Skip to content
Home » From Books » Page 6

From Books

Surat 2:67-73 (Sapi)

Lan elinga Nabi Musa ngandika marang umate: “Gusti Allah dhawuh supaya sampeyan kurban sapi sapi.” Wong-wong mau padha calathu: “Apa kowé padha ndadèkaké gumuyu tumrap aku?” Dhèwèké ngandika: “Dhuh Allah, mugi karsaa ngluwari kawula saking tiyang bodho!”

Wong-wong mau padha calathu: “Dhuh Pangéran Paduka mugi karsaa paring terang dhateng kula punapa (sapi) punika!” Panjenenganipun ngandika; “Panjenengané ngandika: Lembu sapi kudu ora tuwa utawa enom banget, nanging wis setengah umur. Saiki lakonana apa sing diprentahake marang kowe!”

Wong-wong mau padha matur: “Dhuh Pangéran Paduka mugi karsaa paring terang dhateng kula warna-warninipun.” pangandikane: “Dheweke ngandika: A wedhus wedhus werno abu-abu, resik lan sugih ing muni, admiration saka beholders!”

Wong-wong mau padha calathu: “Dhuh Pangéran Paduka mugi karsaa nedahaken dhateng kula kados pundi wujudipun wanita punika: Tumrap kawula sadaya punika sami sapi-sapi, satemen-temen kawula sami nyuwun tuntunan, manawi Allah ngersakaken.”

pangandikane: “Dheweke ngandika: Sapi sing ora dilatih kanggo ngolah lemah utawa nyirami pategalan, sehat lan tanpa cacad.” Padha ngandika: “Saiki sampeyan wis nggawa bebener.” Banjur padha nyaosaké kurban, nanging ora kanthi karsa.

Élinga yèn kowé wis matèni wong, lan kowé padha padudon bab kadurjanan, nanging Gusti Allah bakal ngetokaké apa sing kok dhelikaké.

Mulané Ingsun dhawuh: “Pukulana (awak) nganggo sepotong sapi.” Mangkono uga Allah anguripaké wong-wong kang wis padha mati, sarta paring tandha-tandha marang kowé: muga-muga kowé padha ngerti.

1Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun mangkene: 2“Iki pranatan angger-angger kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, kalawan pangandikane: Sira ndhawuhana wong Israel, supaya padha ngladekna marang sira sapi wadon nom abang kang tanpa ciri ala, kang ora ana cacade lan kang durung tau dietrapi pasangan. 3Iku sira tampakna marang Imam Eleazar, banjur digawaa metu menyang ing sajabane palereban, lan kasembeleha ana ing ngarepe imam. 4Sawuse iku Imam Eleazar ndulita getihe sapi iku sathithik, banjur dikepyurna sathithik ing ngarepe Tarub Pasewakan nganti rambah kaping pitu. 5Sawuse mangkono sapine tumuli kaobonga nganti entek ana ing sangareping imam; kulite, daginge lan getihe dalah tlethonge pisan, uga kaobonga nganti entek. 6Imam tumuli njupuka kayu eres, hisop lan kain jingga, kacemplungna ing satengahe geni kang ngobong sapi mau. 7Sawuse mangkono imam tumuli ngumbaha sandhangane lan adusa, nuli lumebua ing palereban, sarta imam iku dadi najis tumeka suruping srengenge. 8Wong kang ngobong sapi mau ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta banjur dadi najis nganti tumeka suruping srengenge. 9Awune sapi mau dikukupana dening salah sijine wong kang ora najis, lan diselehna ing panggonan kang ora najis ing sajabane palereban; kabeh iku kasimpena kanggo umat Israel, kanggo gawe banyu pambirating najis, iku dadi pangruwating dosa. 10Wong kang nglumpukake awune sapi mau iya ngumbaha sandhangane lan dadi najis nganti tumeka suruping srengenge. Iku dadia pranatan ing salawase kanggo wong Israel lan wong bangsa liya kang manggon ana ing tengahira.
11Sing sapa nggepok jisim, iku dadi najis lawase pitung dina. 12Ing telung dinane wong iku ngruwata dosane nganggo banyu mau, dene ing dina kapitune wus ora najis. Nanging manawa ing telung dinane ora ngruwat dosane, ing pitung dinane ora ilang najise. 13Saben wong kang nggepok jisim, yaiku badane manungsa kang wus mati, mangka ora ngruwat dosane, iku dadi najisake Tarub Sucining Yehuwah, wong kang mangkono iku katumpesa saka ing Israel, marga ora disiram ing banyu pambirating najis, mulane dadi najis lan tetep kadunungan najis.
14Iki angger-angger manawa ana wong kang mati ana ing sajroning tarub, sapa kang lumebu ing tarub iku, lan kabeh kang ana ing tarub kono mesthi dadi najis pitung dina lawase; 15apadene sadhengah wadhah kang bukakan lan ora nganggo dilarabi rapet, iku iya dadi najis. 16Mangkono maneh saben wong kang ana ing ara-ara kang nggepok badane wong kang dipateni sarana pedhang, utawa nggepok jisim apa balunging manungsa apa kuburan, iku iya dadi najis lawase pitung dina. 17Anadene wong kang kena ing najis kaya mangkono iku, kajupukna awune kurban pangruwating dosa kang kaobong mau, kadokoka ing wadhah lan kaesokana banyu kang mili. 18Nuli sawijining wong kang ora najis njupuka hisop, kacelupna ing banyu iku mau, banjur dikepyurna marang ing dhuwure tarub lan sapirantine kabeh lan wong-wong kang ana ing kono; mangkono uga marang wong kang nggepok balung utawa wong kang dipateni, kang nggepok jisim apa kuburan iku mau. 19Wong kang ora najis mau ngepyurna marang kang najis iku ing telung dinane, lan ing pitung dinane, dene ing pitung dinane iku wong mau ngruwata dosane; nuli kang najis mau ngumbaha sandhangane lan adusa, temah bakal mari najise samangsa srengenge surup. 20Balik sing sapa nandhang najis, mangka ora ngruwat dosane, wong iku mesthi katumpes saka ing satengahe pasamuwan, marga wus najisake pasucene Sang Yehuwah; ora kasiram ing banyu pambirating najis, dadi tetep najise. 21Iku dadia pranatan ing salawase marang sira. Anadene wong kang nyiramake banyu pambirating najis iku, iya ngumbaha sandhangane, lan wong kang kena banyu pambirating najis iku iya dadi najis nganti tumeka suruping srengenge. 22Dalah samubarang kang digrayang dening wong kang najis iku iya dadi najis, lan sing sapa nggepok wong iku, iya bakal dadi najis nganti tumeka suruping srengenge.”
1Sawuse putrane Rama Harun kang loro mati nalika padha nyedhak marang ing ngarsane Sang Yehuwah, Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa. 2Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau mangkene: “Sira ndhawuhana marang Harun, kakangira, aja nganti saben wektu lumebu menyang ing pasucen ing saburine geber, ing ngarepe tutup pangruwatan kang ana ing dhuwur pethi, supaya aja nganti nemahi pati, awitdene Ingsun ngatingal ana ing mega ing sadhuwure tutup pangruwatan. 3Harun anggone lumebu ing pasucen iku patrape mangkene: nggawaa pedhet siji kanggo kurban pangruwating dosa sarta wedhus gibas lanang siji kanggo kurban obaran, 4kalawan manganggo kemejan lena kang suci lan lena kanggo nutupi kawirangane, sabukan lena lan uga nganggoa serban lena; iku padha sandhangan suci, kang dianggoa sawuse adus. 5Dene pasamuwane Israel kajalukana wedhus berok loro kanggo kurban pangruwating dosa lan wedhus gibas lanang siji kanggo kurban obaran. 6Sawuse mangkono Harun tumuli nyaosna sapi lanang kang arep dianggo kurban pangruwating dosa tumrap awake dhewe, kanthi patrap mangkono anggone ngolehake pirukun tumrap awake dhewe lan kulawargane. 7Nuli dheweke njupuka wedhus berok lanang loro mau diajokna ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan, 8wedhus berok lanang loro mau banjur kaundhia, undhi siji kagem Sang Yehuwah lan sijine kanggo Azazel. 