Skip to content
Home » From Books » Page 3

From Books

Genesis 1 -2

1Ing jaman kawitan Gusti Allah nitahake langit lan bumi. 2Anadene bumi mau campur-bawur lan suwung, segara kesaput ing pepeteng, dene Rohe Gusti Allah nglayang ing sadhuwure banyu.
3 Gusti Allah banjur ngandika: “Anaa pepadhang!” Tumuli ana padhang. 4Padhang mau dipirsani wus becik lan Gusti Allah banjur misahake padhang karo peteng. 5Kang padhang diparingi aran raina, dene kang peteng: wengi. Mangkono wus dadi sore lan esuk: dina kang kapisan.
6 Gusti Allah tumuli ngandika: “Anaa pepenthengan ing antarane banyu, kang misahake banyu karo banyu.” 7Gusti Allah banjur yasa penthengan sarta misahake banyu kang ana ing sangisoring penthengan karo banyu kang ana ing sandhuwure penthengan mau. Lan banjur kelakon. 8Pepenthengan mau diparingi aran: langit. Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kapindho.
9Gusti Allah banjur ngandika: “Banyu kang ana ing sangisore langit ngumpula dadi saenggon, supaya kang asat katona.” Banjur iya kelakon mangkono. 10Kang asat kaparingan aran: bumi, lan kaklumpukane banyu diparingi aran: segara. Kabeh mau dipirsani Gusti Allah wus prayoga.
11Apamaneh pangandikane Gusti Allah: “Bumi metokna thethukulan, tetuwuhan kang ana wijine, wit-witan kang metu wohe warna-warna kang isi wiji ana ing bumi.” Banjur iya kelakon mangkono. 12Bumi banjur nuwuhake thethukulan, sawernaning tetuwuhan kang ana wijine lan sakehing wit-witan kang metokake woh kang isi wiji. Lan iku mau dipirsani Gusti Allah wus prayoga. 13Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk: dina kang katelu.
14Gusti Allah banjur ngandika: “Ing pepenthengan langit anaa pepadhang kanggo merang rina lan wengi, lan padha dadia panengeran sarta titikaning mangsa kang tetep apadene dina lan taun. 15Karomaneh padha dadia pepadhang ana ing pepenthengan langit supaya madhangi bumi.” Lan iya kelakon mangkono. 16Gusti Allah yasa pepadhang gedhe loro, kang gedhe dhewe supaya mengkua ing wayah rina, lan kang kepara cilik supaya mengkua ing wayah bengi, mangkono uga lintang-lintang. 17Iku kabeh padha diprenahake dening Gusti Allah ana ing pepenthengan supaya madhangi bumi, 18lan supaya mengku wayah awan lan bengi, karomaneh kanggo misahake padhang lan peteng. Iku kabeh dipirsani Gusti Allah wus prayoga. 19Kaya mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kaping papat.
20Gusti Allah tumuli ngandika: “Ing banyu anaa makhluk urip kang pating kruwel uyel-uyelan lan bangsa manuk mabura ing sadhuwure bumi ngliwati pepenthengan.” 21Gusti Allah nuli nitahake kewan segara kang gedhe-gedhe lan sawernaning makhluk urip kang pating krogel ana ing banyu, apadene sawernaning manuk kang mawa suwiwi. Sarta iku dipirsani Gusti Allah wus prayoga. 22Kabeh banjur padha diberkahi dening Gusti Allah, pangandikane: “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara ngebakana banyu segara, sarta bangsa manuk tangkar-tumangkara ana ing bumi.” 23Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kaping lima.
24Gusti Allah tumuli ngandika: “Bumi iki metokna makhluk kang urip warna-warna, kewan ingon-ingon, kewan kang rumangkang, lan gumremet sarta kewan alasan warna-warna.” Banjur iya kelakon kaya mangkono. 25Gusti Allah akarya sato-kewan alasan warna-warna, kewan ingon warna-warna, kewan kang gumremet ana ing bumi warna-warna. Sarta iku dipirsani dening Gusti Allah wus prayoga.
26Gusti Allah banjur ngandika: “Mara Kita akarya manungsa kang mirib gambar lan pasemon Kita, iku pada nguwasanana iwak ing segara, manuk ing awang-awang, lan kewan ingon tuwin bumi iki kabeh sarta marang sarupane kewan kang gumremet ana ing bumi.” 27Gusti Allah tumuli nitahake manungsa miturut gambare, anggone nitahake mirib gambaring Allah, lanang karo wadon anggone nitahake. 28Tumuli padha diberkahi lan dipangandikani: “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara; ngebakana bumi lan telukna. Iwak ing segara lan manuk ing awang-awang sarta sakabehing sato-kewan kang rumangkang ana ing bumi iku padha sira kuwasanana.”
29Karomaneh pangandikane Gusti Allah: “Lah ta sira iku padha Sunparingi sarupane thethukulan ing salumahing bumi kang mawa wiji lan sarupane wit-witan kang metokake woh mawa wiji, iku dadia panganira. 30Nanging sakehing sato-kewan ing bumi lan sakehing manuk ing awang-awang tuwin samubarang kang rumangkang ana ing bumi, kang kadunungan nyawa, iku Sunparingi tetuwuhan ijo kang dadi pakane.” Banjur iya kelakon mangkono. 31Gusti Allah tumuli mirsani samubarang yeyasane, lan kabeh wus prayoga linuwih. Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kaping nem.
1Kaya mangkono iku rampunging dumadine langit, bumi lan saisine kabeh. 2Ing dina kang kapitu bareng Gusti Allah wus mungkasi pakaryane anggone yeyasa, ing dina kang kapitu banjur kendel anggone karya samubarang kang wus kayasa iku. 3Gusti Allah tumuli mberkahi dina kapitu iku lan disucekake, marga ing dina iku kendel anggone karya samubarang kabeh kang wus katitahake mau. 4Kaya mangkono caritane langit lan bumi nalika katitahake.
Nalika Sang Yehuwah Allah akarya bumi lan langit, – 5durung ana thethukulan ing bumi lan durung ana tanem-tuwuh kang thukul ana ing ara-ara, marga Gusti Allah durung maringi udan marang bumi lan durung ana wong kang nggarap; 6mung ana pedhut mumbul saka ing bumi kang nelesi salumahing bumi, – 7nalika samana Sang Yehuwah Allah tumuli akarya manungsa, kang kinarya lebuning bumi, iku ing bolonganing irunge disebuli ambekaning urip; mangkono manungsa dadi titah kang urip.
Manungsa lan patamanan Eden
2:8-25
8Karodene Sang Yehuwah Allah yasa patamanan ana ing tanah Eden ing sisih wetan; ana ing kono anggone mapanake manungsa kang wus kadamel mau. 9Sang Yehuwah Allah banjur nukulake wit-witan rupa-rupa saka ing bumi, kang asri dineleng lan becik kanggo pangan, mangkono uga wit panguripan ana ing satengahing patamanan, sarta maneh wit pangawruhing becik lan ala.
10Ana bengawan mili saka ing tanah Eden kang mbanyoni patamanan mau, lan saka ing kono banjur cawang dadi papat: 11kang kapisan jenenge bengawan Pison, kang nekuk ngubengi tanah Hawila kang akeh pametune mas. 12Emas weton ing tanah kono iku becik. Ing kono iya ana blendok bedholah lan sotya soham. 13Bengawan kang kapindho aran: Gihon, iku kang iline nekuk ngubengi satanah Kusy. 14Bengawan kang katelu aran: Tigris, kang iline metu sawetane tanah Asyur; lan kaping papate iku bengawan Efrat.
15Sang Yehuwah Allah mundhut manungsa mau kapapanake ana ing patamanan Eden kakarsakake ngolah lan ngreksa, 16sarta Sang Yehuwah Allah banjur paring dhawuh marang manungsa mangkene: “Sawarnane wohing wit-witan ing patamanan iki kena sira pangan ing sasenengira, 17nanging wit pangawruhing becik lan ala iku wohe aja sira pangan. Dene samangsa sira mangan wohe, mesthi sira bakal mati.”
18Karomaneh ana pangandikane Sang Yehuwah Allah mangkene: “Ora prayoga manungsa iku yen ijen bae; Sunkaryakne rowang kang sembada dadi jodhone.” 19Nalika Sang Yehuwah Allah wus karya sarupane sato-kewan ing ara-ara lan sarupane manuk ing awang-awang saka lemah, banjur padha ditekakake ana ing sangarepe manungsa, karsane supaya pirsa kapriye anggone bakal njenengake, lan jeneng kang diwenehake manungsa marang sadhengah kang urip mau, iya iku dadia jenenge. 20Mangkono dadine manungsa menehi jeneng marang sarupane sato-kewan lan manuk ing awang-awang apadene marang sarupane sato ing ara-ara; mung manungsa kang durung duwe rowang kang sembada dadi jodhone. 21Nuli Sang Yehuwah Allah ndadekake manungsa turu kepati, lan sajrone turu dipundhut igane siji, dene tilas panggonane balung iga mau diiseni daging. 22Iga kang kapundhut saka ing manungsa mau banjur diwangun dening Sang Yehuwah Allah dadi wong wadon, banjur diajokake marang ing ngarepe manungsa. 23Ing kono pangucape manungsa: “Yaiki balung saka balungku lan daging saka dagingku, iku kaaranana wadon, awit kajupuk saka kang lanang.” 24Mulane wong lanang bakal ninggal bapa-biyunge lan rumaket marang bojone, sarta sakarone iku bakal dadi daging siji. 25Anadene manungsa lan bojone sakarone iku padha wuda, nanging ora rumangsa isin.

