Skip to content
Home » Nanging rusak … kaya Orcs saka Middle-earth

Nanging rusak … kaya Orcs saka Middle-earth

Sadurungé awake dhewe wes weruh apa tegese Taurat nalika nerangake manawa Allah nyiptakake manungsa miturut gambare. Iki nerangake sebabe urip manungsa, kalebu panjenengan, larang regane. Nanging, Kitab Suci nerusake saka penciptaan awake dhewe kanggo nuduhake masalah kang temen. Masmur ing jroning kitab Zabur iki nyatakake kanthi cetha.

2Saka ing swarga Sang Yehuwah mirsani mangisor marang para anaking manungsa, karsa nguningani apa ana kang kadunungan akal budi lan ngupaya Gusti Allah.

3Wus padha nyimpang kabeh, kabeh wus bejad ora ana kang gawe becik, sijia bae ora ana.

Jabur 14:2-3

[Masmur 14:2-3]

Iki ateges menawa ‘awak dhewe kabeh’ wis ‘dadi rusak’. Sanadyan awake dhewe ‘digawe miturut gambare Allah’, ana sing ngrusak gambar iki marang awake dhewe kabeh. Awake dhewe rusak jalaran milih kamardikan marang Allah (‘kabeh wis nyimpang’ saka ‘nggoleki Allah’) lan uga ora nindakake ‘kabecikan’.

Mikir Elves lan Orcs – Peri lan Orc kang mikir

Lord-of-the-rings-orc
Orc pancen elek ing sak kabehing, nanging iku mung elf sing rusak.

Kanggo ngerteni bab iki, bandhingake orc lan elf saka film Lord of the Rings. Orc iku elek lan jahat. Elf iku ayu lan damai (deleng Legolas). Nanging, orc biyene yaiku elf, kang wis dirusak Sauron ing jaman kapungkur. Sauron ngrusak gambar elf asli dadi orc. Karo cara sing padha, Alkitab sanjang menawa manungsa wis dadi rusak. Allah wis nyiptakake manungsa kaya elf, nanging saiki malah dadi orc.

Contone, awake dhewe mangerteni prilaku kang ‘benar’ lan ‘salah’. Iki asale saka penciptaan awake dhewe miturut gambare Sang Pancipta. Nanging, awake dhewe ora kanthi konsisten urip adhedhasar apa kang awake dhewe mangerteni. Ngene iki kaya virus komputer kang ngrusak cara kerjone komputer kang samesthine. Kodhe moral awake dhewe ana – nanging virus wis nginfeksine. Taurat njelasno nang awal menawa manungsa iku sejatine wong kang apik lan bermoral, nanging banjur uga rusak. Iki jumbuh karo apa kang awake dhewe amati ngenani dhiri awake dhewe. Nanging, iki uga nimbulake pitakon: kenging menapa Allah nyiptakake awake dhewe kaya iki? Awake dhewe mangerteni kang bener lan kang salah nanging rusak jalarane. Kaya kang dikeluhake dening ateis Christopher Hitchens:

Legolos
Para elf, kaya Legalos, padha mulya lan agung

“… menawa Gusti Allah pancen pengin manungsa terbebas saka pikiran-pikiran kaya ngono iku [ yaiku pikiran-pikiran kang rusak ] , Piyambake samesthine luwih ngati-ati jero nyiptakake spesies kang seje.”

Christopher Hitchens. 2007. Gusti Allah ora agung: Kepriye agama ngrusak kabehe. hlm. 100

[Christopher Hitchens.  2007.  God is not great: How religion spoils everything.  p. 100]

Nanging, piyambake nglalekake apa-apa kang wigati banget. Taurat ora sanjang menawa Allah nyiptakake awake dhewe kaya iki, nanging ana kang ngereni kedadeyan sawise Gusti Allah nyiptakake awake dhewe. Manungsa awal memberontak karo Sang Pancipta lan ing jroning pemberontakan iku, dheweke kabeh padha owah lan dadi rusak.

Dosa – Ngrusak Gambar Asli Awake Dhewe.

Sadurunge , awake dhewe nggunakake dhuwit kertas Mesir 100 pound karo gambar sphinx kanggo nggambarake ‘gambar’. Sphinx kasebut, ing kasunyatan lan uga ing gambar ing mata uang kasebut wis owah saka wangun asline. Saiki irung ilang lan wangune iku wes cacat ing macem-macem cara. Sphinx, sanajan isih bisa dingerteni lan nggumunake, wis brubah lan rusak saka kahanan asline. Mangkono uga, Taurat nyatakake yen ana kedadeyan sing ngrusak gambar asli awake dhewe. Nanging ora mung liwat wektu kaya kang rusake sphinx saka wangun asline. Sawangsule, dosa ngrusak gambar asli sing digawe dening Allah.

