Skip to content
Home » Tandha Lut

Tandha Lut

Lut (utawa Lot ing Taurat / Injil) iku ponakan saka Ibrahim (SAW). Dheweke wis milih manggon ing kutha sing kebak wong-wong duraka. Allah nggunakake kahanan iki minangka pratandha kenabian kanggo kabeh wong. Nanging apa ae tandha-tandhane? Kanggo njawab iki, awake dhewe kudu nggatekake karo saksama macem-macem wong ing jero crita iki. Klik kene kanggo maca crita kasebut ing Taurat lan Qur’an.

Ing Taurat lan Qur’an, awake dhewe bisa ndeleng manawa ana telung golongan manungsa, uga para malaekat (utawa utusan) Allah. Ayo awake dhewe rembag siji-siji.

Wong-wong Sodom

Wong-wong Sodom iki jahat banget. Wong-wong iki ngarep-arep kanggo rudo pekso wong liya (sing sejatine yaiku malaekat, nanging amarga wong-wong ing Sodom ngira yen dheweke manungsa, mula dheweke ngrencanakake rogol wong-wong mau). Dosa jenis iki ala banget, mula Allah mutusake kanggo ngadili kabeh kutha. Paukuman kasebut cocog karo paukuman sing diwenehake marang Adam. Mbalik ing wiwitan Allah wis ngelingake Adam manawa paukuman dosa punika pati. Ora ana paukuman liya (kayata digebugi, dikunjara lan liya-liyane) sing cukup. Allah wis ngandika marang Adam

“…nanging wit pangawruhing becik lan ala iku wohe aja sira pangan. Dene samangsa sira mangan wohe, mesthi sira bakal mati.”

Purwaning Dumadi 2:17

Mangkono uga, paukuman kanggo dosané wong Sodom yaiku wong-wong mau uga kudu mati. Satemene, Allah bakal nyirnakake kabehing kutha lan kabehing wong sing manggon ing kono dening geni saka swarga. Iki minangka conto pola sing banjur diterangake ing Injil:

Awit pituwase dosa iku pati,..

Rum 6:23

Para Putra Mantu Lut

Ing crita Nuh, Allah ngadili donya kabeh, lan miturut karo tandha Adam pangadilan iku pati ing banjir gedhe. Nanging Taurat lan Qur’an nyritakake manawa jagad iki kabeh ‘ala’. Allah ngukum wong-wong Sodom, nanging wong-wong mau uga ala. Mung karo crita-crita iki, aku bisa uga mikir yen aku aman saka paukuman Allah, amarga aku ora ala. Sawise kabeh, aku pracaya marang Allah, aku nindakake akeh kabecikan, lan aku ora tau nindakake tumindak ala.

Dadi aku aman?

Tandhane Lut karo mantu-mantune ngelingno aku. Dheweke kabeh iku mau ora dadi bagéan saka grombolan wong lanang sing nyoba nglakokaké rudo pekso homoseksual. Nanging, dheweke kabeh mau ora nggatekake peringatan babagan Pengadilan sing bakal teka. Nyatane, Taurat ngandhani yen dheweke kabeh ngira ‘dheweke (Lut) guyon’. Apa nasibe wong-wong kuwi beda karo wong-wong liya ing kutha iku? Ora! Dheweke kabeh pada nandhang nasib sing padha. Ora ana bedane asile antarane mantu-mantu iku lan wong-wong jahat ing Sodom. Tandha ing kene yaiku saben wong kudu nggatekake peringatan kasebut kanthi serius. Peringatan-peringatan iki ora mung ditujukake kanggo wong-wong kang bejat.

Bojone Lut

Garwane Lut minangka tandha gedhe kanggo awake dhewe. Ing Taurat lan Qur’an dheweke uga tiwas bebarengan karo umat liyane. Dheweke dadi garwane nabi. Nanging hubungan khususé karo Lut ora nylametake dheweke sanajan dheweke uga ora nindakake homoseksual kaya sing ditindakake dening wong Sodom. Para malaekat dhawuh marang wong-wong mau:

..sarta sampun ngantos wonten satunggal-tunggala golongan ije ngandika ingkang wangsul..

QS 11:81 (Hud)

lan

Aja noleh..

Purwaning Dumadi 19:17

Taurat ngandhani awake dhewe

Nanging somahe Lut iku mandheg tumoleh, temah malih dadi tugu uyah njenggeleg.

Purwaning Dumadi 19:26

Kitab Taurat ora ngandharake kanthi rinci apa kang dimaksud karo ‘noleh menyang mburi’. Nanging, jelas menawa piyambake ngira oleh nglirwakake prentah Allah sing cilik sapisana lan nganggep bab iku ora masalah. Nasibe – karo dosane sing ‘cilik’ – padha karo nasib wong-wong Sodom karo dosa dheweke kabeh sing ‘gede’ – yaiku pati. Iki minangka tandha penting kanggo nyegah awake dhewe mikir menawa pira-pira dosa ‘cilik’ terbebas saka penghakiman Allah. Bojo Lut ngelingake awake dhewe marang pemikiran kang salah iki.

Luth, Allah lan para Malaikat Utusan

Kaya kang awake dhewe deleng ing Tandha Adam, nalika Allah ngadili, Dheweke uga menehake Rahmat. Ing Penghakiman iku, Allah nyedyakake sandhangan saka kulit. Karo Nuh, nalika Allah ngadili, Dheweke uga nyediakake Rahmat liwat bahtera. Sepisan maneh Allah, malah ing Penghakiman iku Allah ngati-ati uga menehi Welas Asih. Taurat nggambarake:

Sarehne mangu-mangu, mulane priya mau banjur padha nyandhak tangane Lut, tangane somahe lan anake wadon karo pisan, marga saka pangemane Sang Yehuwah marang dheweke; banjur dituntun metu menyang ing sajabane kutha sarta dieculake ana ing kono.

Purwaning Dumadi 19:16

Apa sing isa awake dhewe sinaoni saka bab iki? Kaya ing Tandha-tandha sadurungé, Rahmat iku asipate umum/gedhe nanging kasedhiya mung liwat siji cara – nuntun dheweke kabeh metu saka kutha. Tuladhane, Gusti Allah ora menehi Welas Asih karo uga nggawe papan perlindungan ing kutha sing bisa nahan geni saka Swarga. Mung ana siji cara kanggo nampa Rahmat – yaiku numuti malaekat metu saka kutha. Allah ora menehake welas asih iki marang Luth lan kulawargane amarga Lut iku wong kangsampurna. Nyatane, ing Taurat lan Qur’an kita weruh yen Lut gelem nawakake anak-anak wadon marang para pemerkosa – dudu tawaran sing mulya. Taurat malah ngandhani yen Lut ‘ragu-ragu’ nalika para malaikat ngelingake dheweke. Malah ing kabeh babagan iki, Allah ngluwihi Welas karo ‘nyekel’ dheweke lan nuntun dheweke metu.

Awake Dhewe Kudu Nampa Welas Asih

Iki minangka tandha kanggo awake dhewe: Allah bakal paring sih-rahmat marang awake dhewe, lan rahmate iku ora gumantung ing kaluwihan awake dhewe. Nanging awake dhewe, kaya Lut sadurunge, kudu nampa Welas Asih iki supaya bisa nulungi awake dhewe. Para putra mantu padha ora nampa, mula dheweke kabeh ora entuk manfaat.

Taurat nyariosaken dhateng awake dhewe bilih Allah ngulurake welas asih dhateng Lut amargi pamanipun, Nabi Ibrahim (SAW) sampun ndongakaken piyambakipun (pirsani ayat ing Purwaning Dumadi kene). Kitab Taurat berlanjut karo janji saka Allah menawa Dheweke arep memberkati kabehing wangsa ing bumi liwat Ibrahim (SAW). Janji iki samesthine nggawe awake dhewe waspada amarga ora preduli sapa awake dhewe, basa apa kang awake dhewe pigunakake, agama apa kang awake dhewe anut, utawa ing endi awake dhewe tinggal, awake dhewe oleh mangerteni menawa panjenengan lan aku yaiku perangan saka ‘kabehing wangsa ing bumi’ Menawi syafaatipun Ibrahim ndadosaken Allah paring welas asih marang Lut, sanadyan dheweke ora pantes ngolehake. Dadi, pira akeh maneh Tandha-tandha Ibrahim arep ngulurake rahmat marang awake dhewe, kang kalebu ing ‘kabehing wangsa’? Karo pemikiran iki, awake dhewe nerusake kitab taurat karo weruh Tandha Ibrahim terusane.

Download PDF kabeh Tandha saka Al Kitab minangka buku

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *