Sang Yusuf sapuluh banjur padha budhal menyang Mesir nempur. 4Nanging Yakub ora marengake Benyamin, rayine Sang Yusuf, melu para sadulure, sabab kagungan panggalih: “Bokmanawa nemu alangan mengko.” 5Dadi ing antarane wong-wong kang padha nempur gandum mau kalebu uga para putrane Israel, marga tanah Kanaan uga wus kambah ing pailan.
6Nalika iku Sang Yusuf wus jumeneng patih ana ing nagara kono, lan iya panjenengane iku kang nempurake gandum marang rakyat ing kono kabeh. Dadi nalika para sadhereke Sang Yusuf teka, iya kudu sowan ing ngarsane klawan sumungkem ing bumi. 7Bareng Sang Yusuf mirsa para sadhereke, ora pangling, nanging Sang Yusuf ethok-ethok ora ngretos, malah disentak sarta dipangandikani: “Kowe kabeh iku saka ngendi?” Ature kang kadangu: “Saking tanah Kanaan, badhe nempur.” 8Pancen Sang Yusuf ora pangling marang para sadhereke, nanging para sadhereke padha pangling marang panjenengane. 9Sang Yusuf tumuli kengetan marang supenane ing bab para sadhereke. Bajur ngandika maneh: “Kowe iku mesthi telik, tekamu mrene arep nitik-nitik ngendi panggonan kang ora dijaga.” 10Ature para sadhereke: “Boten Gusti! Sowanipun dalem punika namung badhe nempur. 11Kawula sdaya punika sami tunggil bapa, sami tiyang temen, abdi dalem sanes telik.” 12Nanging pangandikane Sang Yusuf marang para sadhereke: “Ora! Tekamu mrene mesthi arep nelik nagara kene iki endi sing ora dijaga.” 13Ature para sadhereke: “Abdi dalem punika tunggilipun kalih welas jaler sadaya, sami tunggil bapa wonten ing tanah Kanaan, nanging ingkang wuragil sapunika kantun wontening panggenanipun bapa kawula, dene ingkang setunggal sampun boten wonten.” 14Ing kono Sang Yusuf ngandika maneh: “Wus cukup; kaya kang wus dakkandhakake mau, kowe iku padha telik. 15Ing bab prakara iki kowe kudu katiti-priksa, demi sugenge Sang Prabu Pringon, kowe mesthi bakal ora bisa padha lunga saka ing kene, yen sadulurmu wuragil iku ora teka mrene. 16Salah siji panunggalanmu konen marani adhimu, dene liyane kari ana ing kene, ditahan; temah tembungmu bakal ketitik, apa kowe pancen temen; dene manawa ora, demi sugenge Sang Prabu Pringon, mesthi kowe iku padha dadi telik.” 17Para sadhereke Sang Yusuf kabeh padha bebarengan kalebokake ing tahanan telung dina lawase.
18Bareng telung dinane Sang Yusuf ngandika marang para sadhereke: “Kowe padha nglakonana mangkene, supaya bisa urip, aku bekti marang Gusti Allah. 19Manawa kowe pancen wong temen, salah sijine panunggalanmu kareben kari ana ing tahanan kene, nanging liyane muliha, nggawaa gandum kanggo tamba luwene brayatmu! 20Nanging adhimu kang wuragil iku sebakna marang ing ngarepku, supaya kandhamu iku katitika manawa bener lan kowe bakal ora kaukum pati.” 21Para sadhereke banjur padha rerasanan: “Iki nyata wohing dosa kita marang adhi kita, kita rak padha kelingan ta, nalika sesambat melas-asih marang kita, nanging kita padha ora ngrewes, iya iku nalare kita padha katekan karibedan iki.” 22Ruben tumuli mangsuli: “Biyen mula kowe rak wis dakkandhani, aja gawe dosa marang bocah iku, nanging kowe padha ora ngrungokake. Saiki lah iya iki pepulihing getihe.” 23Anadene kang padha guneman mau ora weruh yen Sang Yusuf iya ngretos, marga nganggo lantaran juru basa. 24Sang Yusuf banjur nilar para sadhereke, tumuli muwun; sawuse iku banjur wangsul sarta ngandikan maneh karo para sadhereke. Simeon banjur dicekel saka antarane lan dibanda kaweruhan ing sadulure kabeh. 25Sawuse iku Sang Yusuf banjur dhawuh, bagore padha kaisenana gandum lan dhuwite supaya dibalekake, siji-sijine ing bagore dhewe-dhewe, sarta maneh supaya padha diparingana sangu kanggo mulihe.
26Gandume tumuli dimotake ing kuldine, banjur padha mangkat saka ing kono. 27Satekane ing pondhokan, bareng salah siji mbukak bagore arep makani kuldine, nuli weruh duwite ana ing jero bagor tumumpang ing dhuwur gandum. 28Celathune marang para sadulure: “Dhuwitku dibalekake, delengen, ana ing jero bagorku!” Ing kono kabeh padha entek atine, padha pandeng-pandengan kalawan dheg-dhegan sarta ngucap: “Apa bae kang ditandukake Gusti Allah marang kita iki?”
29Bareng wis tekan ing Kanaan ing daleme Rama Yakub, kang rama, banjur padha nyaritakake kabeh apa kang wus dialami, ature: 30“Priyantun ageng ingkang nguwaosi nagari ngrika punika, anggenipun ngandikani kula kaliyan nyentak-nyentak, kula sami dipun dakwa badhe nelik nagarinipun. 31Nanging kula lajeng sami matur: Kula punika tiyang temen, sanes telik, 32kula sasedherek waunipun sadaya kalih welas sami tunggil bapa, satunggal sampun boten wonten, ingkang satunggal wuragil kantun wonten griyanipun bapa kula ing tanah Kanaan. 33Priyantunipun ingkang nguwaosi negari ngrika lajeng ngandika malih: Anggonku weruh yen kowe padha won temen iku titikane mangkene: Salah sijine sadulurmu karia kene, liyane muliha karo nggawa gandum kanggo tamba luwene brayatmu. 34Adhimu kang wuragil gawanen mrene, dadi aku bakal weruh yen kowe padha wong temen, dudu telik, nuli sadulurmu mau bakal dakbalekake maneh marang kowe, lan kowe bakal padha kalilan ndlajahi tanah kene.”
