Skip to content
Home » From Books » Page 4

From Books

YOKANAN 17

1Kaya mangkono mau pangandikane Gusti Yesus. Panjenengane banjur tumenga marang langit sarta matur: “Dhuh Rama, sampun dumugi ing wancinipun; mugi Putra Paduka kaluhurna, supados Putra Paduka ngluhuraken Paduka. 2Kadosdene anggen Paduka sampun maringi panguwaos dhateng Piyambakipun mengku sawarnining agesang, makaten ugi Piyambakipun inggih badhe nyukani gesang langgeng dhateng sadaya ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Piyambakipun. 3Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka. 4Kawula sampun ngluhuraken Paduka wonten ing bumi kanthi patrap anggen Kawula sampun ngrampungaken padamelan ingkang Paduka bebahaken dhateng Kawula supados katindakaken. 5Dene sapunika, dhuh Rama, Paduka mugi ngluhuraken Kawula wonten ing pangayunan Paduka piyambak kanthi kaluhuran ingkang dados gadhahan Kawula wonten ing ngarsa Paduka saderengipun jagad dumados.
6Kawula sampun nglairaken asma Paduka dhateng para tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula saking jagad. Tiyang-tiyang punika kagungan Paduka sarta sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, saha sampun sami netepi ing pangandika Paduka. 7Sapunika sampun sami sumerep, bilih sadaya peparing Paduka dhateng Kawula punika pinangkanipun saking Paduka. 8Amargi sadaya Pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika sampun Kawula tampekaken dhateng tiyang-tiyang wau saha sampun dipun tampeni. Punapadene sampun sami sumerep saestu, bilih pinangka Kawula punika saking Paduka lan sami pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula. 9Kawula ndongakaken tiyang-tiyang punika. Sanes jagad ingkang Kawula dongakaken, nanging tiyang-tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika, awit punika sami kagungan Paduka 10lan sadaya gadhahan Kawula inggih kagungan Paduka sarta kagungan Paduka inggih gadhahan Kawula, saha Kawula sampun kaluhuraken wonten ing tiyang-tiyang punika. 11Wondene Kawula sampun boten wonten ing donya malih, nanging tiyang-tiyang punika taksih wonten ing donya, tuwin Kawula sowan dhateng ing ngarsa Paduka. Dhuh Rama ingkang Suci, tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika mugi Paduka reksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, supados tiyang-tiyang wau sami dados satunggal kadosdene Paduka kaliyan Kawula. 12Salaminipun Kawula nunggil kaliyan tiyang-tiyang punika, Kawula ingkang ngreksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula; Kawula sampun rumeksa dhateng tiyang-tiyang wau ngantos boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang ical kajawi namung tiyang satunggal ingkang sampun pinesthi kedah ical, supados kayektosana wiraosing Kitab Suci. 13Nanging samangke, Kawula sowan dhateng ing ngarsa Paduka, lan Kawula ngaturaken sadaya punika ing salebetipun Kawula taksih wonten ing donya, supados sampurnaa kabingahan Kawula wonten ing tiyang-tiyang wau. 14Tiyang-tiyang wau sampun sami Kawula sukani pangandika Paduka, lan sami dipun sengiti dening jagad, amargi pinangkanipun boten saking jagad, kadosdene pinangka Kawula punika inggih boten saking jagad. 15Kawula boten nyuwun, supados sami kapundhuta saking donya, namung supados Paduka reksa, sampun ngantos kapanduk ing piawon. 16Pinangkanipun tiyang-tiyang punika boten saking jagad, kadosdene pinangka Kawula punika inggih boten saking jagad. 17Mugi sami Paduka sucekaken ing salebeting kayektosan; pangandika Paduka inggih punika kayektosan. 18Kadosdene Paduka sampun ngutus Kawula dhateng ing jagad, makaten ugi Kawula inggih kengkenan tiyang-tiyang punika dhateng jagad; 19sarta Kawula nucekaken badan Kawula kangge tiyang-tiyang punika, supados ugi sami kasucekna wonten ing kayektosan.
20Lan boten namung kangge tiyang-tiyang punika kemawon anggen Kawula ndedonga, nanging ugi kangge tiyang-tiyang ingkang pitados dhateng Kawula margi saking piwulangipun, 21supados sadayanipun sami dadosa satunggal kadosdene Paduka, dhuh Rama, wonten ing Kawula, sarta Kawula wonten ing Paduka, supados inggih sami dadosa satunggal kaliyan Paduka lan Kawula, supados jagad pitadosa, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula. 22Lan Kawula sampun nyukakaken kamulyan, ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula, dhateng tiyang-tiyang punika, supados sami dadosa satunggal, kadosdene Paduka kaliyan Kawula inggih dados satunggal: 23Kawula wonten ing tiyang-tiyang punika sarta Paduka wonten ing Kawula supados sampurnaa anggenipun dados satunggal, sarta supados jagad sumerepa, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula saha bilih tiyang punika sami Paduka kasihi kadosdene anggen Paduka ngasihi Kawula.