   

1Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Menjangan wadon ing wayah bangbang wetan. Masmur anggitane Prabu Dawud.
2 Dhuh Allah kawula, Allah kawula, punapaa dene kawula Paduka tegakaken?
Kawula munjuk kalayan sora, nanging Paduka tetep tebih saha boten mitulungi kawula.
3Dhuh Allah kawula, ing wanci siyang kawula sesambat,
nanging Paduka boten paring wangsulan,
ing wanci dalu makaten ugi, nanging kawula inggih boten tentrem.
4Mangka Paduka punika Ingkang Mahasuci ingkang lenggah
ing dhamparing kidung-pangalembananipun Israel.
5Para leluhur kawula sami kumandel dhumateng Paduka;
sami kumandel dhumateng Paduka, nunten Paduka luwari;
6Paduka ingkang dipun sebut, lajeng Paduka entasaken;
sami pitados dhumateng Paduka, lan sami boten kawirangan.
7Nanging kawula punika cacing, sanes manungsa,
dados cacadaning tiyang, cinampahan ing tiyang kathah.
8 Tiyang ingkang nyawang dhateng kawula sami moyoki sadaya,
kalawan ngencepi tuwin gedheg-gedheg, tembungipun makaten:
9 “Wong sumendhe marang Sang Yehuwah, cikben dientasake ing Panjenengane,
cikben Panjenengane kang ngluwari! Wong iku rak dadi renaning panggalihe ta?”
10Inggih, saestu Paduka ingkang nglairaken kawula saking guwa garba;
Paduka ingkang murugaken kawula tentrem wonten ing dhadhanipun biyung kawula.
11Wiwit lair mila kawula kasaosaken dhumateng Paduka,
wiwit nalika kawula wonten ing kandhutaning biyung kawula,
Paduka dados Allah kawula.
12Mugi-mugi Paduka sampun ngantos nebihi kawula,
amargi kasisahan sampun celak,
mangka boten wonten ingkang mitulungi.
13Lembu-lembu jaler kathah ingkang sami ngrubung kawula;
kawula kinepang ing lembu-lembu jaler saking Basan;
14anggenipun sami ngangapaken cangkemipun dhateng kawula
prasasat singa ingkang nubruk lan nggero.
15Kawula ingesokaken kados toya,
sakathahing balung kawula sami pisah saking ros-rosanipun;
manah kawula kados lilin,
leleh wonten ing batos kawula;
16kakiyatan kawula garing kados beling,
ilat kawula kraket ing cethak kawula,
sarta Paduka ingkang nyelehaken kawula wonten ing lebuning pejah.
17Amargi kawula karubung ing segawon,
grombolaning durjana ngepang kawula,
sami nyuduki tangan saha suku kawula.
18Balung-balung kawula saged kawula etang sadaya;
tiyang-tiyang sami ningali, sami nyawang kawula.
19 Sandhangan kawula sami dipun dumdum,
saha jubah kawula dipun gebag ing dhadhu.
20Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, mugi Paduka sampun nebih saking kawula;
dhuh karosan kawula, mugi enggal karsaa mitulungi kawula!
21Kawula mugi Paduka uwalaken saking pedhang,
saha nyawa kawula saking cengkeremaning segawon.
22Mugi ngluwari kawula saking cangkeming singa,
tuwin saking singating bantheng.
Paduka sampun paring wangsulan dhumateng kawula!
23 Kawula badhe martosaken asma Paduka dhateng para sadherek kawula,
Paduka badhe kawula puji wonten ing tengahipun pasamuwan:
24he para wong kang ngabekti marang Sang Yehuwah,
padha nyaosna puji marang Panjenengane,
he sakehing turune Yakub, padha nyaosna urmat marang Panjenengane;
he sakehing turune Israel, padha duwea wedi asih marang Panjenengane.
25Amarga Panjenengane ora mastani asor lan ora jijik
marang kanisthane wong kang katindhes,
sarta ora ngaling-alingi wedanane,
lan miyarsakake nalikane wong mau sesambat nyuwun tulung marang Panjenengane.
26Margi saking Paduka kawula memuji-muji wonten ing pasamuwan ingkang ageng;
nadar kawula badhe kawula luwari wonten ing ngajengipun para tiyang ingkang sami ngabekti dhumateng Paduka.
27Wong andhap asor bakal padha mangan nganti wareg,
wong kang ngupaya Sang Yehuwah bakal ngalembana Panjenengane;
atimu cikben urip ing salawase!
28Poncot-poncoting bumi bakal eling marang iku
lan banjur mratobat marang Sang Yehuwah;
Para bangsa turun-tumurun badhe sami sujud nyembah wonten ing ngarsa Paduka.
29Amarga Sang Yehuwah kang kagungan karaton,
Panjenengane kang ngereh bangsa-bangsa.
30Wong gumedhe ing bumi bakal padha sujud nyembah kabeh marang Panjenengane,
para wong kang tumurun ing lebu lan ora bisa nyambung uripe bakal padha jengkeng ana ing ngarsane.
31Para tedhak-turune padha ngabekti marang Panjenengane,
sarta martakake bab Sang Yehuwah marang para turune.
32Iku kabeh bakal padha martakake kaadilane
marang bangsa kang mengko bakal lair,
marga iku wus katindakake dening Panjenengane.

