Skip to content

Pangandharing Toret 28:1 – 31:29

 
1 “Manawa kanthi temen-temen anggonmu ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan tumemen anggonmu nglakoni sakehe pepakon kang daklairake marang kowe ing dina iki, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mesthi bakal maringi kaluhuran marang kowe ngungkuli para bangsa ing salumahe bumi. 2Manawa kowe ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kowe bakal ketekan sakehing berkah kang bakal dadi pandumanmu. 3Kowe bakal kaberkahan ana ing jero kutha lan kaberkahan ana ing pategalan. 4Bakal binerkahan wohing wetenganmu, pametuning palemahanmu, wohing raja-kayamu, iya wetengane sapimu lan wedhusmu. 5Bakal binerkahan kranjangmu lan wadah jladrenmu. 6Bakal binerkahan samangsa kowe lumebu lan bakal kaberkahan samangsa metu.
7Sang Yehuwah bakal marengake mungsuhmu kang maju perang nglawan marang kowe, padha kagecak ana ing ngarepmu. Anggone nglurugi kowe bakal padha metu ing dalan siji, nanging anggone keplayu saka ing ngarepmu bakal padha metu ing dalan pitu. 8Sang Yehuwah bakal ndhawuhake berkah tumrap ing lumbungmu lan tumrap samubarang kang koktandangi; kowe bakal kaberkahan ana ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. 9Pangeran Yehuwah bakal netepake kowe dadi umate kang suci, kaya kang wus kaprasetyakake kalawan supaos marang kowe, anggere kowe netepi pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta ngambah ing dalan pitedahe. 10Para bangsa ing salumahing bumi banjur bakal padha weruh yen asmane Sang Yehuwah kasebut tumrap kowe, temah bakal padha ering marang kowe.
11Mangkono uga Sang Yehuwah bakal ngluberake kadarman marang kowe, iya bab wohing wetenganmu, wohing raja-kayamu, pametuning palemahanmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang para leluhurmu yen bakal diparingake marang kowe. 12Sang Yehuwah bakal mbikak pasimpenaning kamirahane kang luber, yaiku langit, supaya tanahmu kaparingan udan ing kala mangsane lan mberkahi sakehe pagaweanmu, temah kowe bakal ngutangi marang bangsa akeh, nanging kowe dhewe ora bakal utang. 13Kowe bakal didadekake sesirah dening Sang Yehuwah, dudu buntut, lan kowe tansah bakal tetep munggah, ora mudhun, angger kowe ngestokake pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, lan nglakoni iku kanthi tumemen; 14apadene manawa kowe ora nyleweng manengen utawa mangiwa saka ing sakehe dhawuh kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, yaiku ngetutburi allah liyane lan ngabekti marang iku.”
Bab laknat
28:15-46
15 “Balik manawa kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan ora nglakoni kalawan tumemen sakehe pepakene lan katetepane kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, kowe bakal katekan lan katempuh ing sakehe laknat kang mangkene: 16Kowe bakal kena ing laknat ana ing jero kutha lan bakal kena ing laknat ana ing pategalan. 17Bakal kena ing laknat kranjangmu lan wadhah jladrenmu. 18Bakal kena ing laknat wohing wetenganmu lan pametuning palemahanmu, anak-anake sapimu lan wetengane wedhusmu. 19Kowe bakal kena ing laknat samangsa lumebu, lan kena ing laknat samangsa metu.
20Sang Yehuwah bakal ndhatengake laknat, dahuru lan bebendu ana ing antaranira tumrap sakehe pagawean kang sira tandangi, nganti sira tumpes lan sirna kanthi enggal, marga saka panggawenira kang ala, anggonira mungkur ninggal marang Ingsun. 21Sang Yehuwah bakal ndhatengake pageblug pes marang kowe, nganti kowe kasirnakake saka ing tanah kang kokparani lan kokenggoni. 22Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan lelara watuk getih, panastis, panas kang nganti nggosongake awak, tatu kang mbebayani apadene mangsa ngerak, ama lan lelara gandum, kabeh iku bakal nempuh marang kowe nganti satumpesmu. 23Langit kang ana ing sadhuwure sirahmu bakal dadi kaya tembaga lan tanah kang kokambah bakal dadi kaya wesi. 24Sang Yehuwah bakal nurunake udan awu lan bledug ing nagaramu, kabeh mau bakal nibani kowe saka ing langit nganti tumeka ing satumpesmu. 25Sang Yehuwah bakal marengake kowe kagecak kabeh dening mungsuhmu. Anggonmu nglurug bakal ngambah ing dalan siji, nanging anggonmu keplayu saka ing ngarepe bakal metu ing dalan pitu; nganti kowe nukulake rasa girise sakehe karajan ing bumi. 26Jisimmu bakal dadi memangsane sarupane manuk ing awang-awang lan beburon ing bumi, sarta bakal ora ana kang nggusahi.
27Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan memala wudun ing Mesir, kalawan plentung, bengkoyok lan kadhas-kudhis, kang nganti ora bisa mari. 28Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan lelara edan, wuta sarta bubrah ing nalar, 29temah ing wayah awan kowe nganti grayah-grayah, kaya wong wuta ana ing pepeteng. Salaku-lakumu bakal ora begja, mung bakal tansah dikaniaya lan dirampog, mangka ora ana kang mitulungi. 30Kowe bakal pepacangan karo wong wadon, nanging wong liya kang bakal ngewori turu. Kowe bakal gawe omah, nanging ora bakal kokenggoni. Kowe bakal gawe pakebonan anggur, nanging ora bakal ngrasakake wohe. 31Sapimu bakal disembeleh ana ing ngarepmu, nanging kowe ora bakal mangan daginge; kuldimu bakal dirampas saka ing ngarepmu, lan ora bakal dibalekake marang kowe. Wedhusmu bakal padha kaulungake marang mungsuhmu, mangka bakal ora ana kang teka mitulungi kowe. 32Anakmu lanang lan wadon bakal kaulungake marang bangsa liya, koksipati kalawan mripatmu dhewe, sarta saben dina kowe tansah kangen marang anak-anakmu iku, nanging kowe ora bakal bisa tumindak apa-apa. 33Sawijining bangsa kang ora kokwanuhi kang bakal mangan pametuning lemahmu lan sakehe wohe kangelanmu; kowe tansah bakal ditindhes lan dikaniaya. 34Kowe bakal dadi owah engetan marga saka sesawangan kang kokdeleng. 35Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan tatu kang mandi ana ing dhengkul lan pupumu sarta mremen saka dlamakan tumeka ing cumplungmu, kang ora bakal bisa mari. 36Sang Yehuwah bakal ngulungake kowe dalah rajamu kang kokadegake supaya mengku kowe, marang salah sawijining bangsa kang ora kokwanuhi, lan iya ora diwanuhi dening para leluhurmu; ana ing kana kowe bakal ngabekti marang allah liyane kang rupa kayu lan watu. 37Kowe bakal dadi bab kang marakake kaebatan, dadi pocapan lan pepoyokane para bangsa, ana ing wewengkon anggonmu bakal disingkirake dening Sang Yehuwah. 38Pategalanmu bakal koksebari wiji akeh, nanging anggonmu ngundhuhi mung sathithik, marga bakal dipangani walang. 39Kowe bakal gawe lan nanduri pakebonan anggur, nanging kowe ora bakal ngombe utawa nandho anggur, marga bakal dipangan uler. 40Kowe bakal nduweni wit jaitun ana ing sawratane dhaerahmu, nanging kowe ora bisa nglengani awakmu, marga wohe jaitunmu bakal padha gogrog. 41Kowe bakal duwe anak lanang lan wadon, nanging iku ora bakal padha dadi duwekmu, marga bakal padha dadi tawanan. 42Sakabehe wit-witanmu lan pametune palemahanmu bakal diebroki grombolan walang. 43Wong manca kang ana ing tengahmu bakal sangsaya dhuwur ngluwihi kowe, nanging kowe sangsaya keplorod. 44Bangsa liya mau bakal ngutangi marang kowe, nanging kowe ora bakal ngutangi; iku bakal dadi sirah, nanging kowe bakal dadi buntute.
45Sakehe wewelak iku bakal nekani lan mburu kowe nganti ketututan, temah kowe banjur tumpes, marga kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ora netepi ing pepakene lan katetepane kang padha didhawuhake marang kowe; 46iku mau kabeh bakal dadi pratandha lan mukjijat ana ing antaramu lan ing antarane turunmu ing salawase.”
Paprangan lan pambuwangan kang bakal dialami
28:47-68
47 “Sarehne kowe ora gelem dadi abdine Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan bungah lan legawaning ati, sanadyan wus kaluberan ing samubarang kabeh, 48mulane kowe kalawan nandhang kaluwen lan kasatan, sarta kalawan nandhang kawudan tuwin kacingkrangan ing samubarang kabeh bakal ngawula marang mungsuh kang bakal didhawuhi dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nglawan kowe; iku bakal ngetrapi pasangan wesi ing cengelmu, nganti kowe sirna. 49Sang Yehuwah bakal ndhatengake sawijining bangsa kang adoh sangkane, saka ing pungkasane bumi, kang tekane kaya manuk garudha kang nyamber; bangsa kang ora kokngreteni basane; 50bangsa kang pasemone sumengit, ora mawang marang wong tuwa lan ora melasi marang bocah; 51kang bakal mangan nganti entek wohing raja-kayamu lan pametuning palemahanmu, tumeka satumpesmu; ora ngarekake gandum, anggur utawa lenga utawa pedhetmu lan cempemu, nganti sasirnamu. 52Kowe bakal ditindhes ana ing sakehe panggonanmu, nganti balowartimu kang dhuwur lan santosa kang kokandelake iku ing saindenging nagaramu wus padha jugrug. Malah panindhese iku warata ing saenggon-enggon, ana ing sawewengkone nagara kabeh, kang wus diparingake marang kowe dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. 53Ing sajrone kasusahan lan rekasa saka panggawene mungsuh iku, kowe nganti tegel mangan wohing wetenganmu, iya daginge anak-anakmu lanang lan wadon peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe. 54Wong lanang ing antaramu kang ringkih dhewe lan kulina mukti lan seneng nguja pakaremane bakal ewa marang sadulure, marang somahe dhewe sarta marang anak-anake kang isih kari, 55nganti ora gelem menehi daginge anake kang dipangan iku marang salah sijine wong-wong mau, awit ora ana turahane maneh, ing sajrone susah lan rekasa marga saka panggawene mungsuhmu ana ing sakehe panggonanmu. 56Wong wadon ing antaramu kang ringkih lan kulina mukti lan seneng nguja pakaremane, kang sikile ora tau ngambah lemah awit saka anggone seneng ngumbar kekarepane lan ringkih mau, iku bakal ewa marang bojone dhewe sarta marang anake lanang lan wadon; 57marga saka ari-arine kang metu saka guwa-garbane utawa marga saka anak-anake kang dilairake; jalaran saka bangeting kacingkrangane nganti mentala mangan iku kalawan dhedhemitan, iya jalaran saka susah lan rekasa marga saka panggawene mungsuhmu ana ing panggonanmu.
58Manawa kowe ora nglakoni kanthi tumemen sakehe pangandika ing angger-anggering Toret kang katulisan ana ing kitab iki, lan kowe ora gelem ngajeni Asma kang mulya lan nggegirisi iki, yaiku marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, 59Sang Yehuwah bakal ndhatengake wewelak kang elok marang kowe lan marang turunmu; wewelak kang nggegirisi lan suwe lan lelara mbebayani tur suwe. 60Panjenengane iya bakal ndhatengake sakehe memala Mesir kang kokwedeni, kabeh iku bakal padha tumemplok ing awakmu, 61uga sarupane lelara lan sarupane wewelak kang ora katulisan ana ing kitab Toret iki, iku bakal ditekakake dening Sang Yehuwah marang kowe nganti satumpesmu. 62Temah kekarenmu mung sathithik, mangka maune cacahmu iku kaya lintang ing langit; mulane mangkono awit kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. 63Padha kaya ing maune Sang Yehuwah karenan ing galih nyaeni nangkar-nangkarake marang kowe, iya kaya mangkono Sang Yehuwah anggone karenan ing galih ngrusak lan numpes marang kowe, temah kowe bakal karubuhake saka ing tanah kang lagi kokparani bakal kokenggoni. 64Sang Yehuwah bakal mbuyarake kowe ana ing antarane para bangsa, saka ing pungkasane bumi tutug ing pungkasane bumi, ana ing kono kowe bakal ngabekti marang allah liyane kang ora kokwanuhi lan iya ora disumurupi dening para leluhurmu, kang rupa kayu lan watu. 65Ana ing antarane para bangsa iku kowe ora bakal oleh katentreman, sarta dlamakanmu bakal ora oleh aso; malah ing kono kowe bakal kaparingan ati kang semplah, mripat kang kebak rasa kangen sarta nyawa kang nggrantes. 66Uripmu bakal kompal-kampul, awan lan bengi tansah was-was lan nguwatirake uripmu. 67Ing wayah esuk pangucapmu: Bok iya enggal bengi; lan ing wayah bengi pangucapmu: Bok iya tumuli esuk; marga atimu kebak rasa giris marga saka sesawangan kang koksipati. 68Sang Yehuwah bakal mangsulake kowe menyang ing tanah Mesir kalawan nunggang prau, metu ing dalan kang wus Sunpangandikakake marang sira: Sira ora bakal ndeleng iku maneh. Ana ing kono sira bakal nawakake awakira marang mungsuhmu dadi batur tukon lanang lan wadon, nanging bakal ora ana kang tuku.”
 
 
 
 
1Sawuse mangkono Nabi Musa banjur tindak sarta nglairake sakehing pangandika iki marang wong Israel kabeh. 2Mangkene pangandikane: “Umurku saiki satus rong puluh taun; aku wus ora bisa giyat maneh, sarta Pangeran Yehuwah wus ngandika marang aku: Sira mesthi ora bakal nyabrang bengawan Yarden iki. 3Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, piyambak kang bakal nuntun nyabrang lakumu, iya Panjenengane piyambak kang bakal numpes bangsa-bangsa iku saka ing ngarepmu, satemah kowe banjur bisa ngebeki nagarane; Yusak kang bakal nuntun nyabrang lakumu, kaya kang dadi dhawuhe Sang Yehuwah. 4Dene Sang Yehuwah bakal ngetrapi para bangsa mau kaya kang wus ditandukake marang Prabu Sihon lan Prabu Og, para ratune wong Amori, kang wus padha ditumpes dalah tanahe pisan. 5Sang Yehuwah bakal ngulungake para bangsa mau marang ing tanganmu, sawuse nuli padha etrapana miturut kaya kang wus dakprentahake marang kowe. 6Disantosa lan ditatag atimu, aja wedi lan aja giris ana ing ngarepe, marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang nunggil ing salaku-lakumu. Panjenengane ora bakal negakake kowe lan kowe ora bakal ditilar.”
7Nabi Musa nuli nimbali Sang Yusak lan dipangandikani ana ing ngarepe sakehe wong Israel: “Disantosa lan ditatag atimu, awitdene kowe kang bakal lumebu bebarengan karo bangsa iki menyang ing nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos dening Sang Yehuwah marang leluhure yen bakal diparingake; dene kowe kang bakal mimpin nganti padha ndarbeni nagara iku. 8Pangeran Yehuwah piyambak kang bakal ngirid lakumu, Panjenengane piyambak kang bakal nunggil marang kowe, kowe ora bakal ditegakake lan ora bakal ditilar, mulane aja wedi lan aja semplah.”
Pamacane kitab angger-anggere Toret saben pitung taun
31:9-13
9Sawuse nabi Musa nyerati angger-anggere Toret, iku banjur diparingake marang para imam bani Lewi, kang ngusung pethi prasetyaning Pangeran Yehuwah lan marang sakehe para tuwa-tuwane Israel; 10nuli padha diprentahi dening Nabi Musa mangkene: “Iki wekasane pitung taun ing mangsane nglilakake utang kaya kang wus katemtokake, yaiku Riyaya Tancebing Tarub; 11samangsa wong Israel kabeh padha nglumpuk seba ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal pinilih dening Panjenengane, nuli kowe macaa angger-anggere Toret iki ana ing ngarepe wong Israel kabeh. 12Wong sabangsa kabeh padha klumpukna, lanang-wadon dalah bocah-bocah, apadene wong bangsa liya kang manggon ana ing antaramu, supaya iku padha krungua, lan padha sinaua wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kanthi tumemen padha nglakoni sakehe pangandikane angger-anggere Toret iki. 13Dalah para anak-putune kang ora nyumurupi, iya padha bisaa krungu lan nyinau wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, salawase urip ana ing tanah kang lagi kokparani, kalawan nyabrang bengawan Yarden, lan kang bakal kokenggoni.”
Bebukane kidunge Nabi Musa
31:14-30
14Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa; “Lah wus cedhak anggonira bakal mati, mulane Yusak undangen banjur padha ngadega ana ing Tarub Pasewakan, bakal Sunpangandikani.” Nabi Musa lan Yusak banjur padha jumeneng ana ing Tarub Pasewakan. 15Pangeran Yehuwah banjur ngatingal ana ing jero tarub, ing jero tugu mega, tugune tumuli ngadeg ana ing lawanging tarub. 16Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Wruhanira, sira bakal ngaso awor karo para leluhurira, dene bangsa iki bakal laku bedhang kanthi ngetut-buri allahe bangsa liya kang ana ing nagara, kang bakal dileboni; ana ing kono bakal padha ngungkurake Ingsun lan nyelaki prasetyaningSun kang wus Suntetepake karo wong-wong iku. 17Ing wektu iku bakal padha katempuh ing mulad-mulading bebenduningSun lan bakal Suntilar kalawan ngaling-alingi wadananingSun, temah bakal padha kamangsa nganti entek lan katrajang ing bilai lan kasusahan akeh, nganti ing wektu iku padha duwe pangucap mangkene: Rak marga Gusti Allah ora ana ing satengah kita, anggon kita padha katrajang ing bilai lan karubedan tumpa-tumpa iki? 18Nanging ing wektu iku Ingsun bakal ndhelikake wadananingSun babar pisan, marga saka sakehe piala kang wus dilakoni, yaiku anggone padha manut marang allah liyane. 19Mulane kidung iku tulisana lan banjur wulangna marang wong Israel, isekna ing cangkeme, supaya kidung iki dadia seksiningSun tumrap wong Israel. 20Awitdene Ingsun bakal ngirid lakune lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang para leluhure, yaiku tanah kang luber puwan lan madu; nanging samangsa wus padha mangan nganti wareg lan dadi lemu, nuli bakal padha marani allah liyane, lan ngabekti marang iku. Ingsun bakal disepelekake lan prasetyaningSun diselaki. 21Nanging samangsa padha kataman ing bilai lan kasangsaran bola-bali, kidung iki bakal minangka paseksi tumrap wong-wong iku; marga kidung iki bakal tetep tumempel ing lambene para turune, awitdene Ingsun mirsa apa kang dadi kekarepaning atine ing dina iki, sadurunge Sunirid lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos.” 22Nabi Musa tumuli nyerati kidung iku sarta banjur diwulangake marang wong Israel.
23 Pangeran tumuli paring dhawuh marang Sang Yusak bin Nun, pangandikane: “Disantosa lan ditatag atimu, sabab sira bakal ngirid lakune wong Israel lumebu ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang wong-wong iku, sarta Ingsun kang bakal nunggil marang sira.”
24Kacarita bareng Nabi Musa wus rampung anggone nyerati pangandikane angger-anggere Toret iku ana ing kitab nganti satamate, 25banjur dhawuh marang para wong Lewi kang padha ngusung pethining prasetyane Pangeran Yehuwah, pangandikane: 26“Kitab Toret iki tampanana lan selehna sandhing pethining prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya anane ing kono iku dadia paseksi tumrap kowe. 27Awitdene aku ngerti marang wangkote atimu lan kakune githokmu. Salagine aku isih urip ana ing tengahmu bae, kowe wus padha ngatonake wangkotmu marang Sang Yehuwah, mendahane maneh yen aku wus ngajal. 28Padha klumpukna sakehe para tuwa-tuwane talermu lan para tetindhihing wadya-balamu, aku arep nglairake apa kang bakal dakkandhakake mengko, kalawan ngundang langit lan bumi, supaya dadi seksi. 29Marga aku ngerti, besuk sangajalku, kowe bakal padha tumindak rusuh, lan bakal nyleweng saka ing dalan kang wus dakprentahake marang kowe; mulane ing tembe kowe bakal padha katempuh ing bilai, manawa kowe padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, lan gawe gerahe panggalihe awit saka gegaweane tanganmu.”
30Nabi Musa banjur nglairake kidung iki ing sapangrungune wong Israel sapasamuwan kabeh nganti satamate.