24Dhuh Rama, ingkang dados pikajeng Kawula, Kawula wontena ing pundi kemawon, tiyang-tiyang punika tansah nunggila kaliyan Kawula, inggih punika tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula punika, supados sami nyawang dhateng kamulyan Kawula peparing Paduka. Awit Paduka ngasihi Kawula wiwit saderengipun jagad tinalesan. 25Dhuh Rama ingkang adil, jagad punika pancen boten wanuh dhumateng Paduka, nanging Kawula wanuh kaliyan Paduka, sarta tiyang-tiyang punika sami sumerep, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula; 26punapa dene Asma Paduka sampun Kawula sumerepaken dhateng tiyang-tiyang punika sarta inggih badhe Kawula sumerepaken, supados sih ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika wontena ing tiyang-tiyang punika, sarta Kawula inggih wontena ing tiyang-tiyang punika.”

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

YOKANAN 13 – 16

1Anadene sadurunge riyaya Paskah, Gusti Yesus wus mirsa, manawa wus tekan ing titi-mangsane anggone bakal tindak saka ing donya iki sowan marang ing ngarsane Sang Rama. Padha kayadene Panjenengane anggone tansah ngasihi marang para kagungane kang ana ing donya, mangkono uga saiki Panjenengane anggone ngasihi iku nganti tumeka ing wekasane. 2Nalika Gusti Yesus karo para sakabate padha bujana, Iblis wus ngosikake pangrantam ana ing sajroning atine Yudas Iskariot, anake Simon, arep mitenah Gusti Yesus. 3Gusti Yesus mirsa, yen Sang Rama wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane sarta yen Panjenengane iku pinangkane saka ing Allah, lan wangsul marang Allah. 4Gusti Yesus banjur jumeneng sarta lukar pangageman lan mundhut lawon banjur diubetake ing sarirane, 5tumuli ngesok banyu ing pawisuhan, sarta wiwit ngwijiki sikile para sakabate lan kausapan kalawan lawon kang kaubetake ing sarirane mau. 6Sarawuhe ing panggonane Simon Petrus, Petrus tumuli munjuk: “Gusti, Paduka badhe ngwijiki suku kawula?” 7Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kang Daktindakake, saiki kowe durung nyandhak tegese, nanging besuk kowe bakal mangreti.” 8Unjuke Petrus: “Paduka sampun ngantos ngwijiki suku kawula ing salami-laminipun.” Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Manawa Aku ora ngwisuhi kowe, kowe ora nduweni panduman ana ing Aku.” 9Unjuke Simon Petrus: “Gusti, sampun ngamungaken suku kawula kemawon, nanging dalah tangan saha sirah pisan.” 10Pangandikane Gusti Yesus: “Wong kang wus adus, ora susah adus maneh, cukup mung wisuh sikil bae, awit badane sakojur wus resik. Mangkono uga kowe iku wus resik, mung bae ora kabeh.” 11Awit Gusti Yesus mirsa sapa kang bakal ngulungake sarirane. Marga saka iku Panjenengane ngandika: “Kowe iku ora kabeh resik.”
12 Sawuse Gusti Yesus ngwijiki sikile para sakabat mau, banjur ngrasuk pangagemane maneh lan wangsul lenggah sarta ngandika: “Apa kowe padha ngreti tegese panggaweKu marang kowe iku mau? 13Kowe padha nyebut Aku Guru lan Gusti, lan panyebutmu iku wus bener, awit Aku iki pancen Guru lan Gusti. 14Dadi manawa Aku iki kang dadi Gusti lan Gurumu wus ngwisuhi sikilmu, dadi kowe iya padha kuwajiban wisuh-winisuhan sikil. 15Awit Aku wus menehi tuladha marang kowe, supaya kowe kabeh uga nindakake kaya kang wus Daktindakake marang kowe. 16Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sawijining abdi iku ora ngungkuli bendarane, utawa sawijining utusan iya ora ngungkuli kang ngutus. 17Manawa kowe padha sumurup prakara iki kabeh, rahayu kowe, manawa kowe kabeh padha nglakoni.
18 PituturKu iki ora tumrap kowe kabeh; Aku weruh, sapa kang wus Dakpiji. Nanging kudu kayektenan tulisan kang mangkene surasane: Tiyang ingkang tumut nedha roti Kawula, punika sampun ngagagaken sukunipun dhateng Kawula. 19Samengko kowe padha Daktuturi sadurunge bab iku kalakon, supaya manawa bab iku kalakon, kowe padha pracayaa, yen iya Aku iki Panjenengane. 20Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa nampani wong kang Dakutus, iku nampani Aku, lan sapa kang nampani Aku, iku nampani Panjenengane kang ngutus Aku.”
Gusti Yesus paring pitedah sapa kang bakal ngulungake Panjenengane
13:21-30
Mt 26:21-25Mk 14:18-21Lk 22:21-23
21Sawuse Gusti Yesus ngandika mangkono, Panjenengane banget trenyuh ing galih, sarta banjur paring paseksen mangkene: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Wong siji panunggalanmu bakal ngulungake Aku.” 22Para sakabat tumuli padha pandeng-pandengan, kanthi melang-melang, sapa kang dipangandikakake iku. 23Sawijining sakabate, iya iku sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus, lungguh sendhen sandhing Panjenengane, ing sisih tengene, 24iku disasmitani dening Simon Petrus sarta dicalathoni: “Nyuwuna pirsa sapa kang dipangandikakake iku.” 25Sakabat kang lungguh cedhak Gusti Yesus mau tumuli noleh sarta matur marang Gusti Yesus: “Gusti, sinten tiyangipun?” 26Paring wangsulane Gusti Yesus: “Wonge iya iku kang bakal Dakwenehi roti sawuse Dakcelupake.” Sawuse ngandika mangkono, banjur mundhut roti sarta kacelupake tumuli kaparingake marang Yudas anake Simon Iskariot. 27Lan sawuse nampani roti iku, Yudas tumuli kapanjingan Iblis. Gusti Yesus tumuli ngandika marang dheweke: “Apa kang dadi sedyamu iku enggal tindakna!” 28Ananging ora ana wong siji-sijia ing antarane para sakabat kang padha kembulan iku kang mangreti, apa karsane Gusti Yesus ngandika mangkono marang Yudas iku. 29Sarehne Yudas kang nyekel kas, ana kang duwe pangira manawa Gusti Yesus ngutus Yudas tuku apa-apa kang prelu kanggo riyaya iku, utawa didhawuhi dedana marang wong miskin. 30Yudas nampani roti iku banjur enggal-enggal lunga. Nalika iku wayahe wis wengi.
Pepakon anyar
13:31-35
31Sawuse Yudas lunga, Gusti Yesus banjur ngandika: “Samengko Putraning Manungsa kaluhurake sarta Gusti Allah kaluhurake ana ing sarirane. 32Manawa Gusti Allah kaluhurake ana ing sarirane, Gusti Allah iya bakal ngluhurake Panjenengane ana ing sarirane piyambak, malah Panjenengane bakal tumuli kaluhurake. 33He, anak-anakKu, anggonKu tunggal karo kowe mung kari sadhela. Kowe bakal padha nggoleki Aku, kayadene anggonKu wus tutur marang wong Yahudi: Ing ngendi paranKu, kowe ora bakal padha bisa mrana, saiki Aku iya pitutur mangkono marang kowe.
34 Kowe padha Dakwenehi pepakon anyar, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana: dikaya anggonKu wus tresna marang kowe, kowe iya padha tresna-tinresnanana uga. 35Kanthi mangkono saben wong bakal padha weruh, yen kowe padha dadi siswaKu, yaiku manawa kowe padha tresna-tinresnan.”
Gusti Yesus paring pepenget marang Petrus
13:36-38
36Simon Petrus tumuli munjuk: “Gusti, Paduka tindak dhateng pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Menyang ngendi paranKu kowe ora bisa melu Aku saiki, nanging besuk kowe bakal padha nusul Aku.” 37Unjuke Petrus: “Gusti, punapaa kawula boten saged ndherek Paduka samangke? Kawula badhe ngetohaken nyawa kawula kagem Paduka.” 38Paring wangsulane Gusti Yesus: “Nyawamu bakal koketohake kanggo Aku? Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge jago kluruk, kowe wus nyelaki Aku ambal ping telu.”

1“Atimu aja melang-melang; padha kumandela ing Allah, iya kumandela ing Aku uga. 2Ing daleme RamaKu akeh panggonan. Manawa ora mangkono, kowe rak mesthi wis padha Dakkandhani. Awit Aku mrana prelu nyawisake papan marang kowe. 3Dene manawa Aku wus mrana lan wus nyawisake papan kanggo kowe, tumuli Aku bakal bali lan ngajak kowe menyang ing papan padununganKu, supaya ing ngendi padununganKu, kowe iya padha anaa ing kono uga.
4Lan menyang ngendi paranKu, kowe iya padha sumurup dalane mrana.” 5Tomas tumuli munjuk: “Gusti, kawula boten sumerep dhateng pundi tindak Paduka; dados kadospundi anggen kawula sumerep marginipun mrika?” 6Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku. 7Manawa kowe padha wanuha marang Aku, mesthi kowe kabeh iya wanuh marang RamaKu. Wiwit saiki kowe padha wanuh marang Panjenengane sarta wus padha ndeleng marang Panjenengane.”