In the first week

19Bareng ing wayah bengi ing dina kapisan minggu iku para sakabate Gusti Yesus padha nglumpuk ana ing sawijining papan, lawange padha kakancing awit saka wedine marang wong Yahudi. Ing nalika iku Gusti Yesus rawuh jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh!” 20Sawuse ngandika mangkono, tumuli nedahake astane lan lambunge marang para sakabat. Para sakabat iku padha bungah nalika ndeleng Gusti Yesus. 21Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh! Kaya anggonKu kautus dening Sang Rama, kowe saiki iya padha Dakkongkon.” 22Sawuse ngandika mangkono, tumuli padha didamoni, lan dipangandikani: “Padha nampanana Roh Suci. 23Manawa kowe padha ngapura dosane wong, iku dosane diapura, lan manawa kowe padha netepake dosane, iku dosane ditetepake.”
Gusti Yesus ngatingal marang Tomas
20:24-29
24Nanging Tomas, panunggalane sakabat rolas iku, kang karan Dhidhimus, nalika rawuhe Gusti Yesus mau ora nunggal karo kanca-kancane. 25Banjur dikandhani dening para sakabat liyane iku: “Aku wus padha ndeleng Gusti!” Nanging Tomas calathu: “Manawa aku durung ndeleng tabete paku ana ing astane lan sadurunge aku ndulek tilas paku iku nganggo drijiku tuwin lambunge daklodok nganggo tanganku, aku ora bakal ngandel pisan-pisan.”
26Bareng tumeka ing wolung dinane para sakabate Gusti Yesus padha ana ing jero omah iku maneh sarta Tomas iya ana. Gusti Yesus tumuli rawuh nalika lawange padha kakancing, banjur jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe!” 27Nuli ngandika marang Tomas: “Drijimu prenekna, tanganKu tontonen, sarta tanganmu ulungna, lodokna ing lambungKu lan kowe aja nganti ora ngandel maneh, nanging kumandela!” 28Tomas mangsuli, unjuke: “Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!” 29Pangandikane Gusti Yesus: “Amarga kowe wus ndeleng Aku, temah kowe kumandel. Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging kumandel.”
Tujuane Injil iki katulis
20:30-31
30Dhasar isih ana pratandha liyane akeh maneh kang katindakake dening Gusti Yesus ana ing ngarepe para sakabate, kang ora kasebut ana ing kitab iki, 

