Skip to content

In the first week

19Bareng ing wayah bengi ing dina kapisan minggu iku para sakabate Gusti Yesus padha nglumpuk ana ing sawijining papan, lawange padha kakancing awit saka wedine marang wong Yahudi. Ing nalika iku Gusti Yesus rawuh jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh!” 20Sawuse ngandika mangkono, tumuli nedahake astane lan lambunge marang para sakabat. Para sakabat iku padha bungah nalika ndeleng Gusti Yesus. 21Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh! Kaya anggonKu kautus dening Sang Rama, kowe saiki iya padha Dakkongkon.” 22Sawuse ngandika mangkono, tumuli padha didamoni, lan dipangandikani: “Padha nampanana Roh Suci. 23Manawa kowe padha ngapura dosane wong, iku dosane diapura, lan manawa kowe padha netepake dosane, iku dosane ditetepake.”
Gusti Yesus ngatingal marang Tomas
20:24-29
24Nanging Tomas, panunggalane sakabat rolas iku, kang karan Dhidhimus, nalika rawuhe Gusti Yesus mau ora nunggal karo kanca-kancane. 25Banjur dikandhani dening para sakabat liyane iku: “Aku wus padha ndeleng Gusti!” Nanging Tomas calathu: “Manawa aku durung ndeleng tabete paku ana ing astane lan sadurunge aku ndulek tilas paku iku nganggo drijiku tuwin lambunge daklodok nganggo tanganku, aku ora bakal ngandel pisan-pisan.”
26Bareng tumeka ing wolung dinane para sakabate Gusti Yesus padha ana ing jero omah iku maneh sarta Tomas iya ana. Gusti Yesus tumuli rawuh nalika lawange padha kakancing, banjur jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe!” 27Nuli ngandika marang Tomas: “Drijimu prenekna, tanganKu tontonen, sarta tanganmu ulungna, lodokna ing lambungKu lan kowe aja nganti ora ngandel maneh, nanging kumandela!” 28Tomas mangsuli, unjuke: “Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!” 29Pangandikane Gusti Yesus: “Amarga kowe wus ndeleng Aku, temah kowe kumandel. Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging kumandel.”
Tujuane Injil iki katulis
20:30-31
30Dhasar isih ana pratandha liyane akeh maneh kang katindakake dening Gusti Yesus ana ing ngarepe para sakabate, kang ora kasebut ana ing kitab iki, 

(YOKANAN 20: 19-30)

After the first week

1Sawuse mangkono, Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate maneh ana ing pinggire sagara Tiberias; dene anggone ngatingal mau mangkene: 2Ana ing pasisir kono kang padha ngumpul: Simon Petrus lan Tomas kang karan Dhidhimus, Natanael kang saka ing kutha Kana tanah Galilea, anake Zebedheus lan sakabate liyane loro. 3Simon Petrus tumuli kandha marang kanca-kancane mau: “Aku arep lunga golek iwak.” Wangsulane kancane: “Aku iya padha melu kowe.” Banjur padha mangkat nunggang prau, nanging sawengi iku padha ora oleh apa-apa. 4Nalika wus bangun esuk, Gusti Yesus jumeneng ana ing gegisik. Nanging para sakabate padha ora ngreti, yen iku Gusti Yesus. 5Gusti Yesus tumuli ngandika: “He, bocah-bocah, apa kowe padha duwe lawuh?” Wangsulane: “Boten.” 6Pangandikane Gusti Yesus: “Jalamu tibakna ing satengene prau, temah kowe bakal padha oleh.” Jalane tumuli ditibakake, nanging banjur ora kena ditarik, awit saka akehe iwake. 7Sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus tumuli kandha marang Petrus: “Iku Gusti.” Bareng Simon Petrus krungu, yen iku Gusti Yesus, tumuli nganggo sandhangane, marga isih ngliga; banjur ambyur ing sagara. 8Praune diajokake dening para sakabat liyane, jalaran ora adoh saka ing dharatan, mung watara rong atus asta, sarta jalane kang kebak iwak iku digered. 9Samentase ing dharatan, para sakabat padha weruh geni areng, lan iwak tumumpang ing geni mau sarta roti. 10Gusti Yesus tumuli ngandika marang para sakabat: “Njupuka iwak sawatara, oleh-olehane anggonmu mentas njala iku!” 11Simon Petrus banjur munggah ing prau lan ngentas jalane menyang ing dharatan, jala iku kebak iwak gedhe-gedhe: nganti satus seket telu kehe. Nanging sanadyan nganti samono kehe, jalane ora bedhah.
12Pangandikane Gusti Yesus marang para sakabat: “Mrenea, padha sarapana.” Ora ana ing antarane para sakabat iku kang wani munjuk pitakon: “Paduka punika sinten?” Amarga wus padha ngreti, yen Panjenengane iku Gusti Yesus. 13Gusti Yesus tumuli majeng, sarta mundhut roti mau, tumuli diparingake marang para sakabat, mangkono uga iwake. 14Iku wus ping telune anggone Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate sawuse wungu saka ing antarane wong mati.
Angona wedhus-wedhusKu
21:15-19
15Sawuse padha sarapan, Gusti Yesus ngandika marang Simon Petrus: “Simon anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku ngluwihi wong-wong iki?” Unjuke Petrus: “Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen cempe-cempeKu!” 16Pangandikane Gusti Yesus maneh marang Petrus kang kapindhone: “Simon, anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku?” Unjuke Petrus: “Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu!” 17Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus kang kaping telune: “Simon, anake Yokanan, apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus dadi sedhih atine amarga Gusti Yesus ndangu kang kaping telune: “Apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus banjur munjuk: “Dhuh, Gusti, Paduka mirsa samukawis, inggih mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu! 18Satemen-temene pituturKu ing kowe: Nalika kowe isih enom, kowe sabukan dhewe lan kowe lumaku menyang ngendi bae kang kokkarepake, nanging besuk manawa kowe wus tuwa, kowe bakal mulung tanganmu lan wong liya kang bakal nyabuki, banjur nggawa kowe menyang panggonan kang ora kokkarepake.” 19Bab iku dipangandikakake kanggo mrasemoni kapriye patrape Petrus anggone bakal mati kanggo ngluhurake Gusti Allah. Sawuse ngandika mangkono mau tumuli dhawuh marang Petrus: “Melua Aku!”
Sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus
21:20-23
20 Bareng Petrus noleh, weruh sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus ndherek, iya iku sakabat kang nalika bujana lungguh cedhak Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, sinten tiyangipun ingkang badhe ngulungaken Paduka?” 21Nalika Petrus weruh sakabat iku mau, tumuli munjuk marang Gusti Yesus: “Gusti, dene punika badhenipun kadospundi?” 22Pangandikane Gusti Yesus: “Saupama Dakkarepake, supaya iku tetep urip nganti satekaKu, iku rak dudu prakaramu. Nanging kowe: Melua Aku!” 23Banjur sumebar kabar ing antarane para sadulur, yen sakabat iku mau bakal ora mati. Nanging Petrus ora dipangandikani dening Gusti Yesus, yen sakabat mau bakal ora mati, nanging: “Saupama dheweke Dakkarepake supaya tetep urip nganti satekaKu, iku dudu prakaramu.”
Panutup
21:24-25
24Iya iku sakabat, kang nekseni lan wus nulisi bab iki kabeh lan aku kabeh padha sumurup, yen paseksene iku nyata.
25Isih akeh bab-bab liyane maneh kang katindakake dening Gusti Yesus, nanging saupama kabeh iku kudu katulisan siji-sijine, mesthi jagad iki ora bisa ngemot kabeh buku kang kudu katulis iku.

