Skip to content

Qur’an- Surat 37: 102-110 (The Saffat)

Taurat: Genesis 22:1-18

102. Bareng wis tekan (umur) anggone nyambut gawe, banjur calathu: “He, anakku! Ing wahyu anggoningsun saos kurban marang sira, sira delengen apa panemumu!” (Putra) calathu: “Dhuh bapakku, lakonana apa kang didhawuhake marang sira, sira bakal ketemu aku, manawa Allah ngersakake wong kang sabar lan teguh!” wus nyembah ing bathuke (kanggo kurban), 104. Ingsun anguwuh marang dheweke: “He Ibrahim!

105. “Sampeyan wis netepi wahyu!” – mangkono satemene Ingsun paring piwales marang wong kang padha nindakake bebener.

106. Amarga iki temenan nyoba-

107. Lan Ingsun tebus dhèwèké kalawan kurban kang wigati.

108. Lan Ingsun titipake marang dheweke ing turun-tumurun ing tembe.

109. “Salam lan salam kanggo Abraham!”

110. Mangkono satemene Ingsun paring piwales marang wong kang padha nindakake bebener.

1 Kacarita sawuse lelakon mau Gusti Allah karsa nyobi marang Rama Abraham. Pangandikane mangkene: “Abraham.” Unjuk wangsulane Rama Abraham: “Kawula nuwun, kula.” 2Dhawuhe Gusti Allah: “Anakira ontang-anting, kang sira kasihi, yaiku si Iskak, iku alapen, gawanen menyang ing tanah Moria, ana ing kono saosna kagawe kurban obaran ana ing salah sawijining gunung kang bakal Suntedahake marang sira.” 3Esuke umun-umun Rama Abraham wungu, banjur ngabah-ngabahi kuldine, mbekta abdine loro lan kang putra Iskak; sarta nyigari kayu kanggo kurban obaran, banjur bidhal tindak menyang panggonan kang kadhawuhake dening Gusti Allah. 4Bareng telung dinane Rama Abraham tumenga lan mirsa panggonane saka kadohan; 5banjur ngandika marang abdine loro: “Kowe karo kuldine padha karia ana ing kene, aku karo bocah iki arep mrana prelu sembahyang, sawuse iku aku bakal padha mbaleni kowe maneh.” 6Rama Abraham tumuli mundhut kayune kurban obaran diemotake marang kang putra Iskak, sarta ngasta geni lan lading. Mangkono sakarone padha tindak sesarengan. 7Iskak banjur matur marang kang rama: “Rama!” Paring wangsulane Rama Abraham: “Ana apa ngger, anakku?” Ature kang putra: “Lah punika latu lan kajengipun sampun wonten, nanging cempe ingkang kadamel kurban obaran wonten pundi?” 8Rama Abraham mangsuli pangandikane: “Mungguh cempe kang bakal kagawe kurban obaran iku Gusti Allah piyambak kang bakal nyadhiyani, anakku ngger!” Mangkono sakarone padha tindak sesarengan.
9 Sawuse padha tekan ing papan kang kadhawuhake dening Gusti Allah, Rama Abraham tumuli yasa misbyah ana ing kono, kayune banjur ditata, kang putra Iskak ditaleni sarta ditumpangake ing misbyah ing sadhuwure kayu. 10Rama Abraham tumuli mulung astane ngasta lading, karsa nyembeleh kang putra.
11Nanging Sang Malaekate Yehuwah tumuli nguwuh-uwuh marang Rama Abraham saka ing akasa, dhawuhe: “Abraham! Abraham!” Unjuke Rama Abraham: “Kawula nuwun, kula!” 12Dhawuhe Sang Malaekat: “Tanganira aja sira agagake marang si bocah, lan aja sira kapak-kapakake! Awitdene saiki Ingsun mirsa yen sira ngabekti marang Gusti Allah, nganti sira ora owel masrahake anakira lanang ontang-anting marang Ingsun.” 13Nalika Rama Abraham noleh, tumuli mirsa ing wingkinge ana wedhus gembel lanang kang sungune kecanthol ana ing grumbulan, banjur dipurugi dipundhut sarta banjur disaosake kagawe kurban obaran ijole kang putra. 14Panggonan iku kawastanan dening Rama Abraham: “Sang Yehuwah kang nyadhiyani.” Awit saka iku nganti saprene ana tetembungan: “Ana ing gununge Sang Yehuwah bakal disadhiyani.”
15Sang Malaekate Yehuwah nguwuh marang Rama Abraham saka ing akasa kaping pindhone, 16pangandikane: “Ingsun supaos demi PanjenenganingSun piyambak, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – sarehne sira nglakoni kang mangkono iku, nganti ora owel masrahake anakira ontang-anting marang Ingsun, 17mulane sira bakal Sunberkahi nganti luber lan turunira bakal Suntangkar-tangkarake cacahe nganti kaya lintang ing langit lan kaya wedhi ing pinggir segara, sarta turunira bakal ngebeki gapurane mungsuhe. 18Karodene marga saka turunira iku sakehe para bangsa ing bumi bakal padha binerkahan; marga sira wus ngestokake dhawuhingSun.”