35Kacarita bareng bagore padha disuntak, siji-sijine nemu kantonge dhuwit ana ing bagore dhewe-dhewe; bareng padha weruh buntelan dhuwit mau, kang rama dalah putra-putra padha dheg-dhegan. 36Rama Yakub, kang ramane tumuli ngandika marang para putrane: “Kowe iku padha njalari ilange anak-anakku. Yusuf wus ora ana, Simeon samono uga, saiki Benyamin arep kokgawa; aku kang kabregan iku kabeh!” 37Ruben banjur matur marang kang rama: “Anak kula jaler kalih sumangga kapejahana manawi piyambakipun boten kula wangsulaken dhateng rama. Sampun ta, kula aturi masrahaken dhateng kula, mangke kula ingkang badhe mangsulaken dhateng rama.” 38Ewadene wangsulane Rama Yakub: “Anakku mesthi ora bakal melu kowe mrana, awitdene kakangne wus mati, adhine kari ijen, dadi kowe kang padha njalari aku, kang wus uwanen iki mudhun menyang ing teleng palimengan marga saka susah.”
1Nanging pailan ing nagara kono sangsaya ngedab-edabi. 2Bareng gandum olehe nempur para putra saka Mesir wus entek dipangan, kang rama tumuli ngandika: “Padha lungaa maneh nempur sathithik kanggo kita!” 3Yehuda banjur matur: “Priyantun ageng punika welingipun wantos-wantos: Poma kowe aja nganti ngaton mrene maneh, manawa ora karo adhimu! 4Ingkang punika manawi rama marengaken adhi kula bidhal sareng kula, kula inggih sami badhe mangkat bidhal nempur kagem rama. 5Nanging manawi rama boten marengaken tumut, kula sadaya inggih boten badhe bidhal, margi priyantun ageng wau dhawuhipun dhateng kula: Poma kowe aja nganti mrene maneh, manawa adhimu ora kokajak bareng.” 6Rama Israel banjur ngandika: “Yagene kowe nganti padha gawe susahing atiku, ndadak ngandharake marang panggedhe mau, yen kowe isih padha duwe adhi maneh?” 7Ature para putra: “Priyagung punika ndhedhes-ndhedhes dhateng kula sadaya tumrap kula piyambak-piyambak dalah ahli waris kula, pandangunipun: Apa bapakmu isih urip? Apa kowe isih duwe adhi? Kula lajeng sami ngaturi wangsulan ing saleresipun. Mila ngertos kula saking pundi, bilih badhe wonten dhawuh: Adhimu iku gawanen mrene!” 8Yehuda banjur matur marang Rama Israel, kang rama: “Lare punika mugi dipun parengna pangkat sareng kaliyan kula, tumunten sami badhe tata-tata tuwin enggal pangkat, supados kula sami lestantun gesang, sampun ngantos sami ngalami pejah, inggih kula, inggih rama, samanten ugi anak-anak kula. 9Kula ingkang nanggel pun adhi, rama mundhuta saking kula, manawi ngantos boten kula aturaken dhateng rama, saha kula papanaken wonten ngarsanipun rama; kula ingkang nandhang dosa dhateng rama ing salaminipun. 10Manawi kita boten rendhet makaten, mesthi sampun sami wangsul kaping kalih.” 11Ing kono pangandikane kang rama marang para putra: “Iya wis ta, manawa mangkono, kowe padha nglakonana mangkene: Goleka pametune tanah kene kang becik dhewe, wadhahana ing bagormu, gawenen atur-atur marang panggedhe Mesir mau, kayata: Rasamala sathithik, anggi-anggi lan blendok lod, kemiri lan woh saked. 12Lan nggawaa dhuwit tikel, dhuwit kang wus dibalekake ana ing jero karungmu biyen iku gawanen mrana maneh, bokmanawa kliru. 13Adhimu ajaken, endang enggal padha mangkata, balia marang ing ngarsane panggedhe iku! 14Gusti Allah Kang Mahakuwaos muga karsaa ngosikake panggalihe panggedhe mau satemah kowe padha oleh kawelasan, supaya nglilanana sadulurmu sijine karo Benyamin padha mulih bareng salakumu. Dene mungguh aku iki, manawa meksa kudu kelangan anak-anakku, iya wis kareben kelangan.”
15Para putra banjur nglumpukake atur-atur lan nggawa dhuwit tikel loro, Benyamin diajak; sawuse tata-tata nuli padha mangkat menyang Mesir, wasana padha seba marang ing ngarsane Sang Yusuf. 16Bareng Sang Yusuf mirsa Benyamin ana ing satengahe para sadhereke, tumuli dhawuh marang kang nguwasani daleme: “Wong-wong iku padha iriden mlebu menyang ing dalem, nyembeleha kewan, endang cecawisa, awit wong-wong iku mengko awan bakal padha mangan bareng karo aku.” 17Abdi mau banjur nglakoni kaya kang dadi dhawuhe Sang Yusuf, sarta para sadhereke mau padha diirid lumebu menyang ing daleme. 18Ing kono kabeh padha rumangsa wedi, awitdene padha diirid lumebu menyang ing daleme Sang Yusuf, anggone rerasanan mangkene: “Anggonku padha digawa lumebu mrene iki, marga saka dhuwit kang bali ana ing bagorku dhek biyen kae, karsane aku arep dicekel didadekake batur tukon lan kuldiku dipundhut.” 19Mulane padha nyedhaki kang nguwasani daleme Sang Yusuf, lan matur ana ngarep lawang dalem, ature: 20“Kula nuwun bendara, kala rumiyin kula sampun sami mriki nempur bahan tedha, 21sareng kula wangsul dumugi ing pondhokan sami mbikaki bagor, lah artanipun tiyang satunggal-satunggalipun pinanggih wonten ing bagoripun tumumpang wonten nginggil saha boten kalong; dene sapunika arta wau kula bekta mriki malih. 22Kaliyan malih kula inggih sami mbekta arta sanesipun kadamel nempur; kula sami boten mangretos sinten ingkang nglebetaken arta kula wonten ing bagor wau.” 23Wangsulane abdi mau: “Kula aturi nyakecakaken kemawon, sampun ajrih! Gusti Allah panjenengan saha Gusti Allahipun ingkang rama ingkang ngangsalaken bandha ingkang kapendhem ing bagor panjenengan; arta panjenengan sampun kula tampeni.” Sawuse mangkono Simeon banjur diwetokake sarta digawa mrono ketemu karo para sadulure.