9Wedhus kang katiban undhi kagem Sang Yehuwah nuli diajokna lan kagawea kurban pangruwating dosa. 10Nanging wedhus kang katiban undhi kanggo Azazel, iku diajokna isih urip ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, kagawea srana nganakake pirukun, nuli diuculna menyang ing pasamunan kanggo Azazel. 11Harun tumuli nyaosna sapi lanang kurban pangruwating dosa kang kanggo awake dhewe lan kanggo nganakake pirukun tumrap awake dhewe lan kulawargane, sarta nyembeleha sapine lanang iku; 12banjur njupuka padupan kaisenana mawa mengangah saka ing misbyah kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah nganti kebak, apadene njupuka dupa racikan wangi kang alus rong gegem digawaa lumebu menyang ing saburine geber. 13Dupane tumuli ditumpangna ing geni ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nganti kukuse dupa nglimputana tutup pangruwatan kang ana ing dhuwure angger-anggere Gusti Allah, supaya Harun aja nemahi pati. 14Apamaneh Harun njupuka getihe sapi lanang mau sathithik, dikepyurna klawan drijine ing dhuwure tutup pangruwatan perangan ngarep, lan anaa sathithik kang dikepyurake klawan drijine ing ngarepe tutup pangruwatan nganti rambah kaping pitu. 15Sawuse mangkono wedhus lanang kang bakal kanggo kurban pangruwating dosa tumrap wong akeh iku kasembeleha, sarta getihe kagawaa menyang ing saburine geber, lan getihe digawea padha kaya kang wus ditindakake tumrap getihe sapi mau, yaiku: dikepyurna ana ing dhuwure tutup pangruwatan lan ing ngarepe. 16Kaya mangkono anggone nganakake pirukun tumrap pasucen, marga saka sakehe kanajisane wong Israel lan marga saka sakehe panerake, apa bae dosane. Kaya mangkono iku kang katandukake marang Tarub Pasewakan, kang lestari dumunung ana ing antarane lan ing satengahe kanajisane. 17Wong siji bae ora kena ana ing Tarub Pasewakan, manawa Harun lumebu arep nganakake pirukun ana ing pasucen nganti sawetune, sawuse rampung anggone nganakake karukunan, tumrap awake dhewe, kulawargane lan sapasamuwane Israel kabeh. 18Sawuse mangkono nuli metua maranana misbyah kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sarta nganakna pirukun kanggo misbyah iku; dheweke njupuka getihe sapi lanang lan getihe wedhus gembel mau sathithik dileletna ing sungune misbyah mubeng. 19Dene getihe salong kakepyurna ing misbyah klawan drijine nganti rambah kaping pitu, temah misbyah iku dibirat najise lan disucekake saka sarupane kanajisane wong Israel. 20Sawuse rampung anggone nganakake pirukun tumrap ing pasucen, Tarub Pasewakan lan misbyah, banjur wedhus berok kang isih urip diajokna, 21Harun banjur numpangna tangane karo pisan ing endhase wedhus kang isih urip iku, sarta ngakonana sakehe kaluputane wong Israel lan sakehe panerake, sanajan apa bae dosane; apadene dosane diemotna ing endhase wedhus lanang iku, wedhus iku banjur dieculna ing pasamunan dening sawijining wong kang wus cumawis tumrap iku. 22Kaya mangkono anggone wedhus lanang mau kudu ngangkat sakehe kaluputane Israel menyang ing tanah kang cengkar, lan wedhus iku lagi dieculna manawa wis tekan ing pasamunan. 23Sawuse mangkono Harun tumuli lumebua ing Tarub Pasewakan lan cucula sandhangan lena kang dianggo nalika lumebu ing pasucen, padha ditinggala ana ing kono. 24Banjur adusa ana ing papan kang suci, nuli nganggoa sandhangane dhewe, sarta metua nyaosna kurban obarane dhewe lan kurban obaran sesaosane umat; sarana patrap mangkono anggone nganakake pirukun kanggo awake dhewe lan kanggo umat. 25Gajihe kurban pangruwating dosa iku nuli diobonga ana ing misbyah. 26Anadene wong kang ngeculake wedhus kang kanggo Azazel iku, iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sawuse mangkono lagi kena lumebu ing palereban. 27Sapi lanang lan wedhus lanang kurban pangruwating dosa, kang getihe wus kagawa lumebu kanggo nganakake pirukun ana ing pasucen iku, padha kagawaa metu saka palereban, sarta lulange, daginge lan tlethonge iku kaobonga nganti entek. 28Sapa kang ngobong iku kabeh, ngumbaha sandhangane, adusa, sawuse iku lagi kena lumebu ing palereban.
29Iki dadia pranatan ing salawase kanggo sira kabeh, yaiku: ing sasi kapitu tanggal sapuluh, sira padha ngesorna awakira kanthi puwasa, sarta aja nyambut-gawe, iya bangsa Israel asli iya wong neneka kang manggon ana ing satengahira. 30Awitdene ing dina iku kudu dianakake pirukun tumrap sira kabeh kagawe mbirat najisira. Sira bakal padha diresiki saka sakehe dosanira ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah. 31Dina iku kaanggepa sabat, dina ngaso babar pisan tumrap sira lan sira padha ngesorna awakira kanthi puwasa. Iku dadia pranatan ing salawase. 32Dene imam kang wus dijebadi lan wus katetepake kaimamane nggenteni bapakne, iku nganakna pirukun; iku kudu nganggo sandhangan lena, sandhangan kang suci, 33sarta banjur nganakna pirukun kanggo ing pasucen pinunjul, Tarub Pasewakan, lan kanggo misbyah, uga kanggo para imam lan kanggo wong sabangsa kabeh. 34Iku dadia pranatan ing salawase tumrap sira, supaya setaun sepisan kaanakna karukunan kanggo wong Israel marga saka sakehe dosane.” Imam Harun tumuli nglakoni kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa mau