(YOKANAN 20: 19-30)

After the first week

1Sawuse mangkono, Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate maneh ana ing pinggire sagara Tiberias; dene anggone ngatingal mau mangkene: 2Ana ing pasisir kono kang padha ngumpul: Simon Petrus lan Tomas kang karan Dhidhimus, Natanael kang saka ing kutha Kana tanah Galilea, anake Zebedheus lan sakabate liyane loro. 3Simon Petrus tumuli kandha marang kanca-kancane mau: “Aku arep lunga golek iwak.” Wangsulane kancane: “Aku iya padha melu kowe.” Banjur padha mangkat nunggang prau, nanging sawengi iku padha ora oleh apa-apa. 4Nalika wus bangun esuk, Gusti Yesus jumeneng ana ing gegisik. Nanging para sakabate padha ora ngreti, yen iku Gusti Yesus. 5Gusti Yesus tumuli ngandika: “He, bocah-bocah, apa kowe padha duwe lawuh?” Wangsulane: “Boten.” 6Pangandikane Gusti Yesus: “Jalamu tibakna ing satengene prau, temah kowe bakal padha oleh.” Jalane tumuli ditibakake, nanging banjur ora kena ditarik, awit saka akehe iwake. 7Sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus tumuli kandha marang Petrus: “Iku Gusti.” Bareng Simon Petrus krungu, yen iku Gusti Yesus, tumuli nganggo sandhangane, marga isih ngliga; banjur ambyur ing sagara. 8Praune diajokake dening para sakabat liyane, jalaran ora adoh saka ing dharatan, mung watara rong atus asta, sarta jalane kang kebak iwak iku digered. 9Samentase ing dharatan, para sakabat padha weruh geni areng, lan iwak tumumpang ing geni mau sarta roti. 10Gusti Yesus tumuli ngandika marang para sakabat: “Njupuka iwak sawatara, oleh-olehane anggonmu mentas njala iku!” 11Simon Petrus banjur munggah ing prau lan ngentas jalane menyang ing dharatan, jala iku kebak iwak gedhe-gedhe: nganti satus seket telu kehe. Nanging sanadyan nganti samono kehe, jalane ora bedhah.
12Pangandikane Gusti Yesus marang para sakabat: “Mrenea, padha sarapana.” Ora ana ing antarane para sakabat iku kang wani munjuk pitakon: “Paduka punika sinten?” Amarga wus padha ngreti, yen Panjenengane iku Gusti Yesus. 13Gusti Yesus tumuli majeng, sarta mundhut roti mau, tumuli diparingake marang para sakabat, mangkono uga iwake. 14Iku wus ping telune anggone Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate sawuse wungu saka ing antarane wong mati.
Angona wedhus-wedhusKu
21:15-19
15Sawuse padha sarapan, Gusti Yesus ngandika marang Simon Petrus: “Simon anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku ngluwihi wong-wong iki?” Unjuke Petrus: “Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen cempe-cempeKu!” 16Pangandikane Gusti Yesus maneh marang Petrus kang kapindhone: “Simon, anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku?” Unjuke Petrus: “Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu!” 17Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus kang kaping telune: “Simon, anake Yokanan, apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus dadi sedhih atine amarga Gusti Yesus ndangu kang kaping telune: “Apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus banjur munjuk: “Dhuh, Gusti, Paduka mirsa samukawis, inggih mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu! 18Satemen-temene pituturKu ing kowe: Nalika kowe isih enom, kowe sabukan dhewe lan kowe lumaku menyang ngendi bae kang kokkarepake, nanging besuk manawa kowe wus tuwa, kowe bakal mulung tanganmu lan wong liya kang bakal nyabuki, banjur nggawa kowe menyang panggonan kang ora kokkarepake.” 19Bab iku dipangandikakake kanggo mrasemoni kapriye patrape Petrus anggone bakal mati kanggo ngluhurake Gusti Allah. Sawuse ngandika mangkono mau tumuli dhawuh marang Petrus: “Melua Aku!”
Sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus
21:20-23
20 Bareng Petrus noleh, weruh sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus ndherek, iya iku sakabat kang nalika bujana lungguh cedhak Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, sinten tiyangipun ingkang badhe ngulungaken Paduka?” 21Nalika Petrus weruh sakabat iku mau, tumuli munjuk marang Gusti Yesus: “Gusti, dene punika badhenipun kadospundi?” 22Pangandikane Gusti Yesus: “Saupama Dakkarepake, supaya iku tetep urip nganti satekaKu, iku rak dudu prakaramu. Nanging kowe: Melua Aku!” 23Banjur sumebar kabar ing antarane para sadulur, yen sakabat iku mau bakal ora mati. Nanging Petrus ora dipangandikani dening Gusti Yesus, yen sakabat mau bakal ora mati, nanging: “Saupama dheweke Dakkarepake supaya tetep urip nganti satekaKu, iku dudu prakaramu.”
Panutup
21:24-25
24Iya iku sakabat, kang nekseni lan wus nulisi bab iki kabeh lan aku kabeh padha sumurup, yen paseksene iku nyata.
25Isih akeh bab-bab liyane maneh kang katindakake dening Gusti Yesus, nanging saupama kabeh iku kudu katulisan siji-sijine, mesthi jagad iki ora bisa ngemot kabeh buku kang kudu katulis iku.

