Skip to content
1Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Menjangan wadon ing wayah bangbang wetan. Masmur anggitane Prabu Dawud.
2 Dhuh Allah kawula, Allah kawula, punapaa dene kawula Paduka tegakaken?
Kawula munjuk kalayan sora, nanging Paduka tetep tebih saha boten mitulungi kawula.
3Dhuh Allah kawula, ing wanci siyang kawula sesambat,
nanging Paduka boten paring wangsulan,
ing wanci dalu makaten ugi, nanging kawula inggih boten tentrem.
4Mangka Paduka punika Ingkang Mahasuci ingkang lenggah
ing dhamparing kidung-pangalembananipun Israel.
5Para leluhur kawula sami kumandel dhumateng Paduka;
sami kumandel dhumateng Paduka, nunten Paduka luwari;
6Paduka ingkang dipun sebut, lajeng Paduka entasaken;
sami pitados dhumateng Paduka, lan sami boten kawirangan.
7Nanging kawula punika cacing, sanes manungsa,
dados cacadaning tiyang, cinampahan ing tiyang kathah.
8 Tiyang ingkang nyawang dhateng kawula sami moyoki sadaya,
kalawan ngencepi tuwin gedheg-gedheg, tembungipun makaten:
9 “Wong sumendhe marang Sang Yehuwah, cikben dientasake ing Panjenengane,
cikben Panjenengane kang ngluwari! Wong iku rak dadi renaning panggalihe ta?”
10Inggih, saestu Paduka ingkang nglairaken kawula saking guwa garba;
Paduka ingkang murugaken kawula tentrem wonten ing dhadhanipun biyung kawula.
11Wiwit lair mila kawula kasaosaken dhumateng Paduka,
wiwit nalika kawula wonten ing kandhutaning biyung kawula,
Paduka dados Allah kawula.
12Mugi-mugi Paduka sampun ngantos nebihi kawula,
amargi kasisahan sampun celak,
mangka boten wonten ingkang mitulungi.
13Lembu-lembu jaler kathah ingkang sami ngrubung kawula;
kawula kinepang ing lembu-lembu jaler saking Basan;
14anggenipun sami ngangapaken cangkemipun dhateng kawula
prasasat singa ingkang nubruk lan nggero.
15Kawula ingesokaken kados toya,
sakathahing balung kawula sami pisah saking ros-rosanipun;
manah kawula kados lilin,
leleh wonten ing batos kawula;
16kakiyatan kawula garing kados beling,
ilat kawula kraket ing cethak kawula,
sarta Paduka ingkang nyelehaken kawula wonten ing lebuning pejah.
17Amargi kawula karubung ing segawon,
grombolaning durjana ngepang kawula,
sami nyuduki tangan saha suku kawula.
18Balung-balung kawula saged kawula etang sadaya;
tiyang-tiyang sami ningali, sami nyawang kawula.
19 Sandhangan kawula sami dipun dumdum,
saha jubah kawula dipun gebag ing dhadhu.
20Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, mugi Paduka sampun nebih saking kawula;
dhuh karosan kawula, mugi enggal karsaa mitulungi kawula!
21Kawula mugi Paduka uwalaken saking pedhang,
saha nyawa kawula saking cengkeremaning segawon.
22Mugi ngluwari kawula saking cangkeming singa,
tuwin saking singating bantheng.
Paduka sampun paring wangsulan dhumateng kawula!
23 Kawula badhe martosaken asma Paduka dhateng para sadherek kawula,
Paduka badhe kawula puji wonten ing tengahipun pasamuwan:
24he para wong kang ngabekti marang Sang Yehuwah,
padha nyaosna puji marang Panjenengane,
he sakehing turune Yakub, padha nyaosna urmat marang Panjenengane;
he sakehing turune Israel, padha duwea wedi asih marang Panjenengane.
25Amarga Panjenengane ora mastani asor lan ora jijik
marang kanisthane wong kang katindhes,
sarta ora ngaling-alingi wedanane,
lan miyarsakake nalikane wong mau sesambat nyuwun tulung marang Panjenengane.
26Margi saking Paduka kawula memuji-muji wonten ing pasamuwan ingkang ageng;
nadar kawula badhe kawula luwari wonten ing ngajengipun para tiyang ingkang sami ngabekti dhumateng Paduka.
27Wong andhap asor bakal padha mangan nganti wareg,
wong kang ngupaya Sang Yehuwah bakal ngalembana Panjenengane;
atimu cikben urip ing salawase!
28Poncot-poncoting bumi bakal eling marang iku
lan banjur mratobat marang Sang Yehuwah;
Para bangsa turun-tumurun badhe sami sujud nyembah wonten ing ngarsa Paduka.
29Amarga Sang Yehuwah kang kagungan karaton,
Panjenengane kang ngereh bangsa-bangsa.
30Wong gumedhe ing bumi bakal padha sujud nyembah kabeh marang Panjenengane,
para wong kang tumurun ing lebu lan ora bisa nyambung uripe bakal padha jengkeng ana ing ngarsane.
31Para tedhak-turune padha ngabekti marang Panjenengane,
sarta martakake bab Sang Yehuwah marang para turune.
32Iku kabeh bakal padha martakake kaadilane
marang bangsa kang mengko bakal lair,
marga iku wus katindakake dening Panjenengane.