Skip to content

MATEUS 21:23 – 23:39

23Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci. Nalika Panjenengane lagi paring piwulang ana ing kono, ana pangareping imam lan pinituwaning bangsa Yahudi kang padha sowan ing ngarsane lan matur pitakon: “Panjenengan tumindak makaten punika kanthi panguwaos ingkang pundi? Saha sinten ingkang maringi panguwaos punika dhateng Panjenengan?” 24Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku iya arep takon marang kowe lan yen kowe wis mangsuli Aku, Aku iya bakal kandha marang kowe, Aku tumindak mangkono iku kanthi panguwasa sing endi. 25Pambaptise Nabi Yokanan iku saka ing swarga apa saka manungsa?” Wong-wong mau banjur padha rembugan bab iku, mangkene pamikire: “Yen aku padha kandha: saka ing swarga. Dheweke bakal mangsuli: yen mangkono yagene kowe ora pracaya? 26Nanging manawa aku kandha: Saka manungsa, aku padha wedi karo wong akeh, awit iku kabeh padha nganggep nabi marang Yokanan.” 27Wasana atur wangsulane marang Gusti Yesus: “Kula sami boten sumerep.” Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Yen mangkono Aku iya ora kandha marang kowe panggaweKu kang mangkono iku kanthi panguwasa sing endi.”
Pasemon bab anak loro
21:28-32
28“Nanging kapriye panemumu bab iki: Ana wong duwe anak lanang loro. Kang pambarep diparani sarta dikandhani: Ngger, dina iki kowe nyambuta gawe ana ing kebon anggur. 29Anake mangsuli: Inggih, pak. Nanging ora mangkat. 30Wong mau banjur marani anake lanang kang angka loro sarta dikandhani mangkono uga, nanging anake mangsuli: Kula boten purun. Sawise iku dheweke kaduwung, nuli mangkat. 31Anak loro mau endi sing nindakake karepe bapakne?” Atur wangsulane wong-wong mau: “Ingkang kantun.” Pangandikane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe: para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila bakal ndhisiki kowe lumebu ing Kratoning Allah. 32Sabab Yokanan anggone teka iku prelu nuduhake dalaning kayekten marang kowe, ewadene kowe ora pracaya marang dheweke. Nanging para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila padha pracaya marang dheweke. Nanging kowe kabeh sanadyan weruh, ora banjur kaduwung lan uga ora pracaya marang dheweke.”
Pasemon bab wong nyewa pakebonan anggur kang duraka
21:33-46
33  “Padha ngrungokna pasemon liyane. Ana sawijining wong kang gawe pakebonan anggur, dipageri mubeng, sarta digawekake jogangan papan pameresan apamaneh panggung pajagan. Pakebonan mau banjur disewakake marang wong, tumuli mangkat lelungan menyang ing nagara liya. 34Bareng wis meh wancine ngundhuh, kang duwe kongkonan rewang-rewange menyang enggone wong kang nyewa, njaluk pametuning pakebonane. 35Nanging rewang-rewang mau padha dicekel dening kang padha nyewa. Sing siji digebugi, sijine dipateni, lan sing siji maneh dibenturi watu. 36Sawise iku kang duwe pakebonan banjur kongkonan maneh rewang-rewang liyane, luwih akeh katimbang sing dhisik, nanging iya nemahi lelakon kang kaya sing dhisik. 37Wasana banjur kongkonan anake, pamikire: Mesthine bakal padha ering marang anakku. 38Nanging bareng wong-wong kang nyewa weruh anake mau, banjur padha rasanan mangkene: Iku ahli warise, ayo dipateni bae, supaya warisane dadi duwekku kabeh. 39Anake mau banjur dicekel lan diuncalake menyang sajabaning kebon anggur, sarta dipateni. 40Mulane samangsa sing duwe pakebonan anggur mau wis teka, wong kang padha nyewa mau bakal dikapakake?” 41Unjuke kang padha didangu: “Tiyang-tiyang duraka wau tamtu dipun sirnakaken, dene kebon anggur badhe dipun sewakaken dhateng tiyang sanes, ingkang badhe ngladosaken pamedalipun ing mangsanipun.” 42Pangandikane Gusti Yesus: “Apa kowe durung tau maca ing Kitab Suci mangkene:
Watu kang ditampik dening tukang-tukang gawe omah,
iku wis dadi watu kang baku ana ing pojok.
