Daud utawa Dawud (uga Dawood – SAW) penting banget ing antarané para nabi. Nabi Ibrahim (SAW) miwiti pengecualian anyar (yaiku cara Allah sesambungan karo manungsa) kanthi janji keturunan lan bangsa gedhe – banjur menehi pengorbanan gedhe. Nabi Musa (SAW) mbebasake bangsa Israel saka perbudakan – liwat kurban Paskah – banjur menehi Hukum supaya bisa dadi bangsa. Nanging sing kurang yaiku Raja sing bakal mrentah kanthi cara sing bakal ditampa berkah tinimbang kutuk saking Allah. Daud (SAW) iku raja lan nabi. Dheweke miwiti pengecualian liyane – yaiku para raja sing mrentah saka Yerusalem.
Sapa Raja Daud (Dawud – SAW)?
Sampeyan bisa ndeleng saka garis wektu ing Sejarah Israel, menawa Daud (SAW) urip watara 1000 SM, sewu taun sawisé Ibrahim (SAW) lan 500 taun sawisé Musa (SAW). Daud (SAW) miwiti kariré minangka dadi penggembala kang menggembalakan domba-domba kulawargane. Mungsuh gedhe lan raseksa wong Israel – yoiku Goliat – mimpin tentara kanggo nelukake Bani Israel,n karo mangkono, nggawe dheweke kabeh patah sengkuyung lan kalah. Nanging Daud (SAW) nantang Goliat lan mateni dheweke ing perang. Pancen nggumunake yen bocah angon sing isih enom isa mateni prajurit raseksa nganti Daud (SAW) dadi kondhang. Banjur Bani Israel terus ngalahake musuh-musuh dheweke kabeh. Al-Qur’an ngandhani awake dhewe ngenani babagan perang antarane Daud (SAW) lan Goliath ing ayat ing ngisor iki:
Awit saking Pikantukidining Allah, Raja Dawud sak balane bisa menang, ngusir Raja Jalut sak balane, lan Dawus bisa mateni Jalut, lan Allah maringi kraton sarta kawicaksanaan marang Dawud sarta maringi pirsa barang kang dadi keparengen kersane marang Dawud. Saupama Allah ora nulak para manungsa kelawan sak wenehe, mesthi bumi iki rusak. Ananging Allah iku kagungan Kanugrahan marang wong alam kabeh.
(Surat 2:251 – Al Baqarah)
Dadi Raja
Ketenaran Daud dadi pejuang tansaya ngancik sawise pertempuran iki. Ananging, piyambake nembe dadi raja sawise liwat sawetara pengalaman kang dawa lan angel amarga piyambake nduweni akeh mungsuh, becik ing jaba negeri utawa ing watara Bani Israel,sing nglawan dheweke. Kitab I lan II Samuel jero Injil (al Kitab) nyaritakake perjuangan lan kemenangan Daud (SAW). Samuel (SAW) yaiku nabi kang mengurapi Daud (SAW) dadi raja.
Dawud (SAW) uga kondhang minangka musisi sing nyiptakake tembangan lan syair-syair endah kanggo Allah. Iki kasebut ing Surah Sad (Surah 38 – Surat Saad) ing ayat ngisor iki:
Pangucape tokno bahe, saiki sira nyaritakna lelakone kawulanginsun Dawud kang rosa ngabekti, satemene Dawudh mau setiya tuhu Sarupaning gungung Ingsun sungkemake marang Dawud padha melu nyebut maha suci marang Ingsun ing wayah isuk lan sore Apa dene manuk padha nglumpuk melu Dawud memuji ing Allah, kabeh padha murih keparengig Allah Ingsun ngentasake keratone Dawud lan diparingi pangkat Nabi sarta kabeneran samu barang kang dilakoni diparingi kaweruh bisa ngrampungi pasulayaning uwong. (Surat 38:17-20 – Surat Sad)
Ayat iki negesake kekuwatane Dawud (SAW) minangka prajurit, nanging uga ‘puji’ kang endah kaya kidungane manuk marang Sang Pancipta. Lan minangka Raja dheweke ‘diwenehi’ kawicaksanan ing ‘pangucapane’ dening Allah piyambak. Lagu-lagu lan puisi Dawud (SAW) iki direkam lan dadi buku pisanan Zabur (utawa Zaboor) – sing dikenal minangka Mazmur. Amarga kawicaksanan pangandikane diparingake dening Allah marang dheweke, cathetan-cathetan Dawud (SAW) iki uga Suci lan diilhami kaya Taurat. Al Qur’an nerangake kaya mangkene:
Lan Pangeranira kang luwih ngudaneni wong-wong kang ana ing langit lan bumi, lan temen Ingsun wis ngluwihake sewenehe Nabi ngungkuli sawenehe. Serta Ingsun wis paring kitab zabur marang Dawud (Surat 17:55 – Isra)
Suleiman – nerusake Zabur
Nanging tulisan-tulisan sing diilhami iki ora rampung karo Dawud (SAW) sing pralaya nalika umur tuwa minangka Raja. Putra lan ahli warisipun yaiku Suleiman (utawa Sulaiman – SAW), ugi diilhami dening Allah awit kawicaksananipun. Surah Sad nerangake kaya mangkene:
Lan Ingsun paringi kanugrahan marang Dawud anak lanang aran Sulaiman, kawulaning Allah kang sholih awit banget sumungkeme ing Allah
(Surat 38:30 – Surat Sad)
Lan
(Muhammad) nyritakna sejarahe Dawud lan Sulaiman (kang wis kamulyakake kanthi kawicaksanan), yaiku nalikane dheweke padha mutusi perkara tanduraning kaum kang dirusak dening wedhuse golongan liyane. Lan Ingsun nyekseni hukum kang diputusake dening dheweke. Sulaiman ingsun paringi kawicaksanan weruh marang bebenering hukum (perkara). Dene Sulaiman lan Dawud Ingsun paringi kawicaksanan lan kapinteran. Lan Ingsun anyungkemake sakehing gunung lan manuk, padha melu memuji lan maha sucekake ing Allah bebarengan karo Dawud. Ingsun nindakake kang mengkono iku,
(Surah 21:78-79 Al-Anbiya)
Lan yekti Ingsun wis maring kawruh marang Dawud lan Sulaiman, sakarone mau padha manglembana mengkene, “Sedaya pangalembana punika kagunganipun Allah, ingkang sampun paring kautaman dhumateng kawula, ngungkuli para kawulanipun pinten – pinten ingkang sami mukmin.
(Surat 27:15 An-Naml)
Dadi Sulaiman (SAW) terus nambahake buku-buku kawicaksanan inspirasi kanggo Zabur. Buku-buku kasebut yaiku Wulang Bebasan, Kohelet, lan Mustikaning Kidung.
Zabur diterusake karo nabi liyane
Nanging, sawise wafate Sulaiman (SAW), Raja-Raja sabanjure ora numuti Taurat lan ora siji uga saka raja-raja sabanjure kang diwenehi pesan-pesan kang diilhami. Mung Dawud lan Sulaiman (SAW), saka kabehing Raja Israel, kang nduweni tulisan-tulisan kang diilhami dening Allah – dheweke kabeh yaiku nabi ngiras raja. Nanging, marang raja-raja sawise Sulaiman, Allah ngutus nabi-nabi karo pesen utawa pengetan. Nabi Yunus (utawa Yunus) kang diunthal dening iwak gedhe yaiku salah siji saka nabi-nabi iki (Surah 37:139-144).
Bab iki berlanjut nganti 300 taun – kanthi akeh nabi kang diutus. Pèngetan, tulisan, lan nubuat dheweke kabeh uga ditambahake menyang Kitab Zabur kang diilhami. Wong-wong Israel pungkasane ditelukake lan dideportasi dening Wong Babilonia menyang Babilonia. Dheweke kabeh banjur bali menyang Yerusalem ing sangisoré Cyrus (Koresy), pangadeg Kekaisaran Persia. Ing wektu iki para nabi terus diutus lan ngaturi pesen. Pesan-pesan iki ditulis ing jroning kitab-kitab pungkasan Zabur.
Zabur – ngantisipasi tekane Masih
Kabeh nabi iki penting kanggo awake dhewe amarga, ing tengah pengetan-pengetan, dheweke uga nggawe dhasar kanggo Injil. Nyatane, Dawud (SAW) ngenalake gelar ‘Masih’ ing wiwiting Mazmur (bagean Zabur sing ditulise) lan para nabi sabanjure menubuatkan kanthi luwih rinci ngenani babagan Masih sing bakal teka. Bab iki penting banget amarga kegagalan para Raja sabanjure ngetutake Taurat, lan kegagalan wong Israel numuti Prentah.
Janji, pangarep-arep lan kepinginan arep ketekanan al-Masih dinubuatkan jroning konteks kegagalan manungsa ing masa iku. Minangka nabi, dheweke ngarepake masa depan, kayadene kang disyaratkan dening Nabi Musa (SAW) ing jroning Taurat. Lan nubuat-nubuat iki ngomong marang awake dhewe ing jaman saiki kanggo awake dhewe sing uga gagal njalani urip karo cara kang bener sakepriye kang samesthine. Al-Masih arep dadi mercusuar pangarep-arep ing tengah-tengah kegagalan.
Kepriye Isa Al-Masih (SAW) nyawang lan migunakake Zabur
Nyatane, nabi Isa al Masih dhewe nggunakake Zabur kanggo ngrewangi para mitra lan pengikute ngerteni Injil lan peran al-Masih. Zabur nyatakake bab iki ngenani Isa:
Tumuli padha diparingi katrangan bab sabarang kang wis katulisan ing Kitab Suci kabeh tumrap Panjenengane, wiwit kitab-kitabe Nabi Musa lan kitab-kitabe para nabi. Lukas 24:27
Ungkapan ‘lan kabeh para Nabi’ nuduhake marang nabi-nabi Zabur iki sing ngetutake Taurat Musa (SAW). Isa al Masih (SAW) pengin para sahabat ngerti carane Zabur mulang lan bernubuat ngenani babagan dheweke. Isa al Masih (SAW) banjur nerusake mulang dheweke kabeh karo:
Banjur padha dipangandikani mangkene: “Yaiki pituturKu kang Dakkandhakake marang kowe kabeh, nalika Aku isih nunggal karo kowe, yaiku yen kabeh kang wis katulisan tumraping Aku ana ing sajroning kitab-Torete Nabi Musa lan kitabe para Nabi sarta kitab Masmur, iku kudu kayektenan”. Panjenengane banjur mbuka pikirane wong-wong mau supaya padha ngreti marang Kitab Suci. Lukas 24:44-45
Nalika nerangake kene kanggo ‘para Nabi lan Masmur‘ iku tegese kitab Zabur pisanan sing ditulis Dawud (Kitab Mazmur) lan banjur kitab-kitab pungkasan sing kalebu (‘KItab Para Nabi’). Isa al Masih (SAW) dibutuhake kanggo ‘mbukak pikirane‘ lan mung banjur padha bisa ‘mangertos Kitab Suci‘ (yaiku Kitab-kitab Taurat lan Zabur). Tujuan awake dhewe ing seri artikel sabanjure yaiku manut apa sing dituduhake dening Isa al Masih (SAW) saka buku-buku kasebut supaya awake dhewe uga bisa mbukak pikiran lan banjur ngerti Injil.
Dawud (SAW) lan Para Nabi Zabur ing jero Garis Wektu Sajarah
Gambar ing ngisor iki ngringkes paling akeh (nanging ora kabeh amarga ora ana ruwang kanggo kabeh) para nabi-nabi kasebut. Jembaré garis nuduhake umur saben nabi. Kodhe werna garis wayah ngetutake status wong Israel kanthi cara sing padha kaya nalika awake dhewe ngetutake sejarahe dheweke saka Berkah lan Kutuk Nabi Musa.
Awake dhewe nerusake Zabur karo weruh nubuat ngenani putra prawan sing bakal teka.