(YOKANAN  21: 1-25)

Prajanji bab Roh Suci

1 Sang Teofilus, ing serat kula ingkang kapisan, kula nyariyosaken sadaya pakaryan lan piwulangipun Gusti Yesus, 2ngantos dumugi ing dinten anggenipun kasengkakaken. Saderengipun Panjenenganipun sampun paring dhawuh lumantar Sang Roh Suci dhateng para rasul pepilihanipun. 3Sareng sampun rampung anggenipun nandhang sangsara, Panjenenganipun lajeng ngatingal dhateng para rasul wau, sarta kalayan pratandha kathah paring bukti, bilih Panjenenganipun gesang. Amargi ngantos kawan dasa dinten laminipun anggenipun wongsal-wangsul ngatingal saha wawan pangandika bab Kratoning Allah kaliyan para rasul wau.
4 Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus dhahar bebarengan karo para rasul, iku padha ora diparengake ninggal kutha Yerusalem, sarta padha didhawuhi ana ing kono, ngenteni janjine Sang Rama, kang – mangkene pangandikane – “wis padha kokrungu saka Aku. 5Sabab Yokanan iku anggone mbaptis nganggo banyu, nanging ora suwe maneh kowe bakal padha kabaptis kalawan Roh Suci.”
Gusti Yesus sumengka marang ing swarga
1:6-11
6Para rasul kang padha kumpul iku nuli matur pitakon: “Gusti, punapa sapunika anggen Paduka badhe mulihaken karajan kangge Israel?” 7Paring wangsulane: “Kowe ora prelu nyumurupi mangsa lan wektu, kang katamtokake dening Sang Rama piyambak, manut panguwaose. 8Nanging kowe bakal padha tampa kasekten, samangsa Sang Roh Suci wus nedhaki marang kowe kabeh sarta kowe bakal padha dadi seksiKu ana ing Yerusalem lan ing satanah Yudea kabeh, sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ing pungkasaning bumi.”
9 Sawuse ngandika mangkono, Panjenengane nuli sinengkakake, sineksen dening para rasul, banjur wis ora katingal, amarga kaaling-alingan mega. 10Nalika lagi padha tumenga ing langit ngawasake anggone Gusti sumengka iku, dumadakan ana priya loro jumeneng ing sacedhake, padha mangagem putih, 11kang tumuli mangandikani mangkene: “Heh, wong-wong Galilea, yagene kowe padha ngadeg tumenga marang langit? Gusti Yesus, kang sumengka marang ing swarga, nilar kowe kabeh iki, bakal rawuh maneh kanthi patrap kaya kang padha kokdeleng nalika Panjenengane minggah menyang ing swarga.”

(LELAKONE PARA RASUL1:1-11)