Kadadean iki saka ing Pangeran,
sarta elok ana ing pandeleng kita.
43Mulane Aku pitutur marang kowe, yen Kratoning Allah bakal kapundhut saka ing kowe lan bakal diparingake marang sawijining bangsa kang bakal metokake wohe.
44[Lan sing sapa tiba ing watu iku, bakal ajur mumur lan sing sapa katibanan bakal remuk.]”
45Bareng para pangareping imam lan wong-wong Farisi krungu pasemon-pasemon mau, padha rumangsa, yen dheweke kabeh kang disemoni. 46Banjur padha mbudi-daya bisane nyekel Panjenengane, nanging padha wedi karo wong akeh, amarga iku padha nganggep nabi marang Panjenengane.
1Gusti Yesus banjur ngandika marang wong akeh lan marang para sakabate: 2“Para ahli Toret lan para wong Farisi iku padha nglinggihi palenggahane Nabi Musa. 3Mulane padha nglakonana lan nuruta marang sakabehing piwulange, nanging aja niru marang tindak-tanduke, amarga iku padha aweh piwulang, nanging ora padha nglakoni dhewe. 4Padha mbongkoki gegawan kang abot-abot banjur ditumpangake ing pundhaking wong, nanging dheweke dhewe ndumuk bae ora gelem. 5Sakabehing tindak-tanduke iku mung supaya bisaa katon ing wong; nganggo tali sembahyang amba, nganggo gombyok dawa-dawa. 6Padha linggih ing papan kang kajen dhewe ana ing pahargyan lan ing ngarep dhewe ana ing papan pangibadah. 7Padha seneng diurmati ana ing pasar-pasar lan seneng disebut guru. 8Nanging kowe aja gelem disebut guru, amarga mung siji Gurumu lan kowe kabeh padha-padha sadulur. 9Apamaneh kowe aja nyebut rama marang sapa bae ana ing bumi iki, awit mung siji Ramamu, yaiku kang ana ing swarga. 10Kowe aja gelem disebut panutan, amarga mung siji Panutanmu, yaiku Sang Kristus. 11Sing sapa dadi gedhe ana ing satengahmu iku dadia paladenmu. 12Lan sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, dene kang ngasorake awake dhewe bakal kaluhurake.”
Gusti ndukani para ahli Toret lan wong Farisi
23:13-33
13“Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan para wong Farisi, heh, wong lamis, awit kowe ngancingi lawange Kratoning Swarga ana ing ngarepe wong, sabab kowe dhewe ora mlebu lan wong kang arep lumebu kokalang-alangi.
14[Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan para wong Farisi, heh, wong lamis, amarga kowe padha nguntal omahe randha-randha nganti entek, nganggo pawadan ndedonga dawa-dawa, mulane kowe mesthi bakal tampa paukuman kang luwih abot.]
15Bilai kowe, heh para ahli Toret lan para wong Farisi, heh, wong lamis, sabab kowe padha nyabrangi sagara lan ndlajahi dharatan, supaya oleh wong sing ngenut agamamu sanadyan munga siji bae, nanging yen wis mratobat, kokdadekake wong naraka, kang tikel pindho alane tinimbang kowe dhewe.
16Bilai kowe, heh panuntun-panuntun picak, kang ngucap: Supata demi Padaleman Suci, iku ora absah; nanging kang sumpah demi emase Padaleman Suci, sumpahe iku nancang. 17Heh, kowe wong-wong bodho lan picak, endi sing luwih wigati, emas apa Padaleman Suci sing nucekake emase? 18Apamaneh sing sapa sumpah demi misbyah, iku ora absah, nanging sumpah demi pisungsung kang ana ing misbyah iku kang nancang. 19Heh, wong-wong picak, endi sing luwih wigati, pisungsunge apa misbyah kang nucekake pisungsung? 20Mulane sing sapa sumpah demi misbyah, iku sumpahe demi misbyah lan uga demi barang-barang kang tumumpang ing kono. 21Lan sing sapa sumpah demi Padaleman Suci, iku iya sumpah demi Padeleman Suci lan uga demi Kang adedalem ing kono. 22Apadene sing sapa sumpah demi swarga, iku iya sumpah demi dhamparing Allah lan iya demi Kang lenggah ing kono.
23 Bilai kowe, heh para ahli Toret lan para wong Farisi, heh wong-wong lamis jalaran dalah godhong mardinah, adas tuwin jinten bae kokbayar prasapuluhane, nanging kang wigati dhewe tumrap angger-anggering Toret koklirwakake, yaiku: kaadilan, kawelasan lan katemenan. Sing siji kudu ditindakake, sijine aja dilirwakake. 24Heh, kowe, panuntun-panuntun kang picak, lemud kokjupuk saka ing omben-ombenmu, nanging unta kokuntal.
25Bilai kowe, heh para ahli Toret lan wong-wong Farisi, heh kowe wong-wong lamis, sabab tuwung lan pinggan padha kokresiki jabane, mangka ing jerone kebak isi rampasan lan kamurkan. 26Heh, wong Farisi kang picak, resikana dhisik jerone tuwung iku, jabane iya bakal dadi resik.
27 Bilai kowe, heh para ahli Toret lan wong-wong Farisi, heh, kowe wong-wong lamis, sabab kowe iku padha kaya kuburan, sing dilabur putih; jabane pancen katon resik, nanging ing jerone kebak isi balung jrangkong lan rereged warna-warna. 28Samono uga kowe, lairmu katon mursid ana ngareping wong, nanging ing batinmu kebak isi lelamis lan duraka.
29Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan wong-wong Farisi, heh, kowe; wong-wong lamis, jalaran kowe, mbangun pasareaning para nabi lan ngrerengga tugu-tuguning wong-wong mursid, 30lan calathu: Saupama aku padha menangi jamane para leluhurku kabeh, mesthi aku ora padha melu anggone padha nyedani para nabi. 31Marga saka mangkono dadine kowe padha dadi seksi tumrap awakmu dhewe, yen kowe kabeh iku padha turune wong-wong kang nyedani para nabi. 32Dadi kowe iya padha ngebakana takerane leluhurmu! 33Heh, ula, heh para tetesaning ula bedhudhak, kapriye anggonmu bisa oncat saka paukumaning naraka?”
Pameca bakal rusake Yerusalem
23:34-35
Lk 13:34-35
34“Mulane delengen, Aku ngutus nabi-nabi, para wong wicaksana lan para ahli Toret nekani kowe sarta ana kang banjur kokpateni lan koksalib, ana maneh kang bakal padha koksapu ana ing papan-papan pangibadahmu, lan kokoyak-oyak saka ing kutha kang siji menyang ing kutha sijine, 35supaya kowe padha katempuhna wutahing getihe wong kang ora salah wiwit saka Abil wong kang mursid iku, nganti tekan Zakharia anake Berekhya, kang kokpateni ana ing antarane papan suci lan misbyah. 36Satemene Aku pitutur marang kowe: Kabeh iku bakal katempuhake marang jinis iki.
37Yerusalem, Yerusalem kang mateni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang kautus nemoni kowe, wis nganti ping pira anggonKu kapengin nglumpukake anak-anakmu, kaya babon anggone nglumpukake kuthuk-kuthuke ing sangisoring suwiwine, nanging kowe padha ora gelem. 38Titenana, omahmu iki bakal ditinggal suwung. 39Lan Aku kandha marang kowe: Wiwit saiki kowe ora bakal padha ndeleng Aku maneh, nganti kowe padha kandha: Binerkahana Ingkang rawuh atas asmanipun Pangeran.”