8Unjuke Filipus: “Gusti, kawula mugi sami Paduka tedahi Sang Rama punika, supados kawula sadaya sami marem.” 9Pangandikane Gusti Yesus: “Wus samono lawase anggonKu nunggal karo kowe kabeh, Filipus, nanging kowe kok ora wanuh marang Aku? Sing sapa wus ndeleng Aku, iku wus ndeleng Sang Rama; kapriye dene kowe kandha: Kawula mugi sami Paduka tedahi Sang Rama? 10Apa kowe ora ngandel yen Aku iki ana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ing Aku? Apa kang Daktuturake marang kowe iku, ora Dakucapake saka karepKu dhewe, nanging Sang Rama, kang dumunung ana ing Aku, Panjenengane iku kang nindakake pandamele. 11Padha ngandela marang Aku, yen Aku ana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ing Aku; utawa saora-orane, padha ngandela, marga saka pandamel-pandamel iku. 12Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa pracaya marang Aku, iku bakal nindakake uga panggawe-panggawe kang Daklakoni, malah panggawe-panggawe kang luwih wigati katimbang karo iku. Awit Aku lunga menyang ing ngarsane RamaKu; 13lan apa bae kang koksuwun atas saka jenengKu, Aku bakal ngleksanani, supaya Sang Rama kaluhurna ana ing Sang Putra. 14Manawa kowe padha nyuwun apa-apa marang Aku atas saka jenengKu, iku Aku kang bakal ngleksanani.”
Gusti Yesus njanjekake Sang Juru Panglipur
14:15-31
15“Manawa kowe padha tresna marang Aku, padha netepana pepakonKu. 16Aku bakal nyuwun marang Sang Rama, nuli kowe bakal padha diparingi Sang Juru Panglipur liyane, supaya Panjenengane nunggala karo kowe, 17iya iku Rohing Kayekten. Jagad ora bisa nampani Panjenengane, amarga jagad ora nyumurupi lan ora wanuh karo Panjenengane, nanging kowe padha wanuh marang Panjenengane, amarga Panjenengane nunggil karo kowe lan bakal dedalem ana ing kowe.
18Kowe ora bakal Daktinggal lola, Aku bakal mbaleni kowe. 19Kurang sadhela lan jagad ora bakal ndeleng Aku maneh, nanging kowe ndeleng Aku, awit Aku urip, lan kowe iya bakal urip. 20Ing wektu iku kowe bakal padha nyumurupi, yen Aku ana ing RamaKu lan kowe padha ana ing Aku, tuwin Aku ana ing kowe.
21Sing sapa nggondheli pepakonKu kalawan ditetepi, iya iku kang tresna marang Aku. Lan sing sapa tresna marang Aku, iku bakal dikasihi dening RamaKu sarta iya bakal Dakkasihi sarta Aku bakal nglairake sariraKu marang wong iku.” 22Yudas, dudu si Iskariot, tumuli munjuk marang Gusti Yesus: “Gusti, sababipun punapa dene paduka badhe nglairaken sarira Paduka dhateng kawula sadaya, lan boten dhateng jagad?” 23Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa ana wong kang tresna marang Aku, iku bakal netepi ing pituturKu sarta bakal dikasihi dening RamaKu lan Aku karo Sang Rama bakal padha ngrawuhi sarta makuwon ana ing wong iku. 24Sing sapa ora tresna marang Aku, iku ora netepi ing pituturKu; lan pituturKu kang kokrungu iku ora saka Aku, nanging saka Sang Rama kang ngutus Aku.
25Kabeh iku mau Dakwarahake marang kowe, mumpung Aku isih nunggal karo kowe; 26nanging Sang Juru Panglipur, iya iku Sang Roh Suci, kang bakal diutus dening Sang Rama atas saka jenengKu, iku kang bakal mulangake samubarang kabeh marang kowe sarta bakal ngelingake kowe sabarang kang wus Dakwulangake marang kowe.
27Kowe padha Daktinggali tentrem-rahayu. Tentrem-rahayuKu Dakwenehake marang kowe, lan apa kang Dakwenehake iku ora kaya pawewehe jagad marang kowe. Atimu aja melang-melang lan aja giris. 28Kowe wus padha krungu, yen Aku wus kandha marang kowe: Aku lunga, nanging bakal nekani kowe maneh. Manawa kowe tresna marang Aku, kowe mesthi padha bungah dene Aku lunga menyang ngarsane Sang Rama, sabab Sang Rama iku ngluwihi Aku. 29Lan saiki uga kowe padha Daktuturi sadurunge bab iku kalakon, supaya samangsa kalakon, kowe padha pracaya. 30Aku ora rembugan akeh maneh karo kowe, awit panggedhene jagad iki teka lan iku ora duwe wewenang sathithik-thithika ing ngatase Aku. 31Nanging supaya jagad sumurupa, yen Aku tresna marang Sang Rama sarta manawa Aku nglakoni samubarang kabeh kang didhawuhake Sang Rama marang Aku, mara ngadega, ayo padha lunga saka ing kene.”
