Skip to content

1Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh iku, banjur minggah ing gunung lan sawise lenggah, para sakabate padha ngadhep ing ngarsane. 2Tumuli Gusti Yesus medhar pangandika, paring piwulang, pangandikane:

3“Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit iku kang padha nduweni Kraton ing Swarga.

4 Rahayu wong kang prihatin, awit iku bakal padha kalipur.

5 Rahayu wong kang alus ing budi, awit iku bakal padha tampa warisan bumi.

6 Rahayu wong kang kaluwen lan ngelak marang kasampurnan, awit iku kang bakal padha kawaregan.

7Rahayu wong kang ambek welasan, awit iku bakal padha oleh piwelas.

8 Rahayu wong kang resik atine, awit iku bakal padha sumurup marang Allah.

9Rahayu wong kang dhemen ngrukunake, awit iku bakal padha kasebut para putraning Allah.

10 Rahayu wong kang dikaniaya marga saka kayekten, awit iku kang padha nduweni Kratoning Swarga.

11 Rahayu kowe, manawa marga saka Aku kowe diwewada lan dikaniaya sarta dipitenah.

12 Padha bungaha lan sukarenaa, sabab gedhe ganjaranmu ana ing swarga, awit iya kaya mangkono anggone wong-wong padha nganiaya para nabi sadurunge kowe.”

Bab uyahing bumi lan pepadhanging jagad

5:13-16

13 “Kowe iku padha dadi uyahing bumi. Lah yen uyah iku ilang asine, apa kang kanggo mulihake asine? Wis ora ana gunane maneh kajaba mung dibuwang lan diidak-idak ing wong.

14 Kowe iku padha dadi pepadhanging jagad. Kutha kang ana ing dhuwur gunung iku ora bisa kaling-kalingan. 15Lan maneh wong nyumed diyan iku ora banjur dikurebi tompo, nanging ditumpangake ing jodhog, supaya bisa madhangi wong saomah kabeh. 16Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu kang ana ing swarga.”

BAB NETEPI ANGGER-ANGGER

5:17-48

Bab kabeneran kang sampurna

5:17-20

17“Kowe aja padha duwe pangira, yen tekaKu iku arep nyuwak Toret utawa kitabe para nabi. TekaKu ora nyuwak, nanging malah nindakake. 18Awit satemene pituturKu marang kowe: Nganti sirnane langit lan bumi iki, angger-angger ora bakal sirna saiyot utawa sacorek, sadurunge iku kabeh kalakon. 19Mulane sing sapa ngorakake salah sawijining pepakon iki, sanadyan kang cilik dhewe, sarta memulang mangkono marang wong, iku bakal oleh papan kang asor dhewe ana ing Kratoning Swarga. Nanging sing sapa nindakake lan mulangake kabeh pepakoning Toret, iku bakal oleh papan kang dhuwur ana ing Kratoning Swarga. 20Mulane pituturKu marang kowe: Manawa kasampurnanmu ora ngungkuli kabeneraning para ngulama lan para wong Farisi, kowe mesthi ora bakal lumebu Kratoning Swarga.”

Bab memateni

5:21-26

21  “Kowe wus padha krungu, yen para leluhur padha kaparingan pangandika mangkene: Sira aja memateni, sing sapa memateni kudu diukum. 22Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa nepsu marang sadulure, kudu diukum; sing sapa ngunekake sadulure: kapir, kudu diukum dening pangadilan agama, lan sing sapa ngunekake: gemblung, mesthi kacemplungake ing naraka murub.

23Mulane manawa kowe nggawa pisungsung menyang misbyah, mangka banjur kelingan yen sadulurmu lagi sengit karo kowe, 24pisungsungmu tinggalen ana ing ngarepe misbyah kono, nuli maranana sadulurmu mau, rukuna dhisik, sawuse banjur balia, nyaosna pisungsungmu.

25Endang rukuna karo lelawananmu nalika lagi lumaku bebarengan menyang pangadilan, supaya kowe aja nganti diladekake dening lelawananmu mau marang jaksa, jaksa banjur masrahake kowe marang pambantune, temahan kowe dilebokake ing pakunjaran. 26Satemene pituturKu marang kowe: kowe ora bakal metu saka ing kono, sadurunge kowe nyaur utangmu nganti sah.”

Bab laku jina

5:27-32

27 “Kowe wus padha krungu pangandika mangkene: Sira aja laku jina! 28Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa mandeng wong wadon kalawan nduweni krenteg marang dheweke, iku wus laku jina sajroning atine. 29Mulane manawa mripatmu tengen dadi jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka. 30Lan maneh manawa tanganmu tengen dadi jalaraning piala, kethoken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka.

31 Uga ana pangandika mangkene: Sing sapa megat bojone, kudu menehi layang pegat. 32Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat bojone ora jalaran saka laku jina, iku ndadekake bojone laku jina lan sing sapa ngrabeni wong wadon mau, dadi laku jina.”

Bab supata

5:33-37

33 “Kowe wus padha krungu, yen para leluhur padha tampa pangandika mangkene: Aja nglairake sumpah palsu, nanging tetepana sumpahira ana ing ngarsaning Pangeran. 34Nanging Aku malah pitutur marang kowe: Aja supata babar pisan, dadia demi swarga, awit iku dhamparing Allah, 35dadia demi bumi, awit iku ancik-anciking sampeyane, dadia demi Yerusalem, awit iku kuthane Sang Nata Agung. 36Iya aja supata demi sirahmu, awit kowe ora bisa mutihake utawa ngirengake rambutmu saeler bae. 37Yen iya, kandhaa: iya, yen ora, kandhaa: ora. Saluwihe saka iku, asale saka pangawak dursila.”

Bab wewales

5:38-42

38 “Kowe wus padha krungu pangandika mangkene: Mripat winales mripat, untu winales untu. 39Nanging Aku pitutur marang kowe: Kowe aja nglawan marang wong kang gawe piala marang kowe, malah sapa kang nangani pipimu tengen, pipimu kiwa uga ulungna pisan. 40Lan manawa ana wong kang arep prakaran karo kowe, sedyane ngepek klambimu, jubahmu pasrahna pisan. 41Apadene manawa kowe dipeksa dikon ngiringake lakune wong samil, iringna nganti rong mil. 42Yen ana wong njejaluk marang kowe, wenehana lan aja nulak wong kang arep utang marang kowe.”

Bab tresna ing sapadha-padha

5:43-48

43 “Kowe iya wus padha krungu pangandika: Sira tresnaa marang sapepadhanira lan sengita marang mungsuhira! 44Nanging Aku malah pitutur marang kowe: Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowe padha dongakna slamet, 45supaya kowe padha katitika, yen dadi putrane Ramamu kang ana ing swarga, kang mlethekake srengenge marang wong ala lan wong becik, sarta nurunake udan marang wong kang ambek adil lan kang ora. 46Dene manawa kowe tresna marang wong kang nresnani kowe, iku kowe oleh pituwas apa? Para juru-mupu-beya rak ya tumindak mangkono, ta? 47Lan manawa kowe aweh salam mung marang sadulur-sadulurmu bae, kaluwihanmu apa? Wong kapir rak ya tumindak mangkono, ta? 48Mulane kowe padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna.”

“Padha dieling, aja padha nglakoni kawajibaning agamamu ana ing sangareping wong, supaya katona ing wong iku, awit yen mangkono, kowe ora bakal oleh peparing apa-apa saka Ramamu kang ana ing swarga. 2Mulane yen kowe dedana, aja kokjuwarakake kaya adate para wong lamis ana ing papan-papan pangibadah lan ing lurung-lurung, pamrihe supaya dialem ing wong. Satemene Aku pitutur marang kowe, iku wus padha tampa pituwase. 3Nanging manawa kowe dedana, tanganmu kiwa aja nganti sumurup apa kang ditindakake tanganmu tengen. 4Dadi anggonmu dedana iku aja nganti katon; Ramamu kang nguningani tindakmu kang ora katon iku, bakal paring piwales marang kowe.”

Bab ndedonga

6:5-15

5 “Dene manawa kowe padha ndedonga, aja kaya para wong lamis, amarga iku padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ing papan-apan pangibadah lan ing pojok-pojoking lurung, pamurihe supaya katona ing wong. Satemene pituturKu marang kowe: Iku wus padha tampa pituwase. 6Nanging manawa kowe ndedonga, lumebua ing kamarmu, lawange inebna, banjur ndedongaa marang Ramamu kang ora katon. Dene Ramamu kang mirsa tindakmu kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.

