Skip to content
Home » Digawe Miturut Gambare Allah

Digawe Miturut Gambare Allah

Al-Qur’an nyritakake lelakon nalika bangsa Israel nggawe reca brahala pedhet emas. Kedadeyan iki kedadeyan nalika Nabi Musa AS metu saka kemahe kanggo nampa Hukum (Taurat).

Lan wonge Musa ing sa-pungkure dheweke, agawe pedheta bakale raja brana papaese mung sawijining awak, mawa uni. Apa ta dheweke padha ora weruh yen iku ora calathu marang dheweke sarta ora anuduhake dalan marang dheweke. Dheweke padha angalap iku sarta padha atindak dudu.

[QS 7:148 (Al-A’raf)]

Kanthi kesalahan gedhe sing ditindakake iku, Taurat banjur nyathet yen Allah ngetokaké dhawuh sing tetep. Iki pepakon katelu ing Sepuluh Prentah :

8Sira aja gawe reca kang awujud apa bae kang ana ing langit dhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene ing banyu sangisore bumi. 9Sira aja sujud utawa nyembah marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iku Allah kang butajengan, kang males kaluputane para bapa marang anak-anake lan marang turune kang katelu lan kaping pat, wong-wong kang sengit marang Ingsun; 10nanging Ingsun nandukake sih-palimirma marang wong ewon-ewon kang padha tresna marang Ingsun lan netepi marang pepakenngSun.

Andharaning Torét 5:8

[Ulangan 5:8]

Ora ono Gambare

Cetha yen Qur’an lan Taurat nglarang nggawe gambar. Loro-lorone nyatakake yen gambar kasebut nyebabake nyembah brahala, nyembah gambar palsu, tinimbang nyembah marang Sang Pencipta Sejati.

Satemene saben gambar apa wae sing digawe manungsa iku ora ana nyawane lan tanpa wicara, kaya pedhet emas sing digawe dening Nabi Harun nalika Nabi Musa ora ana.

Nanging, apa Sang Pencipta bisa nyiptakake apa sing dadi gambaran sing cukup kanggo nggambarake awake dhewe saka sing ora ana? Penciptaan jagad sing diterangake ing Taurat nyatakake yen dheweke nindakake iki. Ing bab kapisan, Taurat nyathet:

26Gusti Allah banjur ngandika: “Mara Kita akarya manungsa kang mirib gambar lan pasemon Kita, iku pada nguwasanana iwak ing segara, manuk ing awang-awang, lan kewan ingon tuwin bumi iki kabeh sarta marang sarupane kewan kang gumremet ana ing bumi.” 27Gusti Allah tumuli nitahake manungsa miturut gambare, anggone nitahake mirib gambaring Allah, lanang karo wadon anggone nitahake.

Purwaning Dumadi 1:26-27

[Kejadian 1:26-27]

“Miturut Gambare Gusti Allah”

Apa tegese Tuhan utawa Gusti Allah nitahake manungsa ‘miturut gambare Gusti Allah’? Kuwi ora ateges Gusti Allah duwe tangan loro lan sirah. Nanging, Taurat tegese ciri dhasar kita asale saka Gusti Allah. Ciri dhasar non-fisik manungsa asale saka ciri sing padha marang Gusti Allah. Ing Kitab suci, Allah bisa nelangsa, lara, nesu utawa bungah – emosi sing padha karo kita. Manungsa nggawe pilihan lan keputusan saben dina. Allah uga nggawe pilihan lan keputusan. Manungsa bisa nalar lan Allah pun uga biso nalar. Manungsa duwe kapasitas akal, emosi lan karsane amarga Gusti Allah luwih dhisik duwe iku, lan Panjenengane nggawe kita (manungsa) miturut gambare. Panjenenganipun menika sumber saka apa anane kita.

Awake dhewe sadar lan ngerti babagan ‘aku’ lan ‘sampeyan’. Awake dewe dudu ‘iku’ sing ora termasuk pribadi. Sampeyan kaya ngene iku amarga Allah iku yo kaya ngene iki. Gusti Allah sing ngutus para nabi iku pribadine dudu kaya ‘Force’ sing ono ing film seri Star Wars. Amarga Panjenengane nitahake kita (manungsa) miturut gambare, kita pun uga ora.

Kadhosmenapa awake dhewe nyenengi Kaendahan?

Kita uga ngajeni kagunan, drama lan kaendahan. Kita mbutuhake kaendahan ing lingkungan kita. Gendhing maringi werna urip kita lan nggawe kita tansah nari. Kita ndhemeni carita kang apik amarga carita nduweni pahlawan, penjahat lan drama. Carita-carita kang hebat manggonake para pahlawan, penjahat lan drama iki menyang jero imajinasi kita. Kita migunakake kagunan jroning sawetara wangun kanggo nyenengake, ngenengake, lan nyegerake awake dhewe amarga Gusti Allah yaiku seniman lan kita digawe manut gambare. Iki minangka pitakonan sing kudu ditakoni:  Apa sebabe kita nggoleki kaendahan ing drama, musik, tari, alam utawa sastra?   Daniel Dennett, ateis sing blak-blakan lan ahli babagan pemahaman otak, mangsuli saka perspektif ateis:

“Menapa gendhing ana? Ana jawaban singkat, lan pancen bener, nganti saiki: gendhing ana amarga kita tresna lan mula kita terus nggawe luwih akeh. Nanging menapa kita tresna? Amarga awake dhewe nganggep iku endhah. Nanging menapa kok endhah marang awake dhewe? Iki minangka pitakonan biologis sing apik banget, nanging durung ana wangsulan kang bener.

Daniel Dennett. Nugel Mantra: Agama dadi Fenomena Alami.  halaman 43

[Daniel Dennett.  Breaking the Spell: Religion as a Natural Phenomenon.  p. 43]

Kaligrafi: wangun kagunan liyane kang awake dhewe temokake endah lan ateges

Saliyane Allah, ora ana wangsulan kang jelas sebab apa kabehing wangun kagunan mangkono wigati kanggo awake dhewe, lan menapa awake dhewe nganggepe endah. Saka sudut pandhang Taurat, iku amarga Allah nyiptakake kabeh apa-apa karo endah lan nikmati kaendahan iku. Awake dhewe, kang digawe manut gambar-ipun, iku padha. Ajaran iki sing ngandharake katresnan awake dhewe marang kagunan.

Kaendahan ing Matematika

Matematika raket banget gayutane karo kaendahan estetika. Pola saka rasio geometris ngasilke fraktal lan wangun liya kang awake dhewe anggep endah lan elegan kanthi matematis. Tonton vidhio iki kang nerangake keanggunan Kumpulan Mandelbrot lan takokake menapa konsep abstrak kaya angka iku katon ngatur prilaku alam jagat. Lan apa sebabe awake dhewe ngajeni kaendahane.


Kadhosmenapa awake dhewe Bermoral

Dadi ‘digawe miturut gambar Gusti Allah’ nerangake raos moralitas intrinsik awake dhewe. Awake dhewe ngerteni apa iku prilaku kang ‘salah’ lan apa iku prilaku kang ‘becik’ – sanajan basa lan budaya awake dhewe seje banget. Penalaran moral ana ‘ing jero’ awake dhewe. Minangka kang ditembungake dening ateis kondhang Richard Dawkins:

“Sing ngendhaleni penilaian moral awake dhewe yaiku tata basa moral umum… Kaya dene basa, prinsip-prinsip kang mbentuk tata basa moral awake dhewe sing ora disadari dening kita”

Richard Dawkins, Delusine Gusti Allah. halaman. 223
[Richard Dawkins,The God Delusion. p. 223]

Dawkins nerangake menawa bener lan salah wis ketandhur ing jero awake dhewe kayata kemampuan alami awake dhewe kanggo sinau basa, nanging angel kanggo dheweke (Dawkins) nerangake apa sebabe awake dhewe kaya ngene. Kesalahpahaman kedadeyan nalika awake dhewe ora ngakoni Allah sing kang menehi awake dhewe kompas moral. Jupuk tuladha bantahan saka ateis kondhang liyane, Sam Harris.

“Yen sampeyan yakin kanthi bener manawa kapercayan agama sing mung menehi dhasar sejatine moralitas, mula ateis kudune kurang bermoral tinimbang wong sing percaya.”

Sam Harris. 2005. Layang kanggo Bangsa Kristen halaman.38-39

[Sam Harris. 2005. Letter to a Christian Nation p.38-39]

Harris salah paham. Taurat nyariosaken dhateng awake dhewe menawa raos moral awake dhewe punika asalipun saking penciptaanne miturut gambaripun Gusti Allah, dudu saking agami. Lan iku lah mergane atheis, kayata awake dhewe kabeh, duwe rasa moral lan bisa tumindak kanthi bermoral. Nanging atheis ora ngerti menapa awake dhewe kaya ngono.

Kadhosmenapa awake dhewe dadi Mbentuk Sesambungan?

Titik wiwitan kanggo mangerteni awake dhewe yaiku ngerteni manawa sampeyan digawe miturut gambar Sang Pencipta. Ora angel gawe ngerteni pentinge sesambungan karo wong liya. Ndeleng film kang apik oleh wae, nanging luwih apik menawa ndeleng bareng kanca. Satemene, awake dhewe ngupadi kanca lan kulawarga kanggo nuduhake pengalaman lan nambah kesejahteraan awake dhewe.

Sawangsule, kesepian lan rusake sesambungan kulawarga utawa persahabatan nggawe awake dhewe stres.

Gusti Allah iku Katresnan

Menawa awake dhewe digawe manut gambar allah, mula awake dhewe bakal nyana kanggo nemokake penekanan kang padha karo Gusti Allah – lan pancen mangkono. Injil sanjang menawa

“…Gusti Allah iku katresnan.”

1 Yokanan 4:8

[1 Yohanes 4:8]

Kitab Suci nulis akèh bab sepira pentingé katresnané Gusti Allah marang Panjenengané lan wong liya. Kanjeng Nabi Isa al-Masih paring piwulang bilih kalih dhawuh ingkang utami inggih punika bab katresnan.

Menawa awake dhewe mung nganggep Allah minangka ‘Maha Agung’ awake dhewe ora mikirake wahyu ing kitab suci. Sawangsule, awake dhewe nyiptakake tuhan ing jero bayangan awake dhewe. Sanadyan Panjenenganipun punika, Panjenenganipun ugi hasrat ing sesambetan. Dheweke ora ‘duwe’ katresnan. Dheweke yaiku ‘tresna’. Alkitab sanjang menawa sang pancipta ya kaya ngono.

Dadi, monggo awake dhewe simpulkan. Manungsa digawe manut gambare Allah, tegesé penggalih, emosi, lan kekajengan. Awak dhewe rumangsani awake dhewe lan wong liya. Awake dhewe ngerti bedane watara bener lan salah. Manungsa mbutuhake kaendahan, drama, kagunan, lan carita jero kabeh wangune. Kanthi alami, awake dhewe ngupadi sesambungan lan kekancan karo wong liya. Panjenengan kaya iki amarga Sang Pancipta kaya iki lan panjenengan wis digawé miturut gambaré. 

Panjenengan -(punika)- Gambaran Nilai

Cathetan 100 pound Mesir nuduhake sphinx

Saiki pikirake luwih lanjut ngenani gambar. Awake dhewe mung manggonake gambar kang terhormat ing lesan kang bernilai. Dadi, mata uang ing meh kabehing nagara nduweni gambar siji pangadeg nagara utawa tokoh kang dipun hormati saka sajarah nagara kasebut. Tuladhane, dhuwit kertas 100 pound Mesir nduweni gambar sphinx ing dhuwure. Iki amarga sphinx minangka warisan nasional Mesir kang dihargai lan kas. Sphinx dudu benda sing lumrah nanging berharga. Panjenengan mboten badhe nate mata uang karo gambar lesan umum kayata jeruk. Nilai intrinsik saka gambar asale ya saka apa gambar iku. Gambar sphinx berharga kanggo wong Mesir mila dheweke kabeh manggonake gambar iku ing apa kang dheweke kabeh hargai, kayata dhuwit.

Mangkono uga, amarga panjenengan digawe miturut gambare Allah (lan ora ing sawetara gambar liya-liyane ) panjenengan berharga sanget. Panjenengan duwe ajining dhiri lan kamulyan ora peduli saka kasugihan, umur, pendhidhikan, status sosial, basa, lan jinis kelamin, mung amarga panjenengan digawe ‘miturut gambare Gusti Allah’. Allah pirsa bab iki lan kepéngin panjenengan uga ngerti.

Nanging Masalah Uga! Kenging punapa?

Nanging menawa Gusti Allah nitahake awake dhewe miturut gambare, kenapa awake dhewe dadi bodho banget. Ing bab kapisan kitab Taurat, Allah nyiptakake manungsa kanggo ngakon, utawa ngatur alam. Nanging ing jamane Nabi Musa manungsa malah padha nyembah alam, kaya pedhet emas. Apa kang kedadeyan saengga urutan iku kuwalik? Yagene jagad iki mangkono kebak karo siklus kerusakan, penderitaan, lan pati sing ora ana enteke yen manungsa digawe miturut gambare?

Taurat nyritakake kepiye kahanan kasebut kedadeyan. Iki nerangake kenapa nalika Allah ndeleng manungsa saiki dheweke weruh (miturut Zabur)

1Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud. Wong punggung mosik ing sajroning atine: “Ora ana Allah.” Apa kang dilakoni iku jember lan nistha, ora ana kang nglakoni kabecikan.

2Saka ing swarga Sang Yehuwah mirsani mangisor marang para anaking manungsa, karsa nguningani apa ana kang kadunungan akal budi lan ngupaya Gusti Allah.

3Wus padha nyimpang kabeh, kabeh wus bejad ora ana kang gawe becik, sijia bae ora ana

Jabur 14:1-3

[Mazmur 14:1-3]

Kita ndeleng sabanjure kanggo ngerti kepiye kedadeyan kasebut .

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *