Skip to content

Tandha Luth – Qur’an

Tandha Lot – Taurat

PURWANING DUMADI 19

Surat 7:80-83 (The Heights)

80. Ingsun uga ngutus Nabi Luth: Panjenengane ngandika marang para umate: Apa sira padha nindakake tumindak kang ora becik, kang durung tau dilakoni dening para titah sadurunge sira?

81. “Satemené kowé padha nglakoni hawa nepsu marang wong lanang tinimbang wong wadon;

82. Wong-wong mau ora padha mangsuli kajaba mung mangkene: padha nundhungi wong-wong iku saka ing kuthanira, satemene wong-wong iku padha arep resik lan suci.

83. Ananging Ingsun nylametaké dhèwèké lan kulawargané, kajaba bojoné, yaiku wong-wong kang ketinggal.

84. Lan Ingsun nurunake udan belerang marang wong-wong mau: banjur delengen apa wekasane para kang padha nglakoni dosa lan angkara!

 Surat 11:77-83 (The Hud)

77. Bareng para utusan Ingsun sowan marang Nabi Luth, dheweke sedhih marga saka wong-wong mau, lan rumangsa ora kuwasa (ngayomi) dheweke. Dheweke kandha: “Iki dina sing susah.”

78. Wong-wong mau padha gumrudug marani dhèwèké, lan wis suwé padha nindakake pakaryan kang nistha. Dhawuhe: “He umatku, iki anak-anakku wadon, luwih suci tumrap kowe (yen kowe omah-omah)! Saiki padha wedia marang Allah, lan aja padha gawe isin tumrap tamuku! Apa ing antaramu ora ana wong siji-sijia kang wasis? ”

79. Wong-wong mau padha calathu: “Apa kowé ngerti yèn aku iki ora mbutuhaké anak-anakmu;

80. Panjenengané ngandika: “Apa aku bisa nyingkiri kowé, utawa aku bisa nguwasani awakku.”

81. (Para utusan) padha calathu: “He Lut, aku iki utusan saka Pangéranira, ora bakal padha tekan ing sira! Saiki padha lelungana karo kulawarganira nalika isih wengi, lan aja ana wong siji-sijia ing antaranira kang mbalik ing mburi. nanging bojomu (bakal tetep ana ing mburi): Dheweke bakal kelakon apa sing bakal kelakon marang wong-wong mau. Esuk iku wektune: Apa ora esuk wis cedhak?”

82. Bareng dhawuh Ingsun wus katetepake, kutha-kutha mau Ingsun wêruhi, banjur padha Ingsun udani welirang kang atos kaya lempung sing dipanggang, diwutahake, dilapis-lapis, –

83. Tegese saka Pangeranira: lan ora adoh saka wong-wong kang padha tumindak ala!

1Ing wayah sore malaekat loro mau padha rawuh ing Sodom, Lut mbeneri linggihan ana ing gapurane Sodom; bareng Lut weruh malaekat mau, banjur methukake lan sumungkem ing bumi, 2ature: “Dhuh bendara, panjenengan kula aturi rawuh ing griyanipun ingkang abdi, sami karsaa nyare saha wijik sampeyan, benjing-enjing kula aturi nglajengaken tindak.” Pangandikane malaekat: “Ora, aku arep padha nginep ana ing alun-alun bae.” 3Nanging Lut banget anggone ngrerepa, satemah padha nuruti lan lumebet ing omahe, banjur disegah roti tanpa ragi, tumuli dhahar. 4Kacarita sadurunge mapan sare, lah wong-wong lanang ing nagara kono, para wong lanang ing Sodom, padha ngepung omahe Lut, wiwit kang enom nganti kang tuwa, malah sakutha kabeh kerig-lampit ora ana kang keri, 5banjur padha celuk-celuk marang Lut, tembunge: “Ana ing ngendi wong lanang kang merdhayoh ana ing omahmu bengi iki? Wetokna mrene! Arep padha dakjamah.” 6Lut tumuli metu nemoni wong-wong mau ana ing sangarepe lawang, sarta lawange diinebake, 7celathune: “Dhuh para sadherek, bok sampun sami nindakaken resah kados makaten ta! 8Lah ta, kula gadhah anak estri kalih, sadaya taksih sami prawan, punika badhe kula wedalaken, sumangga sampeyan damel sapikajeng sampeyan! Nanging tiyang-tiyang punika sampun sampeyan ganggu-damel, margi sampun sami ngaub ing pondhok kula.” 9Nanging pangucape wong akeh mau: “Wis, sumingkira!” Karomaneh celathune: “Wong iki tekane ing kene rak dadi wong neneka, kok arep dadi hakim kita! Saiki kowe arep dakajar ngungkuli wong loro iku!” Banjur padha ndhesek wonge, yaiku Lut kalawan seru sarta arep padha mbejad lawang. 10Nanging priya loro mau banjur padha mulung astane, Lut digered mlebu ing omah sarta lawange dikancing, 11dene wong-wong kang padha ana ngarep lawang, kabeh padha kena wewelak dadi picak, kang cilik dalah kang gedhe, temahan anggone nggoleki lawang ora bisa ketemu.
12Priya mau tumuli padha ngandika marang Lut: “Kowe isih duwe sanak sapa maneh ana ing kene? Anak mantu, anakmu lanang utawa wadon, utawa sapa bae kang klebu akrabmu kang ana ing jero kutha kene, kabeh padha ajaken metu saka ing panggonan iki! 13Sabab panggonan iki selak arep padha daktumpes, marga pangresulane wong kang banget ing bab kutha iki wus sumengka ana ing pangayunane Sang Yehuwah. Awit saka iku aku padha kautus dening Sang Yehuwah nyirnakake panggonan kene.” 14Lut banjur lunga ngandhani calon mantune, kang arep padha sesomahan karo anake, tembunge: “Dienggal padha metua saka ing panggonan kene, awit Sang Yehuwah selak nggempur kutha iki.” Nanging calon mantune loro-lorone padha ngarani yen Lut mau mung sembranan bae.
15Bareng wayah bangbang wetan, malaekat loro mau padha ngatag marang Lut, supaya cekat-ceket, dhawuhe: “Ngadega, somahmu lan anakmu wadon loro kang ana ing kene enggal gawanen lunga, supaya kowe aja nganti katumpes marga saka durakane kutha iki!” 16Sarehne mangu-mangu, mulane priya mau banjur padha nyandhak tangane Lut, tangane somahe lan anake wadon karo pisan, marga saka pangemane Sang Yehuwah marang dheweke; banjur dituntun metu menyang ing sajabane kutha sarta dieculake ana ing kono. 17Priya mau bareng wus nuntun tekan ing jaban kutha, kang siji ngandika: “Lumayua, ungsekna uripmu! Aja noleh lan aja mondhag-mandheg babar pisan ana ing saurute lebak Yarden iki, ngungsia menyang ing pagunungan, supaya kowe kabeh aja nganti tumpes.” 18Lut munjuk marang priya mau: “Sampun kados makaten ta, dhuh bendara! 19Ingkang abdi sampun manggih sih wonten ing ngarsa panjenengan, saha panjenengan sampun nandukaken kawelasan dhateng kula, dene ngantos mitulungi gesang kula. Nanging kula mesthi boten saged ngungsi ngantos dumugi pareden, awit kula tamtu sampun ketututan ing bilai punika saha lajeng pejah. 20Lah ta, kitha ngajeng punika celak, kenging kula ungseni, kithanipun alit; mugi kula kalilana ngungsekaken gesang mriku kemawon, supados kula kapitulungana gesang. Kitha punika rak alit ta?” 21Panjenengane gentos ngandika marang Lut: “Iya wis, dakjurungi panyuwunmu, kutha cilik kang kokaturake iku bakal ora daktumpes. 22Dikebat ngungsia mrana, amarga aku ora bakal nindakake apa-apa sadurunge kowe tekan ing kana.” Awit saka iku kutha mau katelah aran: Zoar. 23Srengenge wus mlethek ngungkuli bumi nalika Lut tekan ing Zoar.
24 Sawuse mangkono Sang Yehuwah tumuli ngudanake walirang lan geni marang tanah Sodom lan Gomora, tumurune udah saka Sang Yehuwah, saka ing langit, 25kutha-kutha mau diwolak-walik dalah lebak Yarden pisan lan sakehe wong ing kutha-kutha kono tekan tanem-tuwuhe. 26Nanging somahe Lut iku mandheg tumoleh, temah malih dadi tugu uyah njenggeleg.