1“Aku iki wit anggur kang sajati, sarta RamaKu iku kang among tani. 2Saben pang kang ana ing Aku kang ora metu wohe, dipagas lan kang metu wohe, diresiki, supaya mundhaka akeh wohe. 3Kowe iku wus padha resik awit saka pitutur kang wus Dakwulangake marang kowe. 4Kowe tetepa dumunung ing Aku lan Aku ana ing kowe. Padha kaya pang ora bisa metu wohe saka awake dhewe, manawa ora tetep dumunung ana ing wit anggur, mangkono uga kowe ora bisa metokake woh manawa ora tetep dumunung ana ing Aku. 5Aku iki wite anggur lan kowe pang-pange. Sing sapa tetep dumunung ana ing Aku, lan Aku ana ing dheweke, iku kang metu wohe akeh, awit manawa tanpa Aku, kowe padha ora bisa tumindak apa-apa. 6Sing sapa ora tetep dumunung ana ing Aku, iku dibuwang metu kaya pang mau, temah dadi garing, tumuli padha dikukupi lan banjur dicemplungake ing geni, sarta diobong. 7Manawa kowe padha tetep dumunung ana ing Aku lan pituturKu tetep dumunung ana ing kowe, padha nyenyuwuna apa bae kang kokkarepake mesthi bakal katurutan. 8Kang dadi margane RamaKu kaluhurake, yaiku manawa kowe padha metokake woh akeh; sarta marga saka mangkono kowe padha tetela yen dadi siswaKu.”
Dhawuh supaya padha tresna-tinresnan
15:9-17
9“Kaya Sang Rama wus ngasihi Aku, mangkono uga Aku iya wus ngasihi kowe; padha tetepa dumunung ing sihKu iku. 10Manawa kowe netepi pepakonKu, kowe mesthi padha tetep dumunung ing sihKu, padha kaya anggonKu wus netepi dhawuhe RamaKu lan tetep dumunung ing sihe.
11Kabeh iku Daktuturake marang kowe, supaya kabungahanKu dumununga ing kowe lan kabungahanmu dadia sampurna. 12PepakonKu iku mangkene, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana, dikaya anggonKu wus nresnani kowe. 13Ora ana katresnan kang gedhene ngluwihi katresnaning wong kang ngetohake nyawane kanggo nglabuhi mitra-mitrane. 14Kowe iku mitraKu, manawa kowe padha nglakoni pepakonKu marang kowe. 15Aku ora ngarani abdi maneh marang kowe, sabab abdi iku ora sumurup marang panggawene bendarane, nanging kowe wus padha Dakarani mitra, jalaran sabarang kang wus Dakrungu saka RamaKu, iku wus Daksumurupake kabeh marang kowe. 16Dudu kowe kang padha milih Aku, nanging Aku kang milih kowe. Sarta Aku wus netepake, supaya kowe padha lunga lan metokake woh lan wohmu iku lestaria, dimen kowe padha kajurungana apa kang koksuwun marang Sang Rama atas saka jenengKu. 17Iki pepakonKu marang kowe: Padha tresna-tinresnanana.”
Sengite jagad marang Gusti Yesus lan para sakabate
15:18-27
18“Manawa kowe padha disengiti dening jagad, wruhanamu yen Aku wus disengiti sadurunge kowe. 19Saupama pinangkamu saka ing jagad, mesthi jagad tresna marang kowe awit dadi duweke, nanging sarehne pinangkamu ora saka ing jagad, malah Aku wus milihi kowe saka ing jagad, mulane jagad sengit marang kowe. 20Padha elinga marang pitutur kang wus Dakwulangake marang kowe: Kang jeneng abdi iku ora ngungkuli bendarane. Manawa Aku iki wus dikaniaya, kowe iya mesthi bakal dikaniaya; manawa iku padha netepi dhawuhKu, mesthi iya netepi pituturmu. 21Nanging iku kabeh bakal katandukake marang kowe marga saka Aku, awit padha ora wanuh marang Panjenengane kang ngutus Aku. 22Saupama Aku ora teka lan ora mituturi wong-wong iku, mesthi ora padha gawe dosa. Nanging saiki wong-wong iku ora duwe alasan ing bab dosane. 23Sing sapa sengit marang Aku, iya sengit marang RamaKu uga. 24Saupama Aku ora nindakake panggawe ana ing antarane kang durung tau ditindakake dening wong liya, mesthi ora padha dosa. Nanging saiki sanadyan wus padha weruh marang iku kabeh, ewadene iya padha sengit marang Aku lan marang RamaKu. 25Nanging kang mangkono iku supaya kayektenana pangandika kang katulisan ing kitab Toret surasane: Tiyang-tiyang punika sami sengit dhateng Kawula tanpa sabab.
26Manawa Sang Juru Panglipur kang bakal Dakutus saka Sang Rama rawuh, iya iku Rohing kayekten kang miyos saka Sang Rama, iku bakal nekseni bab ing ngatase Aku. 27Ananging kowe iya kudu padha dadi seksi, marga kowe padha nunggal karo Aku wiwit wiwitan mula.”
1“Kabeh iku Daktuturake marang kowe, supaya kowe aja padha kacuwan lan nampik marang Aku. 2Kowe bakal padha disebratake, malah bakal tumeka ing wektune saben wong kang mateni kowe, padha rumangsa yen saos pangabekti marang Gusti Allah. 3Wong-wong iku tumindak mangkono, awit ora padha wanuh marang Sang Rama lan uga ora wanuh marang Aku. 4aNanging kabeh iki Daktuturake marang kowe, supaya manawa tekan ing titimangsane kowe padha eling, yen kowe wus padha Dakkandhani.”
Pakaryane Sang Juru Panglipur
16:4b-15
4b“Prakara iki ora Daktuturake marang kowe saka wiwitan mula, awit nganti saiki Aku isih tetunggalan karo kowe, 5nanging saiki Aku lunga menyang ing ngarsane Panjenengane kang wus ngutus Aku, lan panunggalanmu ora ana kang takon marang Aku: Paduka tindak dhateng pundi? 6Ananging marga kowe padha Dakkandhani bab iku mau, temah atimu sedhih. 7Nanging kang Dakpituturake marang kowe iki bener: Luwih maedahi marang kowe, manawa Aku lunga. Jalaran manawa Aku ora lunga, Sang Juru Panglipur iku ora bakal ngrawuhi kowe, nanging manawa Aku lunga, Sang Juru Panglipur Dakutus marang kowe. 8Dene iku sarawuhe, bakal ngyakinake marang jagad bab dosa, bab kayekten, lan bab pangadilan; 9bab dosa, amarga padha tetep ora pracaya marang Aku. 10Bab kayekten, awit Aku lunga marang ing ngarsane Sang Rama lan kowe padha ora ndeleng Aku maneh; 11bab pangandilan, amarga panggedhene jagad iki wus diadili.
12Isih akeh prakara kang prelu Daktuturake marang kowe, nanging saiki kowe durung bisa nggayuh. 13Nanging yen Sang Juru Panglipur iku rawuh, iya iku Rohing Kayekten, iku bakal nuntun kowe marang kayekten sasampurnane. Awit mungguh pamangsite iku ora bakal saka karsane piyambak, nanging sapamirenge iku kang bakal diwangsitake sarta kowe bakal diwartani bab-bab kang bakal kalakon. 14Panjenengane bakal ngluhurake Aku, amarga bakal martosake marang kowe apa kang katampi saka Aku. 15Apa sakagungane Sang Rama, iku iya duwekKu; mulane Aku pitutur: Sang Juru Panglipur bakal martosake marang kowe apa kang wus katampi saka Aku.”
Kasusahan sadurunge menang
16:16-33
16“Mung kari sadhela kowe nuli bakal ora padha ndeleng marang Aku. Lan sadhela engkas banjur bakal padha ndeleng Aku maneh.” 17Krungu kang kaya mangkono iku sakabate ana sawatara kang tumuli padha rasanan: “Apa ta tegese pangandikane marang aku: Kari sadhela nuli kowe padha ora ndeleng marang Aku, sadhela engkas banjur padha ndeleng Aku maneh? Lan maneh: Aku lunga menyang ngarsane Sang Rama?” 18Pangucape: “Apa ta tegese pangandika: Mung kari sadhela? Aku padha ora ngreti apa kang dipangandikakake iku.” 19Gusti Yesus mirsa, yen para sakabate padha sumedya munjuk miterang marang Panjenengane, banjur ngandika: “Kowe apa padha rasanan bab pituturKu mau: Mung kari sadhela nuli kowe padha ora ndeleng Aku lan sadhela engkas banjur bakal padha ndeleng Aku maneh? 20Satemen-temene Aku pitutur ing kowe: Kowe bakal padha nangis lan sesambat, nanging jagad bakal bungah; kowe bakal padha nandhang susah, nanging kasusahanmu bakal salin dadi kabungahan. 21Mungguh wong wadon samasa lagi nglarani, iku ngrasakake susah, nanging samasa wus nglairake bayine, wus ora kelingan maneh marang larane, marga saka bungahe dene ana manungsa kalairake ing donya. 22Mangkono uga kowe samengko iya padha nandhang susah, nanging Aku bakal nemoni kowe maneh temahan bakal padha bungah atimu lan ora ana wong siji-sijia kang bisa ngilangake kabungahanmu iku. 23Lan ing dina iku kowe ora bakal padha miterang apa-apa marang Aku. Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sabarang kang koksuwun marang Sang Rama, iku bakal kaparingake atas jenengKu. 24Nganti saprene kowe durung tau nyuwun apa-apa atas saka jenengKu. Padha nyenyuwuna, kowe mesthi bakal padha kaparingan supaya sampurnaa kabungahanmu.
25PituturKu marang kowe iku mau kabeh adhapur pasemon. Bakal ana wektune anggonKu mituturi kowe ora adhapur pasemon maneh, nanging sabarese bae anggonKu martani kowe mungguh Sang Rama. 26Ing dina iku kowe bakal padha nyenyuwun atas saka jenengKu. Lan ora Daktuturake marang kowe, yen Aku kang bakal nyuwunake kowe marang Sang Rama, 27awitdene Sang Rama piyambak ngasihi kowe, marga kowe wus padha tresna marang Aku, lan pracaya yen Aku iki pinangkane saka ing Allah. 28Aku mijil saka Sang Rama, lan wus teka ing donya; Aku ninggal donya maneh sarta bali menyang ing ngarsane Sang Rama.”
29Unjuke para sakabate: “Lah, sapunika pangandika Paduka sabaresipun kemawon, sampun boten adhapur pasemon. 30Sapunika kawula sami sumerep, bilih Paduka mirsa samukawis lan boten susah tiyang munjuk pitaken dhateng Paduka. Pramila kawula sami pitados, bilih pinangka Paduka punika saking Gusti Allah.” 31Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kowe saiki padha pracaya? 32Lah, bakal tumeka ing titi-mangsane malah iya wus tumeka, kowe padha kabuyarake ing sapara-paranmu dhewe-dhewe, lan Aku koktinggal ijen. Ananging Aku ora ijen amarga Sang Rama nunggil karo Aku. 33AnggonKu mulangake iku mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe padha oleha tentrem-rahayu ana ing Aku. Ana ing donya kowe padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahake donya.”

Pasemon bab prawan sapuluh

1 “Ing wektu ikuPasemon bab prawan sapuluh Kratoning Swarga bakal kaupamakake kaya prawan sapuluh, kang mangkat methuk panganten lanang kanthi nggawa diyan. 2Sing lima bodho, sing lima pinter. 3Prawan-prawan sing bodho mau nggawa diyane ora nganggo nggawa lenga serepan, 4dene prawan-prawan sing pinter, kajaba nggawa diyane, isih nggawa wadhah isi lenga. 5Nanging sarehne pangantene nganti suwe ora teka-teka, prawan-prawan mau padha nganthuk lan banjur turu. 6Bareng wayah tengah wengi keprungu swara wong alok-alok: Mantene teka! Padha pethuken! 7Prawan-prawan mau padha tangi lan nata diyan-diyane. 8Prawan-prawan sing bodho nembung marang prawan-prawan sing pinter: Bok aku wenehana lengamu sathithik bae, diyanku wis arep mati. 9Nanging wangsulane prawan-prawan kang pinter: Aja, mengko ora sedheng kanggo aku lan kanggo kowe. Angur menyanga enggone sing dodol, tukua dhewe. 10Nanging nalika lagi padha lunga tuku lenga, mantene teka, prawan-prawan sing wis miranti padha melu manten lumebu menyang ing pahargyan, lawange banjur dikancing. 11Sawise mangkono prawan-prawan liyane iya teka lan matur: Bandara, bandara, kawula nyuwun kori! 12Nanging wangsulane panganten lanang: Satemene pituturku marang kowe: Aku ora wanuh karo kowe. 13Mulane padha meleka, awit kowe padha ora weruh dinane lan wayahe.”

Pasemon bab dhuwit talenta
25:14-30
14“Awit bab iku kayadene wong kang arep lelungan banjur ngundangi batur-bature, padha dipasrahi barang darbeke, 15kang siji diwenehi limang talenta, sijine rong talenta, lan sijine maneh satalenta, undha-usuk kabisane, tumuli mangkat. 16Kang tampa limang talenta banjur lunga, dhuwite dilakokake, temah oleh bathi limang talenta. 17Batur kang tampa rong talenta iya nindakake kang mangkono lan oleh bathi rong talenta. 18Nanging batur kang tampa satalenta iku lunga ndhudhuk lemah gawe luwangan, dhuwite bandarane dipendhem. 19Sawise antara lawas bandarane batur-batur mau mulih, banjur etung-etungan. 20Kang tampa limang talenta ngaturake bebathen limang talenta, ature: Bandara, kula panjenengan cepengi gangsal talenta; lah punika kula angsal bathi inggih gangsal talenta. 21Wangsulane bandarane: Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe bakal dakpasrahi nindakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu. 22Kang tampa rong talenta banjur matur: Bandara, kula panjenengan pasrahi kalih talenta; lah kula angsal bathi kalih talenta. 23Wangsulane bandarane: Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe bakal dakpasrahi nindakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu. 24Wasana kang tampa satalenta uga teka lan matur: Bandara, kula sampun sumerep, bilih panjenengan punika tiyang ingkang dakwenang, dene ngeneni ingkang sanes sebaran panjenengan, saha mendheti ingkang sanes taneman panjenengan. 25Milanipun kula ajrih, kula lajeng kesah, arta panjenengan satalenta kula pendhem ing siti. Mangga, kula aturi nampeni kagungan panjenengan! 26Bandarane banjur mangsuli: Heh, batur kang ala lan kesed, kowe wis ngreti, yen aku ngeneni kang dudu sebaranku lan njupuk kang dudu tanduranku. 27Mulane benere dhuwitku koktitipake marang wong kang nglakokake dhuwit, supaya saulihku bisa tampa dhuwit iku saanakane. 28Mulane padha jupuken dhuwit satalenta iku, banjur wenehna kang duwe sapuluh talenta iku. 29Sabab sing sapa duwe, bakal kaparingan, nganti luber. Nanging sing sapa ora duwe, bakal kapundhutan sabarang darbeke kabeh. 30Anadene batur kang tanpa guna iku uncalna menyang ing pepeteng kang banget petenge. Ing kono kang ana mung tangis lan keroting untu.”
Bab pangadilan kang wekasan
25:31-46
31 “Besuk manawa Putraning Manungsa rawuh ngagem kamulyane lan sakabehing malaekat padha ndherekake, Panjenengane banjur lenggah ing dhampar kamulyan. 32Sakehing bangsa nuli bakal kaklumpukake ana ing ngarsane lan bakal kapisah-pisah siji lan sijine, kayadene pangon anggone ndhewek-ndhewekake wedhus gembel karo wedhus jawa, 33kang gembel dipapanake ana ing tengene, dene wedhus jawa ana ing kiwane. 34Tumuli Sang Nata bakal ngandika marang kang ana tengene: Heh, para kang binerkahan dening RamaningSun, mara, padha tampanana warisan Kraton, kang wis kacawisake marang sira wiwit dumadining jagad. 35Awitdene nalika Ingsun kerapan, sira caosi dhahar; nalika Ingsun kasatan, sira caosi ngunjuk; nalika Ingsun lelana, sira caosi palereban; 36nalika Ingsun kelukaran, sira caosi pangageman, nalika Ingsun gerah, sira tiliki; nalika Ingsun kinunjara, sira sowani. 37Ing kono wong-wong kang mursid iku bakal padha munjuk: Gusti, kala punapa kawula sumerep Paduka kerapan lajeng kawula caosi dhahar, saha kasatan kawula caosi ngunjuk? 38Kala punapa kawula sumerep Paduka lelana lajeng kawula caosi palereban, saha kelukaran kawula caosi pangageman? 39Kala punapa kawula sumerep Paduka gerah utawi kinunjara, lajeng kawula sowani? 40Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun. 41Sarta Sang Nata bakal ngandika marang kang ana sisih kiwane: Sumingkira saka ing ngarsaningSun, heh, wong kang padha kena ing laknat, sumingkira menyang ing geni langgeng, kang wis kacawisake kanggo Iblis lan para malaekate. 42Sabab nalika Ingsun kerapan, sira ora nyaosi dhahar; nalika Ingsun kasatan, sira ora nyaosi ngunjuk; 43nalika Ingsun lelana, sira ora nyaosi palereban; nalika Ingsun gerah, lan ana ing pakunjaran, sira ora sowan. 44Ing kono wong-wong mau bakal padha munjuk: Dhuh, Gusti, kala punapa kawula sumerep Paduka kerapan, utawi kasatan, utawi pinuju lelana, punapa kelukaran utawi gerah, punapa wonten ing pakunjaran saha boten kawula ladosi? 45Sang Nata banjur bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira, samubarang kabeh kang ora sira tindakake kanggo salah sawijining wong kang asor dhewe iki, iku iya ora sira tindakake kagem Ingsun. 46Wasana wong-wong iku bakal lumebu ing siksa langgeng, dene wong kang mursid iku bakal lumebu ing urip langgeng.”