7Apamaneh, sajrone ndedonga, aja nganggo tembung akeh-akeh kaya adate wong kapir, awit iku padha nduweni pangira, yen marga saka akehing tembunge, pandongane bakal kabul. 8Dadi aja tiru-tiru wong iku, awit Ramamu mirsa apa sing kokbutuhake, sadurunge kowe matur. 9Marga saka iku ndedongaa mangkene:

Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga,

Asma Paduka mugi kasucekaken.

10Kraton Paduka mugi rawuh.

Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi

kadosdene wonten ing swarga.

11Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika.

12Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.

13Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. [Awitdene Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun. Amin.]

14 Sabab, manawa kowe padha ngapura kaluputaning wong, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura marang kowe. 15Nanging manawa kowe ora ngapura marang wong, Ramamu iya bakal ora ngapura kaluputanmu.”

Bab pasa

6:16-18

16“Anadene manawa kowe padha pasa, ulatmu aja kokgawe aclum kaya para wong lamis, awit iku padha nyengungusake ulate, supaya wong-wong padha weruh yen lagi pasa. Satemene pituturKu marang kowe: iku wus padha tampa pituwase. 17Nanging kowe manawa pasa, sirahmu lenganana lan raupa, 18supaya anggonmu pasa aja katara marang wong, ngemungna kauningan ing Ramamu kang ana ing papan kang ora katon. Ing mengko Ramamu kang mirsa kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.”

Bab nglumpukake bandha lan bab diyaning badan

6:19-23

19  “Aja padha nglumpukake bandha ana ing donya; ana ing donya bakal kena ing renget lan taiyeng kang ngrusak, sarta bisa katekan maling kang mbabah lan nyolong. 20Nanging padha nglumpukna bandha ing swarga, kang ora bakal kena ing renget lan taiyeng kang ngrusak lan ora bakal katekan maling kang mbabah lan nyolong. 21Amarga ing ngendi dununge bandhamu, iya ana ing kono dununge atimu.

22 Diyaning badan iku mripat; manawa mripatmu waras, badanmu sakojur kapadhangan. 23Nanging manawa mripatmu cacad, badanmu dadi peteng kabeh. Dadi manawa pepadhang kang ana ing kowe dadi peteng, saiba ta petenge iku.”

Bab ngrangkep pangawulan lan bab sumelang

6:24-34

24“Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarane kang siji bakal disengiti; sijine ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Kowe ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.

25Mulane Aku pitutur marang kowe: Aja padha sumelang ing bab uripmu, bab apa kang bakal kokpangan utawa kokombe, lan bab badanmu, apa kang bakal kokanggo. Ajine urip iku apa ora ngungkuli pangan, lan ajine badan ngungkuli sandhangan? 26Padha delengen manuk-manuk ing awang-awang, padha ora nyenyebar lan ora derep, sarta ora tetandho ana ing lumbung, ewadene padha kaparingan pakan dening Ramamu kang ana ing swarga. Apa kowe ora kinacek luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku? 27Sapa ta panunggalanmu kang bisa nyambungi umure saasta bae marga saka sumelang? 28Mangkono maneh yagene kowe padha sumelang bab sandhang-panganggo? Padha nyawanga kembang bakung ing ara-ara anggone tumuwuh, ora nganggo nyambut-gawe lan ngantih. 29Ewadene Aku pitutur marang kowe: Sanadyan Raja Suleman sajrone sagunging kaluhurane, pangagemane ora madhani salah sawijining kembang iku. 30Mulane yen suket ing ara-ara kang dina iki isih ana, sesuk diobong, iku dipanganggoni nganti kaya mangkono dening Allah, saya maneh kowe, heh, wong kang cupet ing pangandel! 31Awit saka iku aja padha sumelang lan calathu: Kang padha dakpangan apa? Utawa: Kang padha dakombe apa? Lan maneh: Kang padha daksandhang apa? 32Awit iku kabeh diupaya dening para wong kapir; kowe aja mangkono, awit Ramamu ing swarga wus mirsa, yen iku mau kabeh dadi kabutuhanmu. 33Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe. 34Mulane aja padha sumelang ing bab dina sesuk, amarga dina sesuk iku kadunungan kasusahan dhewe. Kasusahan sadina, wus cukup kanggo sadina.”