Taurat nggambarake awak dhewe minangka rusak saka gambar sing digambarake Allah marang awake dhewe. Kepiye ihal iki iso kedadeyan? Ora suwé sawisé digawé ‘miturut gambaré Gusti Allah’ manungsa awal (Adam lan Hawa) diuji kanthi pilihan. Setan, mungsuhe roh Allah, nggodha wong-wong iku mau. Ing Alkitab, Shaytan biasane ngomong liwat wong. Ing kasus iki dheweke ngandika liwat ula:

1Anadene ula iku kang julig dhewe ing antarane sakehing kewan dharatan karyane Sang Yehuwah Allah, mangka iku celathu marang wong wadon mau: “Temtunipun Gusti Allah paring dhawuh dhateng sampeyan: Sira aja mangan wohing sarupane wit-witan ing patamanan iki! Rak inggih, ta?”

2Pangucape wong wadon marang si ula: “Wohe wit-witan ing patamanan iki kabeh kena bae dakpangan, 3nanging tumrap wohing wit kang ana satengahe patamanan iki, ana dhawuhe Gusti Allah mangkene: Aja sira pangan, malah ndemok bae aja, supaya sira aja padha mati.”

4Nanging si ula calathu marang wong wadon mau: “Boten-botenipun sampeyan sami pejah, 5nanging Gusti Allah mirsa, samangsa sampeyan nedha wohipun wit punika, sampeyan badhe kaparingan awasing paningal, temah dados sami kaliyan Gusti Allah, saged nyumerepi ingkang sae lan ingkang awon.”

6Wong wadon mau nuli weruh yen wit iku becik kanggo pangan lan katon nengsemake, lan maneh wit iku menginake, awit bisa ngolehake kapinteran; tumuli methil wohe lan mangan, kang lanang kang uga ana ing kono iya diwenehi lan iya banjur mangan. 7Ing kono mripate wong loro mau padha kabuka, temahan padha sumurup yen wuda; mulane tumuli padha nggandheng-nggandheng godhong anjir kagawe awer-awer.

8Sakarone bareng padha krungu sabawane tindake Sang Yehuwah Allah lumampah ing patamanan, mbeneri wayah sumiliring angin raina, manungsa lan kang wadon banjur padha ndhelik saka ing ngarsane Sang Yehuwah Allah, ana ing satengahe wit-witan ing patamanan. 9Nanging Sang Yehuwah Allah tumuli nimbali marang manungsa, pangandikane: “Sira ana ing ngendi?”

10Unjuke kang kadangu: “Kawula mireng swaraning tindak Paduka wonten ing patamanan, temah kawula ajrih, amargi wuda; pramila kawula lajeng ndhelik.”

11Gusti Allah ngandika: “Sapa kang aweh weruh marang sira yen sira iku wuda? Apa sira mangan wohing wit kang Sunwalerake marang sira supaya aja sira pangan?”

12Unjuke manungsa: “Tiyang estri ingkang Paduka paringaken dados sisihan kawula, punika ingkang nyukani wohing wit wau dhateng kawula, lajeng kawula tedha.”

13Sang Yehuwah Allah tumuli ngandika marang wong wadon: “Pratingkah apa kang wus sira lakoni?”

Unjuke wong wadon: “Sawer punika ingkang ngapusi kawula, kawula lajeng nedha.”

Purwaning Dumadi 3:1-13

[Kejadian 3:1-13]

Pilihan dheweke kabeh (lan godaane) yaiku menawa dheweke kabeh bisa ‘dadi kayata Gusti Allah’. Nganti titik iki dheweke nggugu Allah sak kabehe, nanging saiki dheweke kabeh milih dadi ‘kayata Gusti Allah’, pracaya marang awake dhewe lan dadi tuhan dhewe.

Ing pilihan dheweke kabeh kanggo mardika, dheweke ngganti-ngganti dhewe. Dheweke kabeh rumangsa isin lan nyoba nutupi. Nalika Allah menegur Adam, dheweke nyalahke Hawa (lan sing diciptakake Allah). Hawa nyalahake ula. Ora ana siji uga kang arep tanggung jawab.

Dosa Konsekuensi kang katon ing Saben Masyarakat Dina iki

Apa kang diwiwiti dina iku terus berlanjut amarga awake dhewe marisi sipat mandiri kang padha. Saperangan wong-wong salah ngerteni Taurat lan mikir menawa awake dhewe disalahake amarga pilihan Adam sing ala. Siji-sijine kang disalahake yaiku Adam, nanging awake dhewe urip ing konsekuensi keputusane. Awake dhewe saiki marisi sipat mardikane Adam. Awake dhewe ndean ora pengin dadi tuhane alam jagat, nanging awake dhewe pengin dadi tuhaning setelan awake dhewe, kapisah saka Allah.

Iki ngandharake akeh bab ngenani kauripan manungsa: awake dhewe mengunci lawang, awake dhewe butuh pulisi, lan awake dhewe nduwe tembung sandhi komputer—amarga yen ora, awake dhewe arep padha-padha nyolong. Iki lah mergane masyarakat pungkasane runtuh—amarga budaya nduwe kecenderungan kanggo ngrusak. Mulane kabehing wangun pamarentahan lan sistem ekonomi, sanadyan pira-pira nyambut gawe luwih apik daripada kang liya, sakabehe pungkasane dadi rusak lan ajur. Iki ngandharake sebabe panjenengan lan aku berjuwang kanggo nindakake kang bener nanging gampang tumindak salah. Ana babagan ngenani cara awake dhewe nggawe awake dhewe kelangan cara kang samesthine.

Dosa – Ilang Target sing Dikarepake

Tembung ‘ilang’ iku nyimpulake kahanan awake dhewe. Ana ayat saka Taurat sing menehi gambaran kanggo ngerteni bab iki luwih cetha. ayat iku munine:

16Panunggalane bala samana iku ana wong pilihan pitung atus kang padha kedhe, iku kabeh manawa mbandhil nganggo watu ora mlesed sarambut bae.

Para Hakim 20:16

[Hakim-hakim 20:16]

Iki nggambarake para prajurit sing ahli migunakake ketapel lan ora tau mlesed. Tembung Ibrani kang diterjemahake dadi ‘meleset’ ing dhuwur yaiku יַחֲטִֽא. Tembung iki uga diterjemahake dadi dosa liwat taurat.

Prajurit iku njupuk watu lan nembakno kanggo ngenani target. Menawa piyambake mlesed, ateges piyambake gagal nggayuh tujuwane. Kanthi cara kang padha, Allah nyiptakake awake dhewe manut gambare kanggo ngenani tujuwan yoiku babagan cara awake dhewe sesambungan karo Gusti Allah lan merlakokake wong liya karo asih. ‘Duwe dosa’ ateges gagal nggayuh tujuwan utawa target kang wis Piyambake tetapkan kanggo awake dhewe.

Gegambaran kang luput saka target iki ora nyenengake utawa ora nduwe pengajab. Wong-wong kadhangkawis nanggepi keras karo ajaran Taurat amarga dheweke kabeh ora nyenengine. Nanging, apa sesambungane ‘seneng’ karo kebenarane? Panjenengan ora ndhemeni pajeg, perang, utawa lindhu – ora ana kang nyenengine – nanging iku ora ndadekake ora bener. Awake dhewe ora oleh nglirwakake sakabehe. Kabeh sistem hukum, pulisi, peraturan, lan kaamanan kang wis awake dhewe bangun ingkang masyarakat tujuwane kanggo nglindhungi awake dhewe karo liyane minuduhake menawa ana apa-apa sing salah.

Dosa – Ngalangi awake dhewe mlebu Swarga

Amarga akehe masalah ing donya iki, akeh wong sing pengin banget karo swarga. Dheweke kabeh ngarep-arep kahanan ing kana arep luwih apik. Kitab Zabur, ing bab sabanjure sawise bab kang ngandharake kerusakan kang awake dhewe alami wektu iki, sanjang cara ngenani dalan mlebu menyang Swarga.

1Masmur anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, sinten ingkang kepareng mondhok wonten ing tarub Paduka? Sinten ingkang kelilan manggen wonten ing redi Paduka ingkang suci?

2Yaiku wong kang lakune tanpa cacad lan nindakake apa kang adil, apadene ngucapake kabeneran kanthi gumolonging atine,

3kang ora nyebar pitenah kalawan ilate, sarta ora nindakake piala marang kancane, lan ora memada marang pepadhane;

4kang nganggep asor marang kang ambek nistha, nanging ngajeni wong kang padha wedi asih marang Sang Yehuwah; kang ngantepi supatane, sanadyan kapitunan;

5kang ora nganakake dhuwite lan ora nampani besel nglawan wong kang ora lupuh. sapa kang tumindake kang mangkono mesthi ora keguh ing salawas-lawase.

Jabur 15:1-5

[Mazmur 5:1-5]

Wahyu saka Dawud PBUH iki nyatakake menawa Swarga (urip ing “Gunung Suci” Allah) mung kanggo wong-wong kang tumindhak kaya sing diwedharake.Iki mlebu akal amarga menawa allah ngolehake wong-wong kang rusak mlebu menyang swarga, mula awake dhewe arep ngrusak papan kang endah iku kaya awake dhewe wis ngrusak kauripan ing kene. Nanging iki uga nimbulake masalah amarga sapa sing sejatine awake dhewe kang bener-bener urip karo cara-cara kaya iku?

Pembebasan Awake dhewe Wis Dipunentosi

Awake dhewe nduwe masalah. Awake dhewe ngrusak awake dhewe saka citra kang digawe Allah marang awake dhewe. Saiki awake dhewe kelangan target ing bab tumindak moral awake dhewe. Nanging Allah ora ninggalake awake dhewe ing kahanan kang ora duwe daya. Gusti Allah nduwe rencana kanggo nylametake awake dhewe, lan iki lah sebabe Injil kanthi harfiah ateges ‘kabar apik’. Allah kaping kapisan ngumumake kang pacelathon karo Adam lan Hawa. Awake dhewe weruh wara-wara kabar apik kapisan iki jero Tandha Adam .

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *