Skip to content

1 Sang Teofilus, ing serat kula ingkang kapisan, kula nyariyosaken sadaya pakaryan lan piwulangipun Gusti Yesus, 2ngantos dumugi ing dinten anggenipun kasengkakaken. Saderengipun Panjenenganipun sampun paring dhawuh lumantar Sang Roh Suci dhateng para rasul pepilihanipun. 3Sareng sampun rampung anggenipun nandhang sangsara, Panjenenganipun lajeng ngatingal dhateng para rasul wau, sarta kalayan pratandha kathah paring bukti, bilih Panjenenganipun gesang. Amargi ngantos kawan dasa dinten laminipun anggenipun wongsal-wangsul ngatingal saha wawan pangandika bab Kratoning Allah kaliyan para rasul wau.
4 Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus dhahar bebarengan karo para rasul, iku padha ora diparengake ninggal kutha Yerusalem, sarta padha didhawuhi ana ing kono, ngenteni janjine Sang Rama, kang – mangkene pangandikane – “wis padha kokrungu saka Aku. 5Sabab Yokanan iku anggone mbaptis nganggo banyu, nanging ora suwe maneh kowe bakal padha kabaptis kalawan Roh Suci.”
Gusti Yesus sumengka marang ing swarga
1:6-11
6Para rasul kang padha kumpul iku nuli matur pitakon: “Gusti, punapa sapunika anggen Paduka badhe mulihaken karajan kangge Israel?” 7Paring wangsulane: “Kowe ora prelu nyumurupi mangsa lan wektu, kang katamtokake dening Sang Rama piyambak, manut panguwaose. 8Nanging kowe bakal padha tampa kasekten, samangsa Sang Roh Suci wus nedhaki marang kowe kabeh sarta kowe bakal padha dadi seksiKu ana ing Yerusalem lan ing satanah Yudea kabeh, sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ing pungkasaning bumi.”
9 Sawuse ngandika mangkono, Panjenengane nuli sinengkakake, sineksen dening para rasul, banjur wis ora katingal, amarga kaaling-alingan mega. 10Nalika lagi padha tumenga ing langit ngawasake anggone Gusti sumengka iku, dumadakan ana priya loro jumeneng ing sacedhake, padha mangagem putih, 11kang tumuli mangandikani mangkene: “Heh, wong-wong Galilea, yagene kowe padha ngadeg tumenga marang langit? Gusti Yesus, kang sumengka marang ing swarga, nilar kowe kabeh iki, bakal rawuh maneh kanthi patrap kaya kang padha kokdeleng nalika Panjenengane minggah menyang ing swarga.”

essed  (LELAKONE PARA RASUL1-11)