1“Aja padha netepake alaning wong, supaya kowe iku aja katetepake alamu. 2Amarga wewaton kang kokanggo ngukumi ala-beciking wong, yaiku kang bakal dianggo ngukumi ala-becikmu. Sarta takeran kang kokanggo nenaker, yaiku kang bakal dianggo naker kowe. 3Kapriye dene kowe weruh tatal kang ana ing mripate sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu dhewe, kowe kok ora weruh? 4Kapriye dene kowe kok bisa kandha karo sadulurmu: Coba, tatal sing ana ing mripatmu iku dakilangane, mangka mripatmu dhewe ana glondhonge? 5Heh, wong lamis, ilangana dhisik glondhong sing ana ing mripatmu, mengko kowe bakal kanthi pramana anggonmu ngilangi tatal sing ana ing mripate sadulurmu.”

Bab barang kang suci lan pangaji

7:6

6“Bareng kang suci aja kokwenehake marang asu, lan mutyaramu aja kokuncalake marang ngarepe babi, supaya ora diidak-idak sarta banjur minger nyempal-nyempal kowe.”

Bab ngantepi ing pandonga

7:7-11

7“Padha nyenyuwuna, temah bakal kaparingan. Padha golek-goleka, temah bakal oleh. Padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan. 8Sabab saben wong kang nyuwun, bakal tampa, sing golek bakal oleh lan sing thothok-thothok iku bakal kawenganan lawang. 9Apa ana panunggalanmu kang dijaluki roti anake, kok menehi watu, 10utawa yen dijaluki iwak, kok menehi ula? 11Dadine yen kowe kang ala padha mangreti ing bab paweweh kang becik marang anak-anakmu, saya maneh Ramamu kang ana ing swarga, mesthi peparing kang becik marang wong sing padha nyenyuwun marang Panjenengane.”

Dalan kang bener

12 “Mulane apa sing kokkarepake ing bab tumindake wong marang kowe, iku iya etrapna marang wong, amarga iya mangkono iku surasane Toret lan kitabe para nabi.

13 Padha lumebua metu ing lawang kang ciyut, awit amba lawange lan jembar dalane kang anjog ing karusakan, mangka akeh wong kang padha metu ing kono. 14Kosok baline ciyut lawange lan rupit dalane kang anjog ing urip, mangka mung sathithik wong kang nemu iku.”

Piwulang kang nasar

15“Sing waspada marang para kang mindha-mindha nabi, kang padha nekani kowe kanthi nyamur dadi wedhus gembel, mangka sajatine iku asu ajag kang galak. 16Iku bakale padha katitik marang kowe saka wohe. Apa ana thethukulan eri kok awoh anggur, utawa rerungkudan kok metokake woh anjir? 17Dadine wit kang becik metokake woh becik, wit kang geringen wohe iya ora apik. 18Wit kang becik ora bisa metokake woh kang ala, lan wit kang geringen ora bisa metokake woh kang becik. 19Sarupane wit kang ora metokake woh kang becik, mesthi kategor lan banjur kacemplungake ing geni. 20Dadine wong-wong mau bakal katitik saka wohe.

21Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang Aku: Gusti, Gusti, nanging mung wong kang nglakoni sakarsane RamaKu kang ana ing swarga. 22Ing dina wekasan bakal akeh wong kang padha matur marang Aku: Gusti, Gusti, punapa kawula boten sampun medhar wangsit atas asma Paduka, sarta sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, punapa malih sampun ngawontenaken mukjijat kathah atas asma Paduka? 23Ing wektu iku bakal padha dakblakani mangkene: Aku durung tau wanuh karo kowe. Padha sumingkira saka ing ngarepKu, heh, wong kang padha gawe duraka.”

Bab ngrungokake lan nglakoni

7:24-29

24“Mulane saben wong kang ngrungokake pituturKu lan banjur dilakoni, iku kayadene wong pinter, kang ngadegake omahe ana ing padhasan. 25Bareng udan deres, banjur banjir sarta ana angin gedhe, kang nempuh omah mau, nanging ora ambruk, amarga katalesan ing padhasan. 26Nanging saben wong kang ngrungokake pituturKu mangka ora dilakoni, iku upamane kaya wong kang gemblung, kang ngadegake omahe ana ing pawedhen. 27Bareng udan deres, terus banjir, sarta ana angin gedhe, kang nempuh omah mau banjur ambruk lan banget rusake.”

28 Kacarita, bareng Gusti Yesus wus mungkasi pangandikane iku mau, wong kabeh padha gumun banget marang piwulange, 29jalaran anggone mulang kaya kang kagungan panguwasa, ora kaya para ahli Toret.