Skip to content
Tandha Ibrahim – Qur’anTandha Ibrahim – Taurat (Purwaning Dumadi 12:1-7)
Surat 3:84 (Al Imra)
“Kita iman marang Allah, lan apa sing diturunake marang kita lan apa sing diturunake marang Ibrahim, Isma’il, Ishak, Yakub, lan suku-suku, lan (kitab-kitab) sing diparingake marang Nabi Musa, Isa lan para nabi. Pangérané: Aku ora mbédakaké siji lan sijiné ing antarané, lan mung marang Allah aku padha sujud (ing Islam).
  Surat 4:54 (The Women)

Utawa apa padha meri marang manungsa marga saka kanugrahane Allah? nanging Ingsun wus paring Kitab lan Kawicaksanan marang umate Ibrahim, sarta Ingsun paringi karajan kang agung.
1 Sang Yehuwah dhawuh marang Rama Abram: “Sira lungaa ninggala tanahira, kulawangsanira lan omahe bapakira, menyanga ing nagara kang bakal Suntedahake marang sira. 2Sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe lan Sunberkahi, sarta jenengira Sundadekake luhur, tuwin sira bakal dadi berkah. 3Sapa kang mberkahi sira mesthi bakal Sunberkahi, kang ngipat-ipati sira bakal Sunipat-ipati, sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.”
4Rama Abram tumuli bidhal netepi apa kang didhawuhake dening Sang Yehuwah, sarta Lut ndherek. Rama Abram nalika bidhal saka Haran yuswane pitung puluh lima tahun. 5Dadine Rama Abram mboyongi kang garwa Sarai lan Lut kaponakane apadene sabarang kagungane sarta para abdi tumbasan saka ing Haran, banjur bidhal menyang tanah Kanaan, lan iya kelakon rawuh ing tanah Kanaan. 6Rama Abram banjur ndlajahi tanah mau nganti tutug ing panggonan ing sacedhake Sikhem, yaiku ing sacedhake wit terbantin ing More. Nalika samana kang ngenggoni tanah kono bangsa Kanaan.
7 Kacarita Sang Yehuwah nuli ngatingal marang Rama Abram sarta ngandika: “Turunira bakal Sunparingi tanah iki.” Rama Abram banjur yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah kang wus ngatingal marang panjenengane mau.