24Bareng wus diirid mlebu menyang ing daleme Sang Yusuf, tumuli diwenehi banyu, supaya padha wisuh sikil; karodene kuldine iya padha dipakani. 25Tumuli padha nyawisake atur-ature, karo ngenteni kondure Sang Yusuf ing wayah awan; awitdene wus padha ngerti yen bakal padha mangan ana kono. 26Sakondure Sang Yusuf, banjur disaosi atur-atur gawane, kagawa lumebu menyang ing dalem, lan padha sumungkem ing bumi ana ing ngarsane. 27Banjur padha didangu bab kaslametane sarta pangandikane: “Bapakmu kang wus tuwa kang kokcaritakake biyen iku apa slamet? Apa isih urip?” 28Ature para sadhereke: “Abdi dalem bapa kawula wilujeng, taksih gesang.” Banjur padha jengkeng lan tumungkul. 29Sang Yusuf bareng mirsani Benyamin rayine, tunggil ibu, tumuli ngandika: “Apa iku adhimu kang wuragil, kang kokcaritakake marang aku biyen?” Sarta ngandika maneh: “O, engger, Gusti Allah muga ngganjara sihrahmat marang kowe.” 30Sang Yusuf dumadakan nilar papan kono, marga panggalihe ngeres lan karanta-ranta saka kangene marang kang rayi, banjur golek papan kanggo muwun, tumuli lumebet ing kamar, muwun ana ing kono. 31Sawuse banjur suryan lan miyos, ngampet panggalihe sarta ngandika: “Padha ladena dhaharan!” 32Dhaharan banjur kaladekake, Sang Yusuf disaosi piyambak, para sadhereke dhewe, lan wong Mesir kang padha ndherek mangan iya dhewe, marga wong Mesir iku ora kena kembul mangan karo wong Ibrani, prakara mangkono kalebu kanisthan tumrap wong Mesir. 33Lungguhe para sadhereke iku ana ing ngarsane Sang Yusuf wiwit kang pambajeng tumeka kang wuragil urut tuwa, temahan para sadhereke padha pandeng-pandengan klawan gumun. 34Sang Yusuf banjur dhawuh maringake dhaharan saka ing mejane marang para sadhereke, nanging pandumane Benyamin tikel lima tinimbang liyane. Karodene padha ngombe lan suka rena bareng karo Sang Yusuf.
1Sawuse mangkono Sang Yusuf banjur dhawuh marang kang nguwasani daleme, pangandikane: “Bagore wong-wong iku isinana gandum ing sakuwate anggone nggawa, lan dhuwite siji-sijine dokokna ing jero bagor tumumpang ing dhuwure. 2Lan tuwungku, tuwung selaka iku dokokna ing jerone bagore kang wuragil tumpangna ing dhuwur dalah dhuwit patukone gandum.” Abdi mau iya banjur nglakoni apa sadhawuhe Sang Yusuf. 3Esuke bareng wus bangun raina, para sadhereke Sang Yusuf dililani budhal dalah kuldi-kuldine. 4Nanging lagi tekan sajabane kutha, durung adoh, Sang Yusuf dhawuh marang abdi kang nguwasani daleme: “Dienggal, wong-wong mau oyaken, dene samangsa wus kecandhak padha tuturana mangkene: Yagene kowe males ala marang panggawa becik? 5Iki rak tuwung pangunjukane gustiku, lan kang adate kagem mbebedhek? Ala temen pratingkahmu kang mengkono iku.”
6Bareng wus padha ketututan, iya banjur dituturi kaya saprentahe Sang Yusuf. 7Para sadhereke Sang Yusuf banjur padha mangsuli: “Kadospundi bendara kok ngandika makaten? Tinebihna saking kula sadaya, manawi ngantos nglampahana pratingkah kados makaten punika! 8Lah arta anggen kula manggih wonten lebet bagor tumumpang ing nginggil, sampun kula bekta wangsul saking tanah Kanaan katur panjenengan, kados pundi dene kula ngantos mendhet mas utawi salaka saking dalemipun gusti panjenengan? 9Sinten ingkang pinanggih kanggenan tuwung punika, mugi kapejahana, saha kula sadaya dadosa abdinipun gusti kula.” 10Pangucape utusan mau: “Usulmu iku becik! Sapa kang ketemu kanggonan tuwung, iku dadi budhakku, lan liya-liyane padha ora salah.” 11Tumuli siji-sijine enggal ngudhunake bagore ana ing lemah, sarta mbukaki bagore dhewe-dhewe. 12Utusan mau banjur wiwit nggledhahi kanthi njlimet, kawiwitan saka kang tuwa nganti tumeka kang nom; wasana tuwunge ketemu ana ing bagore Benyamin. 13Tumuli kabeh padha nyuwek panganggone, sarta siji-sijine padha ngemoti kuldine maneh, banjur padha bali menyang nagara.
14Bareng Yehuda lan para sadulure padha tekan ing daleme Sang Yusuf, Sang Yusuf isih ana ing kono, tumuli padha sumungkem ing bumi ana ing ngarsane. 15Sang Yusuf banjur ngandika marang para sadhereke: “Pratingkah apa kang padha koklakoni iku? Apa kowe padha ora ngreti, yen wong kaya aku iki mesthi bisa mbedhek?” 16Ature Yehuda: “Kawula badhe munjuk punapa dhateng gusti kawula? Punapa ingkang badhe kawula lairaken? Saha kados pundi anggen kawula badhe ngleresaken badan kawula? Gusti Allah sampun melehaken dhateng abdi dalem sadaya, lan kawula sami dados abdinipun gusti kawula, inggih kawula sadaya, inggih ingkang pinanggih kanggenan tuwung punika.” 17Nanging pangandikane Sang Yusuf: “Iku adoha saka aku yen ta aku nganti nindakake kang mangkono! Wong kang ketemu kanggonan tuwung iku bae kang dadi budhakku, nanging kowe kabeh muliha menyang panggonane bapakmu kalawan slamet.”
Yehuda mbelani Benyamin
44:18-34
18Yehuda tumuli maju nyedhak sarta matur: “Kawula nuwun, dhuh gusti, abdi dalem mugi keparenga munjuk atur sakedhik wonten ngarsanipun gusti kawula, saha mugi sampun ngantos duka dhateng abdi dalem; amargi panjenengan dalem punika sami kados Sang Prabu Pringon. 19Kala rumiyin gusti kawula ndangu dhateng ingkang abdi: Apa kowe isih padha duwe bapa utawa isih duwe sadulur? 20Kawula lajeng munjuk dhateng gusti kawula: Inggih, abdi dalem taksih sami gadhah bapa ingkang sampun sepuh, sarta taksih wonten jejaka ingkang lairipun nalika pun bapa sampun sepuh; kakangipun sampun tilar donya, namung kantun satunggal punika ingkang tunggil biyung, mila lare wau sanget dipun tresnani dening bapa kawula. 21Panjenengan dalem tumunten ngandika dhateng para abdi dalem: Adhimu iku gawanen seba menyang ngarepku kene, supaya aku bisa weruh. 22Kawula lajeng munjuk dhateng gusti kawula: Pun adhi temtu boten saged nilar bapa kawula, saupami bapa kawula katilar temtu nemahi pejah. 23Ing ngriku panjenengan dalem ngandika malih dhateng para abdi dalem: Manawa adhimu kang wuragil iku ora melu kowe mrene, kowe padha ora kena sowan marang ing ngarsaku maneh. 24Wondene sareng kawula sampun sami wangsul wonten ing ngajenganing abdi dalem, bapakipun dalem, tumunten kawula cariyosi menggah dhawuh pangandikanipun gusti kawula. 25Bapa kawula lajeng wicanten: Padha balia maneh, nempura sathithik kanggo kita. 26Nanging kawula lajeng sami mangsuli: Kula boten saged mrika malih. Manawi adhi kula ingkang wuragil tumut, kula inggih badhe mangkat mrika, margi kula boten kalilan sowan dhateng ngarsanipun priyagung punika, manawi adhi kula ingkang wuragil boten tumut. 27Abdi dalem bapa kawula tumunten wicanten dhateng kawula: Kowe padha ngreti yen bojoku iku anggone duwe anak karo aku mung loro. 28Kang siji wus lunga ora bali, pangiraku: temtu wus ditubruk ing sato galak, saprene aku wus ora weruh maneh. 29Yen bocah sijine iku padha kokgawa lunga pisah karo aku, mangka ngalami kacilakan, dadine kowe kang padha njalari aku kang wus uwanen iki mudhun menyang ing teleng palimengan marga saka cilaka. 30Ingkang punika saupami kawula wangsul ing ngajengipun abdi dalem, bapa kawula, pun adhi boten tumut sareng kaliyan kawula, mangka bapa kawula punika boten saged gesang tanpa lare punika, 31temtu badhe kadadosan, manawi sumerep pun adhi boten wonten, temtu lajeng nemahi pajah, sarta kawula sasedherek ingkang njalari abdi dalem bapa kawula ingkang sampun uwanen punika mandhap dhateng ing teleng palimengan margi saking sedhih. 32Nanging abdi dalem ingkang nanggel lare punika wonten ing ngajengipun bapa kawula; atur kawula makaten: Manawi pun adhi boten kula antukaken wonten ing ngarsanipun bapak, kula ingkang nandhang dosa dhateng bapak ing salaminipun. 33Milanipun sapunika mugi abdi dalem kalilana kantun dados abdinipun gusti kawula minangka gegentosipun lare punika, sarta lare punika mugi keparengna lumampah wangsul sareng kaliyan para sadherekipun. 34Awitdene kados pundi anggen kawula saged lumampah wangsul pinanggih bapa kawula, manawi lare punika boten tumut sareng kaliyan kawula; kawula boten mentala ningali kasisahan ingkang badhe tumempuh dhateng bapa kawula.”
1 Ing kono sang Yusuf wus ora kuwat nahan panggalihe maneh ana ing ngarepe kang padha sowan, banjur ngandika seru: “Wong kabeh padha konen metu saka ing kene!” Dadi ing ngarsane Sang Yusuf wus ora ana wong siji-sijia, nalika panjenengane mblakakake sarira marang para sadhereke. 2Sawuse mangkono Sang Yusuf banjur muwun seru banget, nganti keprungu wong Mesir, malah iya nganti keprungu para santanane Sang Prabu Pringon. 3Pangandikane Sang Yusuf marang para sadhereke: “Aku iki Yusuf, bapak apa isih sugeng?” Nanging para sadhereke padha ora bisa ngaturake wangsulan, marga saka wedi lan geter ana ing ngarsane. 4Sang Yusuf tumuli ngandika maneh marang para sadhereke: “Padha majua ta, nyedhaka mrene!” Tumuli padha maju. Sarta dipangandikani maneh: “Aku iki Yusuf adhimu, kang padha kok edol menyang tanah Mesir. 5Nanging saiki aja padha susah lan aja nggrantes, awit saka anggonmu wus ngedol aku mrene, awit Gusti Allah kang ngutus aku ndhisiki kowe supaya mitulungi urip. 6Sabab nagara kene iki anggone katempuh ing pailan wus rong taun, mangka bakale isih limang taun engkas ora ana wong mluku utawa panen. 7Mulane Gusti Allah ngutus aku ndhisiki kowe, supaya turunmu bisa lestari ana ing bumi iki lan supaya kowe kapitulungana urip, satemah panunggalanmu sabagean gedhe bisa kapitulungan. 8Dadine dudu kowe kang akon aku mrene, nanging Gusti Allah, Iya Panjenengane kang mrenahake aku dadi ramane Sang Prabu Pringon, lan mengku sakedhaton kabeh apadene nguwasani tanah Mesir kabeh. 9Dienggal padha balia menyang ngarsane rama, lan matura mangkene: Piwelingipun ingkang putra Yusuf makaten: Gusti Allah sampun ngangkat kula dados ingkang nguwaosi satanah Mesir sadaya, sumangga kula aturi rawuh dhateng panggenan kula, sampun ngentosi punapa-punapa. 10Rama kula aturi dedalem wonten ing tanah Gosyen celak kaliyan kula, inggih rama dalah putra wayah, menda-menda lan lembu tuwin sadaya kagunganipun rama. 11Dene kula ingkang badhe nyekapi sadaya kabetahanipun rama, awit pailan punika taksih gangsal taun malih dangunipun, supados rama sakulawarga sampun ngantos dhumawah ing kamlaratan, punapa dene sadaya tiyang ingkang ndherek rama. 12Lah kowe lan adhiku Benyamin wus padha ndeleng dhewe, yen kang ngandhani kowe kabeh iki aku dhewe. 13Marga saka iku ramaku critanana bab kaluhuranku ana ing tanah Mesir kene, lan sabarang kang wus padha kokdeleng nuli dienggal ramaku dherekna mrene!” 14Kang rayi Benyamin banjur dirangkul gulune kanthi muwun, sarta Benyamin iya nangis ana ing astane Sang Yusuf. 15Sang Yusuf banjur ngarasi lan ngrangkuli para sadhereke klawan muwun. Sawuse mangkono para sadhereke lagi padha guneman karo Sang Yusuf.
16Nalika ana ing kedhatone Sang Prabu Pringon keprungu pawarta, yen sadherek-sadhereke Sang Yusuf padha teka, ndadekake keparenge Sang Prabu Pringon dalah para punggawane. 17Sang Pringon banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Tutura marang para sadulurira, padha nglakonana mangkene: Kewanmu padha momotana lan endang muliha menyang ing tanah Kanaan, 18bapakira lan brayatira padha boyongana lan sowana mrene, ingsun bakal maringake apa kang becik dhewe ing tanah Mesir, sira bakal padha ngrasakake kemakmurane tanah kene. 19Sabanjure sira tampa dhawuh supaya akona mangkene marang wong-wong mau: Padha nglakonana mangkene: Anggawaa kreta saka tanah Mesir kanggo anak-anakira lan somahira, bapakira sira papaga mrana, sarta endang sowana mrene! 20Karomaneh sira aja padha rumangsa owel ninggal barang-barangira, awit apa kang becik dhewe ing tanah Mesir iki bakal dadi darbekira.”
21Para putrane Rama Israel tumuli padha nglakoni mangkono, sarta padha diparingi kreta dening Sang Yusuf miturut dhawuhe Sang Prabu Pringon, uga padha diparingi sangu kanggo ana ing dalan. 22Karomaneh siji-sijine diparingi panganggo sapangadeg lan Benyamin diparingi telung atus dhuwit salaka lan sandhangan limang pangadeg. 23Kajaba iku kang rama iya dikirimi kuldi lanang sepuluh, dimomoti barang-barang kang becik dhewe ana ing Mesir, apamaneh kuldi wadon sepuluh, dimomoti gandum, roti lan sangu liyane kagem ramane ana ing dalan. 24Sadhereke banjur padha dililani budhal, sarta diweling mangkene: “Ana ing dalan aja padha tutuh-tinutuh!”
25Kaya mangkono anggone padha budhal saka ing tanah Mesir lan banjur tekan ing tanah Kanaan, ing ngarsana Rama Yakub kang rama. 26Tumuli padha carita, ature: “Yusuf taksih gesang, malah jumeneng pangageng nguwaosi satanah Mesir sadaya!” Nanging Rama Yakub ora maelu, marga ora ngandel marang ature para putrane. 27Nanging bareng wus diaturi sakehe piwelinge Sang Yusuf, sarta bareng mirsani kreta kintunane Sang Yusuf kanggo methuk, semangate Rama Yakub, ramane dadi pulih maneh. 28Rama Israel ngandika: “Wus cukup, anakku Yusuf isih urip! Aku arep mangkat lan kepengin ketemu sadurunge aku mati.”
1Rama Israel banjur budhal dalah sakagungane kabeh, bareng tindake rawuh ing Bersyeba tumuli nyaosake kurban sembelehan konjuk marang Allahe kang rama Iskak. 2Gusti Allah ngandika marang Rama Israel sajroning wahyu ing wayah bengi, dhawuhe: “Yakub, Yakub!” Unjuke: “Kawula nuwun, kula.” 3Pangandikane Gusti Allah: “Ingsun iki Allah, iya Allahe bapakira, sira aja wedi lunga menyang Mesir, awitdene ana ing kana sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe. 4Ingsun piyambak kang nunggil lakunira menyang Mesir lan uga kang bakal ngirid lakunira bali maneh, karodene tangane Yusuf kang bakal ngeremake mripatira.” 5Rama Yakub tumuli tindak saka ing Bersyeba, dene para putrane Rama Israel kang mboyong Rama Yakub ramane, dalah anak-somahe dhewe-dhewe padha nunggang kreta kintunane Sang Prabu Pringon kang dianggo mapag. 6Karodene iya padha nggawa raja-kayane lan barang darbeke, oleh-olehane ana ing tanah Kanaan. Banjur kabeh wus padha tekan ing tanah Mesir, yaiku Rama Yakub lan satedhake kabeh, padha bebarengan karo panjenengane. 7Para putra lan wayahe lanang lan wadon, satedhake kabeh padha diboyongi menyang ing tanah Mesir.
8Iki jenenge para putrane Rama Israel kang padha teka ing Tanah Mesir, yaiku Rama Yakub lan para tedhake: Pembajenge Rama Yakub iku Ruben. 9Anak-anake Ruben: Henokh, Palu, Hezron lan Karmi. 10Anak-anake Simeon: Yemuel, Yamin, Ohad, Yakhin lan Zohar, sarta Saul anake wong wadon Kanaan. 11Anak-anake Lewi: Gerson, Kehat lan Merari. 12Anak-anake Yehuda: Er, Onan, Syela, Peres lan Zerah, nanging Er lan Onan wus padha mati ana ing tanah Kanaan; lan anak-anake Peres yaiku: Hezron lan Hamul. 13Anak-anake Isakhar: Tola, Pua, Ayub lan Simron. 14Anak-anake Zebulon yaiku: Sered, Elon lan Yahleel. 15Iku mau para turune Ibu Lea patutan saka Rama Yakub ana ing Padan-Aram, samono uga Dina putrane putri. Dadi putra wayahe lanang wadon iku gunggunge kabeh telung puluh telu. 16Anak-anake Gad yaiku: Zifyon, Khagi, Syuni, Ezbon, Eri, Arodi lan Areli. 17Anak-anake Asyer yaiku: Yimna, Yiswa, Yiswi lan Beria, lan sadulure wadon jenenge: Serah. Anak-anake Beria yaiku: Heber lan Malkiel. 18Iku mau anak-putune Zilpa, selir anggone menehi Laban marang anake wadon Lea; dadi Zilpa anggone patutan karo Yakub iku gunggunge nembelas. 19Putrane ibu Rakhel garwane Rama Yakub, yaiku: Sang Yusuf lan Benyamin. 20Sang Yusuf ana ing Mesir peputra Manasye lan Efraim, patutan karo Sang Putri Asnat putrane putri Sang Potifera imam ing On. 21Anak-anake Benyamin yaiku: Bela, Bekher, Asybel, Gera, Naaman, Ekhi, Rosy, Mupim, Hupim lan Ared. 22Iku para putrane Ibu Rakhel patutan saka Rama Yakub, kabeh gunggunge jiwa patbelas. 23Anake Dhan: Husim. 24Anak-anake Naftali yaiku: Yahzeel, Guni, Yezer lan Syilem. 25Iku anak-putune Bilha, yaiku selir anggone menehi Pak Laban marang Ibu Rakhel, anake wadon; dadi Bilha olehe patutan karo Yakub iku gunggunge jiwa pitu. 26Sakehe wong kang ndherek Rama Yakub menyang Mesir, yaiku para putrane, kejaba somahe para putrane, kabeh gunggunge sawidak nem. 27Karodene putrane Sang Yusuf kang miyos ana ing tanah Mesir iku cacahe loro. Dadi brayate Rama Yakub kang teka ing tanah Mesir iku kabeh gunggunge pitung puluh.
28Yehuda diutus dening Rama Yakub ndhisiki tindake nemoni Sang Yusuf, supaya Sang Yusuf nemoni kang ramane ana ing tanah Gosyen. Wasana lakune padha tekan ing tanah Gosyen. 29Sang Yusuf banjur dhawuh ngrakiti kretane sarta tindak methukake kang Rama Israel menyang Gosyen. Bareng wus ketemu karo kang rama, banjur ngrangkul janggane lan suwe pamuwune ana ing astane Rama Yakub. 30Rama Israel banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Wis, saiki aku trima mati, dene wus bisa nyawang kowe lan weruh yen kowe isih urip.” 31Sang Yusuf tumuli ngandika marang para sadhereke lan marang brayate kang rama: “Aku dakngadhep marang Sang Prabu Pringon, ngunjuki uninga: Sadherek kawula saha brayatipun bapa kawula, ingkang manggen wonten ing tanah Kanaan, sampun sami dhateng ing panggenan kawula. 32Wondene tiyang-tiyang punika panggaotanipun sami angen menda, amargi sami ngingah raja-kaya, sarta mendanipun lembunipun, saha sadaya barang darbekipun sampun sami dipun bekta. 33Kang iku samangsa kowe ditimbali Sang Prabu Pringon sarta kadangu: Panggaotanmu apa? 34Kowe nuli munjuka: Abdi dalem punika sami ngingah raja-kaya wiwit alit mila ngantos sapriki, inggih kawula, inggih para leluhur kawula. Iku supaya kowe padha diparengna manggon ana ing tanah Gosyen.” Awitdene wong Mesir iku nganggep nistha marang kabeh pangon wedhus.
1Rama Israel banjur budhal dalah sakagungane kabeh, bareng tindake rawuh ing Bersyeba tumuli nyaosake kurban sembelehan konjuk marang Allahe kang rama Iskak. 2Gusti Allah ngandika marang Rama Israel sajroning wahyu ing wayah bengi, dhawuhe: “Yakub, Yakub!” Unjuke: “Kawula nuwun, kula.” 3Pangandikane Gusti Allah: “Ingsun iki Allah, iya Allahe bapakira, sira aja wedi lunga menyang Mesir, awitdene ana ing kana sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe. 4Ingsun piyambak kang nunggil lakunira menyang Mesir lan uga kang bakal ngirid lakunira bali maneh, karodene tangane Yusuf kang bakal ngeremake mripatira.” 5Rama Yakub tumuli tindak saka ing Bersyeba, dene para putrane Rama Israel kang mboyong Rama Yakub ramane, dalah anak-somahe dhewe-dhewe padha nunggang kreta kintunane Sang Prabu Pringon kang dianggo mapag. 6Karodene iya padha nggawa raja-kayane lan barang darbeke, oleh-olehane ana ing tanah Kanaan. Banjur kabeh wus padha tekan ing tanah Mesir, yaiku Rama Yakub lan satedhake kabeh, padha bebarengan karo panjenengane. 7Para putra lan wayahe lanang lan wadon, satedhake kabeh padha diboyongi menyang ing tanah Mesir.
8Iki jenenge para putrane Rama Israel kang padha teka ing Tanah Mesir, yaiku Rama Yakub lan para tedhake: Pembajenge Rama Yakub iku Ruben. 9Anak-anake Ruben: Henokh, Palu, Hezron lan Karmi. 10Anak-anake Simeon: Yemuel, Yamin, Ohad, Yakhin lan Zohar, sarta Saul anake wong wadon Kanaan. 11Anak-anake Lewi: Gerson, Kehat lan Merari. 12Anak-anake Yehuda: Er, Onan, Syela, Peres lan Zerah, nanging Er lan Onan wus padha mati ana ing tanah Kanaan; lan anak-anake Peres yaiku: Hezron lan Hamul. 13Anak-anake Isakhar: Tola, Pua, Ayub lan Simron. 14Anak-anake Zebulon yaiku: Sered, Elon lan Yahleel. 15Iku mau para turune Ibu Lea patutan saka Rama Yakub ana ing Padan-Aram, samono uga Dina putrane putri. Dadi putra wayahe lanang wadon iku gunggunge kabeh telung puluh telu. 16Anak-anake Gad yaiku: Zifyon, Khagi, Syuni, Ezbon, Eri, Arodi lan Areli. 17Anak-anake Asyer yaiku: Yimna, Yiswa, Yiswi lan Beria, lan sadulure wadon jenenge: Serah. Anak-anake Beria yaiku: Heber lan Malkiel. 18Iku mau anak-putune Zilpa, selir anggone menehi Laban marang anake wadon Lea; dadi Zilpa anggone patutan karo Yakub iku gunggunge nembelas. 19Putrane ibu Rakhel garwane Rama Yakub, yaiku: Sang Yusuf lan Benyamin. 20Sang Yusuf ana ing Mesir peputra Manasye lan Efraim, patutan karo Sang Putri Asnat putrane putri Sang Potifera imam ing On. 21Anak-anake Benyamin yaiku: Bela, Bekher, Asybel, Gera, Naaman, Ekhi, Rosy, Mupim, Hupim lan Ared. 22Iku para putrane Ibu Rakhel patutan saka Rama Yakub, kabeh gunggunge jiwa patbelas. 23Anake Dhan: Husim. 24Anak-anake Naftali yaiku: Yahzeel, Guni, Yezer lan Syilem. 25Iku anak-putune Bilha, yaiku selir anggone menehi Pak Laban marang Ibu Rakhel, anake wadon; dadi Bilha olehe patutan karo Yakub iku gunggunge jiwa pitu. 26Sakehe wong kang ndherek Rama Yakub menyang Mesir, yaiku para putrane, kejaba somahe para putrane, kabeh gunggunge sawidak nem. 27Karodene putrane Sang Yusuf kang miyos ana ing tanah Mesir iku cacahe loro. Dadi brayate Rama Yakub kang teka ing tanah Mesir iku kabeh gunggunge pitung puluh.
28Yehuda diutus dening Rama Yakub ndhisiki tindake nemoni Sang Yusuf, supaya Sang Yusuf nemoni kang ramane ana ing tanah Gosyen. Wasana lakune padha tekan ing tanah Gosyen. 29Sang Yusuf banjur dhawuh ngrakiti kretane sarta tindak methukake kang Rama Israel menyang Gosyen. Bareng wus ketemu karo kang rama, banjur ngrangkul janggane lan suwe pamuwune ana ing astane Rama Yakub. 30Rama Israel banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Wis, saiki aku trima mati, dene wus bisa nyawang kowe lan weruh yen kowe isih urip.” 31Sang Yusuf tumuli ngandika marang para sadhereke lan marang brayate kang rama: “Aku dakngadhep marang Sang Prabu Pringon, ngunjuki uninga: Sadherek kawula saha brayatipun bapa kawula, ingkang manggen wonten ing tanah Kanaan, sampun sami dhateng ing panggenan kawula. 32Wondene tiyang-tiyang punika panggaotanipun sami angen menda, amargi sami ngingah raja-kaya, sarta mendanipun lembunipun, saha sadaya barang darbekipun sampun sami dipun bekta. 33Kang iku samangsa kowe ditimbali Sang Prabu Pringon sarta kadangu: Panggaotanmu apa? 34Kowe nuli munjuka: Abdi dalem punika sami ngingah raja-kaya wiwit alit mila ngantos sapriki, inggih kawula, inggih para leluhur kawula. Iku supaya kowe padha diparengna manggon ana ing tanah Gosyen.” Awitdene wong Mesir iku nganggep nistha marang kabeh pangon wedhus.
1Sawuse mangkono Sang Yusuf banjur sowan ngunjuki uninga marang Sang Prabu Pringon, unjuke: “Bapa kawula kaliyan para sadherek kawula sampun sami dhateng saking tanah Kanaan mbekta menda saha lembunipun punapa dene sabarang gadhahanipun sadaya, sapunika wonten ing tanah Gosyen.” 2Para sadhereke ana lima kang diajak ngadhep Sang Prabu Pringon. 3Sang Prabu Pringon tumuli ndangu marang para sadhereke Sang Yusuf mau: “Apa kang dadi panggaotanira?” Unjuke kang kadangu marang Sang Prabu Pringon: “Abdi dalem sami tiyang angen menda ugi para leluhur kawula.” 4Karomaneh unjuke marang Sang Prabu Pringon: “Dhateng kawula badhe sami dados tiyang neneka wonten ing tanah ngriki, margi sampun boten wonten pangenan kangge menda-menda gadhahanipun dalem, awitdene tanah Kanaan ngrika kambah pailan ngedab-edabi, pramila abdi dalem mugi sami kelilana manggen wonten ing tanah Gosyen.” 5Sang Prabu Pringon banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Bapakira lan sadulurira padha nekani sira, 6tanah Mesir iki ngeblag tumrap sira. Bapakira lan sadulurira tuduhana panggonan kang becik dhewe, kareben padha manggon ana ing tanah Gosyen. Dene manawa sira weruh ing saantarane panunggalanira ana kang trengginas, padha sira dadekna pemimpin pangoning raja-kaya kagunganingsun.”
7Sang Yusuf tumuli uga ngirid kang Rama Yakub sowan ing ngarsane Sang Prabu Pringon. Rama Yakub nyuwunake berkah Sang Prabu Pringon. 8Pandangune Sang Prabu Pringon marang Rama Yakub: “Sampeyan sampun umur pinten taun?” 9Unjuke Rama Yakub marang Sang Prabu Pringon: “Etanging taun-taun anggen kawula nglembara dados tiyang neneka punika satus tigang dasa taun. Cacahing taunipun gesang kawula namung sakedhik, nanging kathah karibedanipun; boten saged nututi umuripun para leluhur kawula ing nalikanipun sami nglembara dados tiyang neneka.” 10Rama Yakub tumuli nyuwunake berkah Sang Prabu Pringon; sawuse iku banjur mundur saka ngarsane Sang Prabu Pringon. 11Sang Yusuf tumuli mrenahake pamanggone kang rama lan sadulur-sadulure, padha diedumi wewenang nduweni bumi ana ing kono, kaya kang kadhawuhake dening Sang Prabu Pringon. 12Karodene Sang Yusuf nyekapi panggesangane kang rama, sadherek-sadhereke lan sabrayate kang rama, miturut cacahe anak-anake.
Apa kang katindakake Sang Yusuf ing sajrone mangsa pailan
47:13-26
13Ing saindenging nagara kono ora ana pangan, marga pailane luwih dening abot, nganti wong satanah Mesir lan satanah Kanaan padha nglentere lan lemes dening pailan mau. 14Sang Yusuf nuli nglempakake dhuwit kang ketemu ana ing tanah Mesir lan ing tanah Kanaan, yaiku dhuwit patukone gandum; dene dhuwit-dhuwite mau digawa mlebu menyang ing kratone Sang Prabu Pringon. 15Bareng ing tanah Mesir lan ing tanah Kanaan wus ora ana dhuwit, wong-wong Mesir padha seba marang ing ngarsane Sang Yusuf sarta matur: “Kawula mugi panjenengan dalem paringi tedha, punapa kawula kedah pejah wonten ngarsa dalem ngriki? Margi sampun sami boten gadhah arta malih.” 16Paring wangsulane sang Yusuf: “Manawa wus padha ora duwe dhuwit, raja-kayamu aturna, kowe bakal dakwenehi pangan, minangka ijole raja-kayamu.” 17Raja-kayane banjur padha diaturake marang Sang Yusuf. Sang Yusuf tumuli maringi pangan minangka ijole jaran, pepanthan wedhus, pepanthan sapi apadene kuldi; dadi setaun iku wong-wong mau padha dicukupi pangane minangka ijole raja-kayane. 18Sawuse kliwat setaun, wong-wonge banjur padha seba maneh marang ngarsane Sang Yusuf ing taun kang kapindhone, ature: “Boten sisah kawula selak wonten ngarsanipun gusti kawula, sarehning arta sampun telas, sarta sawontenipun raja-kaya sampun katur sadaya dhateng gusti kawula, dados sampun boten wonten malih ingkang kawula aturaken ing ngarsanipun gusti kawula, kejawi namung badan kawula saha pasiten kawula. 19Punapa kawula sami kedah pejah wonten ngarsanipun gusti kawula, inggih kawula dalah pasiten kawula? Panjenengan dalem mugi karsaa mundhut badan saha pasiten kawula kalintonana tedha, dene kawula dalah pasiten kawula badhe lumados dhateng Sang Prabu Pringon. Sarta malih panjenengan dalem mugi karsaa maringi winih, supados kawula sami gesang, sampun ngantos pejah, saha bumi ing ngriki sampun ngantos dados cengkar.” 20Sang Yusuf banjur mundhut kabeh tanahe wong Mesir dadi kagungane Sang Prabu Pringon, awitdene siji-sijine wong Mesir padha ngedol pategalane marga saka bangeting pailan kang dialami. Kaya mangkono satanah kabeh dadi kagungane Sang Prabu Pringon. 21Dene mungguh rakyate iku padha dimagawekake wiwit saka wates sisih kene nganti tekan wates sisih kana. 22Mung bumi darbeke para imam iku ora dipundhut, marga para imam iku padha tampa cadhong tetep saka Sang Prabu Pringon, sarta anggone padha mangan saka peparinge Sang Prabu Pringon iku, mulane padha ora ngedol palemahane. 23Sang Yusuf tumuli ngandika marang rakyat mau: “Lah wiwit dina iki kowe dalah palemahanmu wus daktuku dadi kagungane Sang Prabu Pringon. Enya, iki winih, supaya kowe bisa nyebari lemah iku. 24Dene mungguh pametune iku: sapralimane ladekna marang Sang Prabu Pringon, dene kang patang pralimane iku dadia pandumanmu kanggo winih lan kanggo panganmu lan brayatmu apadene anak-anakmu.” 25Ature wong akeh iku: “Panjenengan dalem ingkang mitulungi gesang kawula, uger kawula sami manggih sih wonten ing ngarsanipun gusti kawula, kawula badhe nglampahi dados abdinipun Sang Prabu Pringon.” 26Mangkono dadine pranatan iku ditetepake dening Sang Yusuf dadi undhang-undhang kang lestari nganti saprene tumrap bumine wong Mesir, yaiku sapralimane pametune iku dadi kagungane Sang Pringon, mung palemahane para imam ora dadi kagungane Sang Prabu Pringon.
Wekasane sugenge Rama Yakub
47:27-31
27Anadene pamanggone Israel ana tanah Mesir iku ana ing tanah Gosyen, lan padha dadi pendhudhuk ing kono, sarta padha bebranahan lan tangkar-tumangkar nganti dadi akeh banget. 28Rama Yakub ana ing tanah Mesir isih kaparingan yuswa pitulas taun. 29Nalika Rama Israel wus ngarapake seda, banjur nimbali kang putra Sang Yusuf, lan dipangandikani: “Manawa aku oleh sihmu, bok tanganmu tumpangna ing sangisore cethikku, sarta sumpaha, yen bakal nandukake katresnan lan kasetyan marang aku, yaiku: Aku aja kokkubur ana ing tanah Mesir! 30Aku kepengin ana ing palereman amor karo para leluhurku. Kang iku aku gawanen metu saka ing tanah Mesir lan kuburen ana ing pasareane.” Ature Sang Yusuf: “Kula badhe ngestokaken sadhawuhipun rama.” 31Pangandikane Rama Yakub: “Kowe sumpaha!” Sang Yusuf banjur supaos ana ing ngarsane. Rama Israel banjur sujud madhep ing pasareane kang sisih dhuwur.