(YOKANAN  21: 1-25)

Prajanji bab Roh Suci

1 Sang Teofilus, ing serat kula ingkang kapisan, kula nyariyosaken sadaya pakaryan lan piwulangipun Gusti Yesus, 2ngantos dumugi ing dinten anggenipun kasengkakaken. Saderengipun Panjenenganipun sampun paring dhawuh lumantar Sang Roh Suci dhateng para rasul pepilihanipun. 3Sareng sampun rampung anggenipun nandhang sangsara, Panjenenganipun lajeng ngatingal dhateng para rasul wau, sarta kalayan pratandha kathah paring bukti, bilih Panjenenganipun gesang. Amargi ngantos kawan dasa dinten laminipun anggenipun wongsal-wangsul ngatingal saha wawan pangandika bab Kratoning Allah kaliyan para rasul wau.
4 Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus dhahar bebarengan karo para rasul, iku padha ora diparengake ninggal kutha Yerusalem, sarta padha didhawuhi ana ing kono, ngenteni janjine Sang Rama, kang – mangkene pangandikane – “wis padha kokrungu saka Aku. 5Sabab Yokanan iku anggone mbaptis nganggo banyu, nanging ora suwe maneh kowe bakal padha kabaptis kalawan Roh Suci.”
Gusti Yesus sumengka marang ing swarga
1:6-11
6Para rasul kang padha kumpul iku nuli matur pitakon: “Gusti, punapa sapunika anggen Paduka badhe mulihaken karajan kangge Israel?” 7Paring wangsulane: “Kowe ora prelu nyumurupi mangsa lan wektu, kang katamtokake dening Sang Rama piyambak, manut panguwaose. 8Nanging kowe bakal padha tampa kasekten, samangsa Sang Roh Suci wus nedhaki marang kowe kabeh sarta kowe bakal padha dadi seksiKu ana ing Yerusalem lan ing satanah Yudea kabeh, sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ing pungkasaning bumi.”
9 Sawuse ngandika mangkono, Panjenengane nuli sinengkakake, sineksen dening para rasul, banjur wis ora katingal, amarga kaaling-alingan mega. 10Nalika lagi padha tumenga ing langit ngawasake anggone Gusti sumengka iku, dumadakan ana priya loro jumeneng ing sacedhake, padha mangagem putih, 11kang tumuli mangandikani mangkene: “Heh, wong-wong Galilea, yagene kowe padha ngadeg tumenga marang langit? Gusti Yesus, kang sumengka marang ing swarga, nilar kowe kabeh iki, bakal rawuh maneh kanthi patrap kaya kang padha kokdeleng nalika Panjenengane minggah menyang ing swarga.”

(LELAKONE PARA RASUL1:1-11)